wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

MIOSI - Lat Usek Jawa (2) 2020

Total questions: 61

Worksheet time: 1hrs 1mins

Name
Class
Date
1.

Aksara Jawa kasebut yen ditulis nganggo aksara Latin, yaiku...

a)

Seneng maca buku.

b)

Iku senengane maca buku.

c)

Aku seneng maca buku.

d)

Sapa seneng maca?

2.

Supaya konsonan "r" ing tembung "Seger" bisa diwaca luluh/mati, ditulis kanthi nggunakake sandhangan.....

a)

Wignyan

b)

Pepet

c)

Layar

d)

Taling

3.

Aksara jawa uga diarani...

a)

murda

b)

legena

c)

rekan

d)

angka

4.

Tembung "Ora" yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan......

a)

Taling tarung

b)

Taling

c)

Pepet

d)

Wulu

5.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Ati daya

b)

Adi daya

c)

Ari Raya

d)

Adi Budaya

6.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Dasasila

b)

Pancasila

c)

Dasamuka

d)

Dasawarna

7.

Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung dijaga yaiku ....

a)
b)
c)
d)
8.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
9.

Tuladha ukara krama inggil

a)

Pak, awakmu dikongkon Ibu mangan

b)

Pak, sampeyan dikengken Ibu nedha

c)

Pak, panjenengan dipunaturi Ibu dhahar

d)

Pak, sampeyan dikengken Ibu dhahar

10.

Kang ora kalebu struktur teks deskripsi

a)

komplikasi

b)

Identifikasi

c)

Definisi

d)

Deskripsi Bagian

11.

Sesuk bukumu dakbalekake, ya. Tembung "dakbalekake" yen diudhal manut tembunge

a)

dak + bale + ake

b)

dak + bale + kake

c)

dak + bali + kake

d)

dak + bali + ake

12.

Pilihen (luwih saka 1) pasangan tembung Ngoko - Krama Inggil sing bener

a)

nulis - nyerat

b)

mulih - wangsul

c)

teka - rawuh

d)

budhal - tindak

13.

Cecaturan karo wong sing luwih tuwa, nanging mbasakne awake dhewe, manut unggah-ungguhe nganggo basa

a)

Ngoko Lugu

b)

Krama Andhap

c)

Krama Inggil

d)

Ngoko Alus

14.

(Jangkepana ukarane)

"Bu, panjenengan mangke .... saking sekolah jam pinten?

a)

kondur

b)

wangsul

c)

tindak

d)

bidhal

15.

(Jangkepana ukarane)

Kula mangke ...... saking sekolah jam 5 sonten

a)

kondur

b)

wangsul

c)

tindak

d)

bidhal

16.

Tuladha ukara sing bener nalika omong-omongan marang bapak

a)

Pak, ayo ta terna budhal sekolah. Selak telat iki

b)

Sampeyan karo ibu dikongkon mbenakna lampu, Pak

c)

Pak, mangga dhahar kalih sekul goreng

d)

Awakmu arep nang ndi pak? Aku melok

17.

Yen arep gawe deskripsi barang kuwi, apa wae sing ora diandharake

a)

wernane

b)

cara nggawene

c)

bahane

d)

wateke

18.

Tembung tinulis nduweni tembung lingga apa?

a)

Nulis

b)

Ditulis

c)

Tulis

d)

Nulisi

19.

Krama inggile mangan yaiku ...

a)

Nedha

b)

Sare

c)

Dhahar

d)

Mundhut

20.

Ing ngisor iki sing kalebu struktur teks deskriptif yaiku...

a)

Prastawa

b)

Orientasi

c)

Re-orientasi

d)

Identifikasi

21.

Adhik tumbas jajan, yen ibu ....gendhis

a)

Tumbas

b)

Tuku

c)

Njupuk

d)

Mundhut

22.

Struktur teks profil tokoh ana 3, yaiku orientasi , prastawa lan ...

a)

Deskripsi bagean

b)

Identifikasi

c)

Klasifikasi

d)

Re-orientasi

23.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung kriya yaiku ...

a)

Ayu

b)

Mangan

c)

Adem

d)

Panas

24.

Krama inggile kowe yaiku

a)

Sampeyan

b)

Panjenengan

c)

Dheweke

d)

Kula

25.

Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..

a)

Tema

b)

Alur/plot

c)

Paraga /pamaragan

d)

Latar/setting

26.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

27.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

28.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

29.

"Kadaluwarsa katutuh"


Ukara kasebut yen ditulis nganggo Aksara Jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)
30.

Sore mau aku bali sekolah, bapak lagi nonton tv. Yen diowahi basa krama dadi ....

a)

Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg mirsani tv

b)

Sonten wau kula kondur sekolah, bapak saweg mirsani tv

c)

Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg ningali tv

d)

Sonten wau kula kesah sekolah, bapak saweg mirsani tv

31.

Unsur Intrinsik cerkak, kejaba

a)

Alur

b)

Tema

c)

Pasulayan

d)

Tokoh

32.

Sing kalebu struktur teks cerkak yaiku

a)

Tema

b)

Tokoh

c)

Alur

d)

Pasulayan

33.

aksara jawa ing dhuwur kalebu aksara ...

a)

rekan

b)

murda

c)

swara

d)

sirah

e)

angka

34.

gambar ing dhuwur kalebu aksara ...

a)

murda

b)

rekan

c)

jawa

d)

swara

e)

sirah

35.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Tembung "kawentar" tegese....

a)

Punggawa

b)

Dikepung

c)

Terkenal

d)

Dijenengi

36.

