wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Quiz B_Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Sawijining dina, Ciung Wanara pamit marang ibune arep adu jago karo jagone raja. Jalaran Sang Raja seneng adu jago. Ciung Wanara duwe panjalukan kang dadi botohane yaiku manawa Ciung Wanara kalah, dheweke lila ngurbanake nyawane. Dene manawa jagone raja kalah, raja kudu kersa ngangkat Ciuang Wanara dadi Pangeran Kraton. Raja nyaguhi panjaluke Ciung Wanara. Pungkasane jagone Ciung Wanara sing menang. Sang raja netepi janjine mau, mula Ciung Wanara diangkat dari Pangeran Kraton.

Miturut isine wacan, cerita rakyat kasebut kalebu ....

a)

mite

b)

legendha

c)

sage

d)

fabel

2.

Upacara Tedhak Siti yaiku upacara kanggo bocah kang umure pitung sasi. Amarga bocah iku wayahe bocah ditetah, mesthi ngidah lemah. Sadurunge ngidak lemah sepisanan dianakake upacara Tedhak Siti. Urutan tedhak siti yaiku nyirami (diadusi nganggo banyu kembang), midak jadah, menek tebu wulung, dikurung ing kurungan, banjur udhik-udhik (nyebar beras kuning karo dhuwit kang minangka tandha amal lan sedhekah). Banjur ubarampe, kembang setaman, sapu gerang lan piranti sangune wong urip. Kang pungkasan sesaji awujud tumpeng kanggo ngenalake bocah marang alam lingkungan kang bakale urip.

Pratelan kang ora jumbuh karo isine wacan kasebut yaiku ....

a)

Upacara Tedhak Siti kanggo bocah umur 7 wulan

b)

Urutan sepisanan upacara Tedhak Siti yaiku diadusi

c)

Nyebar beras kuning minangka amal lan sedhekah

d)

Sesaji dicepakake kanggo para leluhur ing sarean

3.

Banyu....nalika gedhe kowe bisa mbilaeni.

Mbilaeni tegese ...

a)

dadi lelara

b)

ana gunane

c)

marai kepenak

d)

njalari cilaka

4.

Aksara jawa nglegena cacahe ana rong puluh. Dene sandhangane ana telung jinis yaiku sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, lan sandhangan wyanjana. Ing ngisor iki kang kalebu sandhangan wyanjana yaiku ....

a)

layar, wignyan, pengkal

b)

wulu, cecak, cakra

c)

suku, pangkon, taling

d)

cakra, keret, pengkal

5.

Ing ngisor iki panulisan aksara jawa kang bener yaiku ...

a)
b)
c)
d)
6.

Bumi horeg bebarengan karo swara mak gleger. Keluk ireng nggembuleng peteng. Saya dhuwur saya amba tebane mekrok kaya jamur gedhe. Gunung Kelud mbledhos dina Kemis malem Jemuwah tanggal 13 Februari 2014. Maewu-ewu watu, krikil, lan awu diwutahake saka wetenge nganti sumebar tekan ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, ning awune kagawa angin nganti Jawa Tengah lan Jawa Barat.

Gagasan pokok prastawa alam kasebut yaiku ...

a)

Gunung Kelud mbledhos dina Kemis malem Jemuwah tanggal 13 Februari 2014 ngutahake watu, krikil, lan awu

b)

Gunung Kelud mbledhos saengga bumi horeg bebarengan karo swara mak gleger lan keluk ireng nggembuleng peteng

c)

Gunung Kelud ngetokake keluk ireng nggembuleng peteng, saya dhuwur saya amba tebane mekrok kaya jamur gedhe

d)

Gunung Kelud ngutahake watu, krikil, lan awu ora mung sumebar ing tlatah Jawa Timur nanging nganti Jawa Barat

7.

Pasangan aksara jawa cacahe ana rong puluh. Pasangan aksara jawa digunakake kanggo sigeg aksara menga (nglegena). Ing ngisor iki panulisan pasangan aksara jawa kang bener yaiku ...

a)
b)
c)
d)
8.

Katrangan kang bener miturut aksara jawa ing dhuwur yaiku ...

a)

nganggo pasangan da, wa, lan tha

b)

pamacane udan deres mangsa udan

c)

nggunakake sandhangan wyanjana cakra

d)

wacane yaiku udan deres mangsa rendheng

9.

Jaran Kepang minangka kesenian kang digawe saka pring kang dinam lan diwangun dadi awujud jaran. Dolanan kang awujud jaran mau ditumpaki dening sawijining paraga. Paraga mau banjur nari kairing swara gamelan kang rancak. Jaran Kepang dipentasake ana ing ara-ara. Biyasane pamentasan Jaran Kepang dianakake acara tartamtu, kayata dina kamardikan. Pitakonan kang jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku .... kajaba

a)

Digawe saka apa kesenian Jaran Kepang iku?

b)

Ana ing ngendi Jaran Kepang dipentasake?

c)

Ing acara apa kasenian Jaran Kepang dipentasake?

d)

Pira cacahe penari ing kasenian Jaran Kepang kasebut?

