NEW
Font size
WorksheetsJAWA DRAMA KELAS XI
Total questions: 15
Worksheet time: 9mins
Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh utawa paraga swasana lan bibit kawit tumuju crita sabanjure.
Jlentrehan kuwi kalebu struktur drama bageyan....
Jejer
Pasulayan
Pangudharan
Drama
Macapat
Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para paraga.
Jlentrehan kasebut kalebu struktur drama ...
Jejer
Pasulayan
Pangudharan
Drama
Macapat
Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, yaiku struktur drama bageyan ....
Jejer
Pasulayan
Pangudhare prakara
Drama
Macapat
"Mbak, aku mengko bengi arep neng omah wae. Mergane aku dadi warga sing nurut karo pamarintah supaya mutus tali penyebaran virus Corona", omonge Adikku.
Ukara kuwi kalebu ukara ....
Langsung
Ora langsung
Ora efektif
Padinan
Resmi
Ing ngisor iki sing ora kalebu cirine basa lisan yaiku ....
Diucapake langsung
Ora Efektif
Ukarane cendhak-cendhak lan ora jangkep
Lagune ukara kudu situasional
Kaiket dening aturan panulisan
Wacanen pedhotan drama ini ngisor iki!
(1) Ridho : Rik, piye kabarmu? Kok tambah ayem ketoke?
(2) Ririk : Alhamdulillah. Gusti Allah sik ngewehi kasarasan dadi aku sik sehat bugar.
(3) Ridho : Rik, Sakjane ngene loh. Aku kate nyilih dhuwit. 500 juta wae. Enek ra?
(4) Ririk : Byuh... Piye yo. Hapemu, Laptopmu koyone gambare apel krowak. Tapi aku duwe ide kanggo awakmu Dho.
(5) Ridho : Kepriye Rik?
(6) Ririk : Ayo melu aku nang ngarepe toko GM?
(7) Ridho : Nyapo?
(8) Ririk : Nggadekno HP karo Laptopmu.
Sing kalebu ukara ora efektif yaiku nomer ....
1
2
3
4
5
Wacanen simulasi ing ngisor iki. Ibu ngajak anak'e menyang pasar. Banjur, anake ora sido melu.
"Aku ora sido melu, Bu. Sepurane yo, Bu?"
Ukara kasebut owahana dadi ukara nganggo basa krama...
Aku ora sios melu, Bu. Sepurane nggih, Bu?
Kula mboten sios nderek, Bu. Sepuntene nggih, Bu?
Aku mboten sios tumut, Bu. Nyuwun pangapunten, Bu?
Kula mboten sios nderek, Bu. Nyuwun pangapunten nggih, Bu?
Kula mboten sios tumut, Bu. Sepuntene loh, Bu?
“Aku mindher karo kanca-kanca kang nduwe bakat macem-macem”.
Ukara kasebut kadunungan Tembung Rangkep …
Dwilingga salin suara
Dwilingga wantah
Dwilingga Semu
Dwipurwa
Dwiwasana
Uwis telung dino iki, Mbak Santi ora mlebu sekolah amarga kena tipes. Mbakyune Raka kuwi mung isa mlumah ana peturon, awake lemes lan adhem panas. Ora duwe napsu mangan amarga lambene krasa pait. Ditambah maneh, kudu madhang nganggo bubur, malah tambah ora doyan.
(Kepingin Lara, Jaya Baya: 2019)
Struktur teks drama ing duwur kalebu perangan ….
Orientasi
Komplikasi
Resolusi
Koda
Alur
Parman: Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni: Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman: Di, Jon, nyapo meneng ae ki. wis berhasil lho.
Sardi: Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman: Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru: Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile.
Sardi: Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono : Kula nggih, Pak.
Pak Guru: Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe.
Pesan moral apa kang bisa kapetik yaiku....
Dadi uwong kuwi kudu sergep megawe supaya bisa dadi wong kang sukses.
Urip ning masyarakat ora oleh mung mentingne kekarepane dewe, amarga kita ora urip dewe ing donya.
Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.
Sekolah kuwi penting sanget, mula aja nganti ora melbu sekolah.
Urip iku kudu nduweni rasa percaya marang liyan.
Ing ngisor sing kalebu tembung rangkep dwilingga wantah, yaiku ....
Arek-arek
bolak-balik
kucar-kucur
sesepuh
andeng-andeng
Ing ngisor iki sing kalebu tembung rangkep dwilingga semu yaiku ....
Cekukruk
Cengenges
korat-karit
kocar-kacir
undur-undur
ing ngisor iki sing ora kalebu tembung rangkep dwiwasana yaiku ....
Cengenges
Celuluk
Cekukruk
Jegegrek
keprok-keprok
Sing ora kalebu tembung rangkep dwilingga salin swara yaiku ....
andheng-andheng
thuthak-thuthuk
undur-undur
alun-alun
mlaku-mlaku
Sore iku, ing ngarep omahmu, aku nyawang sak klebetan parasmu sing wis nate mesem marang aku. Rambutmu sing andhan-andhan lan esem gumuyumu sing sik ana ing sajroning atiku. Nanging, kui kabeh amung dadi pangimpenku. Aku wis ora bisa nyanding sliramu. Wis cukup aku nglarani atimu.
Struktur pedotan teks drama kuwi kalebu ....
Pasulayan
Jejer
Pangudhare prakara
Panutup/koda
Komplikasi
