WorksheetsPAS Bhs.Jawa kls 6 Smt.2
Total questions: 40
Worksheet time: 22mins
Wacanen kanthi premati crita ing ngisor iki..!
Ingkang sepisan sumangga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawujud.Aamiin.
Tembung tinanggenah tegese....
maringi dawuh
maringi ilmu
maringi ngertos
maringi pitutur
Sepisa sumannga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ubu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawuju.Aamiin. Pidhato kaya paragraph ing ndhuwur diarani....
purwaka basa
salam pambuka
wigatining atur
wasana basa
Ingakng sepisan sumangga kita sadaya ngaturaken puji syukur dumatheng Gusti Allah ingkang sampun maringaken nikmat saengga kita saged makempal ing adicara perpisahan kelas VI.Kula siswa kls VI. Kula ingkang tinanggenah guru, makili kanca-kanca ngaturaken matur nuwun dhumateng bapak ibu guru, ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil ,saengg a cita-cita kula lan rencang-rencang saged kawujud kanthi lancar.
Isi sesorah ing ndhuwur yaiku....
pamitan arep lunga
perpisahan kelas VI
persiapan ngarepake ujian
pengumuman ujian
Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang inggil. Tembung pawiyatan tegese....
sanggar
sekolah
panggonan
padhepokan
Kula ngaturaken matur nuwun bapak ibu guru sampun kersa nggulawentah kula sakanca. Tembung nggulawentah tegese....
nyinauni
ngopeni
ngancani
ndukani
Tembung nggulawentah kalebu tembung....
andhahan
camboran
lingga
saroja
Sakdurunge gawe lan nulis sesorah , luwih dhisik gawe....
cengkorongan
irah-irahan
surasa
wasana
Khanti puja puji raharja miwah kairing jatining pakurmatan, keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh katur panjenengan sadaya.
Pratelan ing ndhuwur minangka perangan sesorah sing diarani....
wasana basa
purwaka basa
salam pambuka
salam panutup
Sumannga sesarengan kita ngunjuaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang tansah paring kabagaswarasan lan kanugrahan.
Perangan pidhto ing ndhuwur diarani....
wigatining atur
wasana basa
purwaka basa
salam pambuka
Tembung kabagaskwarasan tegese....
kaendahan
karawuhan
kinurmatan
kawilujengan
Kula sakanca namung saged ndongakaken mugi sedaya amal lan kasaenan Bapak Ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan saged nggulawentah kulo ngantos paripurna.
Tembung paripurna tegese....
disik
lekas
wiwit
wutuh / rampung
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndadosaken Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih.
Paragraph ing ndhuwur sing pidhato nyuwun....
donga pangestu
lulus sekolah
pangapunten
sekolah sing apik
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndadosaken Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih.
Solah bawa kalebu tembung....
saroja
lingga
entar
camboran
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndadosaken Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih.
Tembung penggalih ana ing paragraph ndhuwur dasanamane....
manah
netra
rikma
talingan
Tokoh pewayangan iki salah sawijining senopati Ngamarta ana ing perang Baratayudha kang arane....
Antareja
Antasena
Gatotkaca
Wisanggeni
Raden Gatotkaca duwe kaluwihan mabur ing angkasa awit duwe pusaka kang aran....
caping basunandha
kuthang antakusuma
kuku pancanaka
panah pasopati
Ibarat ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurendo, otot kawat balung wesi yen panas ora kepanasan yen udan ora kudhanan..iku gambarane Raden Gatotkaca,..sing ndadekake yen udan ora kudanan awit piyambake nggadahi pusaka....
godo wesi kuning
aji pangantholan
caping basunandha
kuthang antakesuma
Paraga wayang ing ndhuwur iki salah sawijining punakawan ing Ngamarta kang arane....
Semar
Petruk
Gareng
Bagong
Tulisan Jawa ing ndhuwur iku yen diwaca unine padha karo....
bocah sregep
bocah pinter
bocah srei
bocah bagus
Raden Werkudara yaiku satriyo kang gagah pidekso panenggake pandhawa kang nduweni pusaka arane....
caping basunandha
kuthang antakesuma
keris Nagasasra Sabukinten
Kuku Pancanaka
Tulisan jawa ing ndhuwur yen di waca padha karo....