Salah sawijine sarana sing bisa digunakake kanggo sesambungan lan menehi informasi marang wong liya lumantar tulisan diarani ….

a)

Geguritan

b)

Layang

c)

Tembang

d)

Paribasan

37.

Nyuwun pangapunten anggen kula kondur kalawau radi telat. Miturut unggah-ungguh basa tembung kondur benere ….

a)

Pinarak

b)

Mulih

c)

Wangsul

d)

Ngunjuk

38.

Tembang Dhandhanggula salah sijine saka tembang ....

a)

Maskumambang

b)

Macapat

c)

Kinanthi

d)

Pangkura

39.

Cacahe gatra/larik saben sapada/sabait ana ing tembang arane guru ....

a)

Wilangan

b)

Lagu

c)

Gatra

d)

Swara

40.

Tembang Dhandhanggula kadadean saka ... gatra

a)

10

b)

11

c)

12

d)

15

41.

……………………

Sekar wus sumawur,

ing puncaking arga,

raga bakal sirna,

sukma nuju kaendahan agung,

mendhung gumantung ing lawang,

sumilak,

…………………....


Cacahe wanda/suku kata ing gatra kapapat tembang ing ndhuwur yaiku ... wanda.

a)

11

b)

10

c)

9

d)

8

42.

Yen wong anom-anom iku

kang kanggo ing masa iki

andhap asor kang den simpar

umbag gumunggunging dhiri

obral umuk kang den gulang

kumenthus lawan kumaki.


Guru lagu lan guru wilangane tembang ing ndhuwur yaiku….

a)

8u, 8i, 8e, 8a, 8a, 8i

b)

8i, 8a, 8e, 8u, 8a, 8i

c)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

d)

8i, 8a, 8a, 8i, 8a, 8i

43.

Tembang Mijil


Dedalane wong kang dadi murid,

kudu andhap asor,

wani ngalah luhur wekasane,

aja seneng duwe watak serik,

bapang den simpangi,

ana catur mungkur.


Tembang mijil ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 6i dumunung ing gatra …

a)

1

b)

2

c)

4

d)

5

44.

Tembang Pocung


Bapak pucung rentang-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencloanmu wesi miring

Sing disaba sipucung mung turut kutha


Tembang pocung iku katitik kalebu cangkriman. Apa batangane cangkriman iku ?

a)

Sepur

b)

Nanas

c)

Nanas

d)

Semut

45.

Cacahe pakecapan utawa wanda/suku kata saben sagatra ing tembang arane guru ....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Gatra

d)

Wilangan

46.

Menawa sliramu arep matur marang bapak utawa ibu guru becike kanthi patrap . . . . . .

a)

Mbanda tangan awak rada mbungkuk, ulat sumeh

b)

Tangan ngapurancang, awak mbungkuk, karo ngguyu

c)

Tangan ngapurancang, awak rada mbungkuk, ulat kang sumeh

d)

Tangan malang krik, ndangak, awak jejeg,ulat sumeh

47.

Kowe didhawuhi bapakmu supaya nyilih buku menyang nggone gurumu, anggonmu matur kang becik marang gurumu yoiku . . . . . . .

a)

Pak, bu, kula badhe mundhut buku

b)

Pak, bu, kula badhe nyambut buku

c)

Pak, bu, kula badhe mendhet buku

d)

Pak, bu, kula badhe nyuwun ngampil buku

48.

Menawa kowe didhawuhi pak guru ngomong karo bapakmu kang isine bapakmu dikon menyang sekolahanmu, anggonmu matur bapakmu kang becik yaiku . . . . . . .

a)

Pak, sampeyan didhawuhi teng sekolahan

b)

Pak panjenengan dipun aturi tindak dateng sekolahan

c)

pak njenengan didipun kengken tindak dateng sekolahan

d)

pak njenengan didhawuhi teng sekolahan

49.

Bapak pocung isih enom klambi gadhung,

Yen wis rada tuwa,

Si pocung klambine kuning,

Tuwa pisan sipucung klambine abang

Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapaning larik ….

a)

larik 1 lan 2

b)

larik 3 lan 4

c)

larik 1 lan 4

d)

larik 2 lan 4

50.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

51.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

52.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
53.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk

a)

Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.

b)

Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran

c)

Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata

d)

Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana

54.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

55.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

56.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

57.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

58.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

59.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

60.

Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting/ Latar

d)

Penokohan

61.

Gatekna pethikan tembang Dhandhanggula pada 4 ing ngisor iki !


Nanging yen sira nggeguru kaki,

Amiliha manungsa kang nyata,

Ingkang becik martabate,

Sarta kang wruh ing kukum,

Kang ngibadah lan kang wirangi,

Sokur oleh wong tapa,

Ingkang wus amungkul,

Tan mikir pawehing liyan,

Iku pantes sira guronana kaki,

Sartane kawruhana.


Guru wilangan lan guru lagu tembang Dhandhanggula ing dhuwur yaiku.....

a)

10i, 10a, 8a, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

c)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7i, 6u, 8a, 12i, 7a

d)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7i, 6u, 8a, 12i, 7a