wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tugas Bahasa Jawa Kelas VI

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ruwatan uga diarani tolak bala.

Tembung bala ing ukara ngarep iku tegese ....

a)

kanca

b)

mungsuh

c)

alangan

d)

baya

2.

Bocah sukerta kaanggep dadi pintane Bathara Kala.

Tembung pintane nunggal teges karo tembung ....

a)

putrane

b)

kancane

c)

bature

d)

sajene

3.

Bathara Kala klebu dewa ing pewayangan Jawa kayadene dewa-dewa kang kasebut iki, kajaba ....

a)

Bathara Bromo

b)

Bathara Penyarikan

c)

Bathara Jagabaya

d)

Bathara Indra

4.

Murih sampurnane upacara ruwatan, sing duwe kajad kudu nanggap wayang kulit.

Tembung wayang iku krama inggile ....

a)

wewayangan

b)

serat

c)

ringgit

d)

ruwat

5.

Pak Braja : "Jenengmu sapa, Le?"

Prana : " ... kula Prana."

Miturut unggah-ungguh kang bener, ceceg-ceceg ing ndhuwur iku isine ....

a)

Asma

b)

Jejuluk

c)

Nami

d)

Gelar

6.

Anak mung siji tur wadon iku sebutane ....

a)

ontang-anting

b)

unting-unting

c)

kembang tunggal

d)

kedhini

7.

Ruwatan gedhe ngindhani Bathara Kala

Sanadyan luwe kudu nuhoni watak ....

Tembung kang mathuk kanggo mbacutake parikan kasebut yaiku ....

a)

satriya

b)

daksiya

c)

cubriya

d)

raseksa

8.

Agus sowan Pak Guru badhe nyuwun tapak asta.

Tembung tapak asta nunggal teges karo tembung ....

a)

sarung tangan

b)

tanda tangan

c)

ali-ali

d)

dijiwit

9.

Ing jaman biyen, wong Jawa mligine para among tani percaya menawa sing paring berkah anggone nandur pari yaiku ....

a)

Bathari Ratih

b)

Bathari Sri

c)

Bathari Durga

d)

Bathari Supraba

10.

Sabda pandhita ratu datan kenging wola-wali. Tembung "datan kenging wola-wali" tegese padha karo ....

a)

kudu niru wali

b)

kudu dibolan-baleni

c)

ora kena mencla-mencle

d)

ora kena ditiru

11.

Bathara Kala kuwi dewa kang awujud denawa.

Denawa tegese (a)  

12.

Parikan iku tembung linggane pari.

Pari krama inggile yaiku (a)  

13.

Gong cilik, ayo padha ngumpul.

Sing dikarepake "gong cilik" ing ukara kuwi yaiku (a)  

14.

Kuntul lan bango thong-thong iku kena dienggo nyandra warna kang sarwa seta.

Tembung seta tegese (a)  

15.

Pak Sabar ngingah maesa.

Tembung maesa ngokone (a)  

16.

Kebo mangane suket, yen traktor ngombene (a)  

17.

Tembung guru jarwa dhosoke (a)  

18.

Dicritani tharik-tharik kok malah ngembang duren.

Tegese ngembang duren yaiku (a)  

19.

Anak loro lanang wadon diarani (a)  

20.

Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.

Ukara iku kalebu ....

a)

parikan

b)

wangsalan

c)

geguritan

d)

kerata basa