10.

Malem Selikuran minangka prastawa budaya kang ditindakake Kraton Surakarta ing malem kaping selikur sasi ....

a)

Pasa

b)

Mei

c)

Sura

d)

Sawal

11.

Adipati Karna muntab saengga mbiwarakake dheweke dadi senapati. Muntab padha tegese ...

a)

seneng banget

b)

nesu banget

c)

gela tenanan

d)

sedhih tenanan

12.

Apa kang njalari gugure Raden Gathutkaca ing madyaning paprangan?

a)

kena pusakane pamane dhewe yaiku Kala Bendana

b)

kena Panah Pasopati kang ditamakake Adipati Karna

c)

kena panah Kunta Druwasa kang diarahake Kala Bendana

d)

kena Kunta Druwasa kang ngenani gulune Raden Gathutkaca

13.

Gugure Radhen Gathutkaca ndadekake sungkawa penggalihe para kadang pandhawa. Geneya bisa mangkono?

a)

Jalaran Raden Gathutkaca dadi senapati kang diadelake ngalahake para kurawa

b)

Gugure dipateni dening Karna, kang satemene isih sedulure tunggal bapak Gathutkaca

c)

Raden Gathutkaca putrane Bima, saengga kapernah ponakan karo para kadang pandhawa

d)

Raden Gathutkaca minangka kasatriya pandhawa siji-sijine kang gugur ing palagan Kurusetra

14.

Bu guru caos pirang-pirang pitakonan, kanca-kancaku padha rebutan mangsuli. Dene aku mung meneng wae. Ora ateges aku ora bisa, nanging aku rumangsa isin mangsuli. Wis akeh kanca-kancaku mangsuli pitakon kanthi bener.

Apa kang njalari paraga Aku meneng wae ora mangsuli pitakonan mencongak bu guru?

a)

ora bisa nggarap

b)

rumangsa isin

c)

wedi yen salah

d)

ndhredheg

15.

Pidhato utawa sesorah iku ngandharake sawijining bab ing ngarepe wong akeh. Bagean pidhato yaiku pambuka, isi, lan panutup. Ngaturake panyapa marang para tamu kang rawuh iku lumrahe kaandharake ing bagean ....

a)

salam pambuka

b)

isi

c)

panutup

d)

pambuka

16.

Ingkang angka setunggal kula sakanca ngaturaken agunging panuwun awit bapak ibu guru sampun caos kawruh saha seserepan kanthi sabar lan asih kangge gesang wonten ing bebrayan menika. Mugi Gusti Allah tansah paring ganjaran dhumateng bapak saha ibu sedaya.

Geneya wakil siswa kelas VI kasebut ngaturake panuwun marang bapak ibu guru?

a)

amarga wis caos kawruh lan seserepan

b)

amarga nggulawenthah suwene enem taun

c)

jalaran paring pangapura marang para murid

d)

jalaran paring donga pangestu bisa mbacutake sekolah

17.

Ingkang angka setunggal kula sakanca ngaturaken agunging panuwun awit bapak ibu guru sampun caos kawruh saha seserepan kanthi sabar lan asih kangge gesang wonten ing bebrayan menika. Mugi Gusti Allah tansah paring ganjaran dhumateng bapak saha ibu sedaya. Ingkang angka kalih kula sakanca nglenggana sadangunipun wonten madrasah menika kathah tindak-tanduk ingkang mboten mranani dhumateng penggalih panjenengan sedaya, pramila kula sakanca nyuwun agunging pangaksami. Mugi Bapak saha Ibu paring pangapunten dhumateng kula sakanca. Kula sakanca inggih nyuwun donga pangestu saking panjenengan sedaya satemah saged nglajengaken pawiyatan ingkang dados gegayuhan kula sakanca.

Ing ngisor iki kang nerangake isine sesorah kasebut yaiku .... kajaba

a)

njaluk donga pangestu

b)

nyuwun pangapura para tamu

c)

ngaturake panuwun marang bapak ibu guru

d)

paring pesen marang adhik kelas supaya mempeng

18.

Nindakake pacelathon/guneman iku kudu nggatekake unggah-ungguhe basa. Ing ngisor iki kang nerangake andharan kasebut yaiku ...

a)

omong-omongan kudu nganggo basa kang gampang dimangerteni

b)

guneman karo kang luwih tuwa ya kudu nganggo basa krama alus

c)

omong-omongan iku ditindakake paling sithik wong loro

d)

guneman kudu nggatekake cendhek dhuwure swara

19.

Kepriye bakune isi pacelathon kasebut?

a)

Rini ora diajak menyang perpustakaan

b)

Fani, Dini, lan Rini arep menyang perpustakaan

c)

Fani lan Rini arep dolan bareng menyang omahe Dini

d)

Dini ora gelem diajak Fani menyang perpustakaan

20.

Bu Lastri lunga menyang pasar tuku sayur lan bumbu.

Ukara kasebut owahana dadi basa krama alus banjur tulisen aksara jawane!

a)
b)
c)
d)