Ki Semar Badranaya
Werkudara
Ki Hajar Dewantara
Ki Juru Mertani
Tulisan jawa ing ndhuwur yen diwaca unine pada karo....
Bapak Proklamasi
Bapak Ki Hajar Dewantara
Bapak Suwardi Suryaningrat
Bapak Suryaningrat
Jlentrehake gagasan kanthi sarana lisan ana ngarepe wong akeh diarani....
deklamasi
darama
geguritan
sesorah
Nalika awak dhewe nindaake sesorah ing ngarepe wong akeh , prayogane....
bisa karo dolanan
bisa sakepenake
ngadeg jejeg lan kaku
ngadeg jejeg polatane sumeh
Surasa pokok sesorah ing acara perpisahan kelas VI yaiku....
kabecikan
pamitan
pitutur
wejangan
Perangan sesorah kang isine njaluk ngapura kabeh kaluputan kalebu perangan....
pambuka
salam
surasa
wasana
Pacelathon kang ditindaake kanthi ngomong dewekan diarani....
dialog
prolog
monolog
pidhato
Rani :" Bu, dinten niki ibu masak punapa?"
Ibu : " Saiki ibu masak hemenanmu."
Rani : "Masak soto?"
Ibu : "Iya,Ndhuk...."
Rani : " Wah ,Masakan ibu mesti...."
Pacelathon ing ndhuwur supaya bener diiseni nganggo tembung....
asin
legi
echo
seneng
Toni mangkat sekolah nggawa samparan kanggo kerja bakti. Tembung samparan tegese padha karo....
sapu
kemoceng
engkrak
arit
Ukara ing ngisor iki sing migunakake basa ngoko alus kang bener, yaiku....
Nalika ibu sare, aku adus.
Nalika ibu sare, aku siram
Nalika ibu sare, aku dhahar
Nalika ibu merem, aku adus
Dasanamane siwi, yaiku....
anak
bapak
ibu
simbah
Suasana dadi tintrim, kabeh uwong padha kuwatir awit bebaya iki. Bebaya iki wis gawe wong sak ndonya padha sibuk lan ribet anggone golek upaya ben ora katularan virus kang arane covid-19 utawa virus corona kang biso ndadeake uwong tumekeng pati. Irah-irahan pargraph ing ndhuwur kang trep yaiku....
Wong padha mati
Ngupaya sehat
Wabah Corona
Wong padha ribet
Tembung dialog manawa ing basa Jawa diarani....
ngomong
pacelathon
ngendikan
cerita
Guneman karo kanca kang wis padha tepung, lumrahe nganggo basa....
krama alus
krama inggil
ngoko alus
krama
Putrane Pak Imam sing wuragil pancen baut ing babagan bekso. Tembung wuragil tegese....
mbarep
keri
pinter
sopan
Bu Tina menyang pasar nggawa tas.
Ukara ing ndhuwur menawa didadekake krama alus dadine....
Bu Tina menyang peken ngasta tas
Bu Tina tindak pasar ngasta tas
Bu Tina tindak peken nggawa tas
Bu Tina tindak peken ngasta tas
Pak Sugiman lagi ngluku sawah.
Ukara pitakon kang wangsulane ana ndhuwur kang trep yaiku....
Ning endhi Pak Sugiman ngluku sawah ?
Karo sapa Pak Sugiman ngluku?
Apa kang lagi ditindaake Pak Sugiman ?
Kapan Pak Sugiman ngluku?
" Gusti Allah ingkang Akarya Jagad " Akarya jagad tegese....
Sing Duwe Jagad
Sing Gawe Jagad
Sing Ngopeni Jagad
Sing Ngrusak Jagad
Aksara Jawa iku jenenge....
Hanacaraka
Legena
Dentawyanjana
Ajisaka
Urutan cengkorongane sesorah kang bener yaiku....
Salam-atur pakurmatan-surasa-pambuka-panutup-salam panutup.
Salam-atur pakurmatan-pambuka-surasa-panutup-salam panutup.
Salam-atur pakurmatan-surasa-pambuka-salam panutup-panutup
Salam-surasa-atur pakurmatan--pambuka-panutup-salam panutup.
