wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

b. Jawa 2

Total questions: 15

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

AJISAKA

Prabu Dewatacengkar Ratu ing Medhangkamulan.

Prabu Dewatacengkar seneng dhahar daging wong. Mula

wong-wong ing Medhangkamulan padha susah atine.

Padha wedi yen didhahar Dewatacengkar.

Miturut wacan ing ndhuwur, sapa jenenge ratu ing medhangkamulan?

a)

Ajisaka

b)

Prabu Dewatacengkar

2.

Nalika rakyat padha susah, teka satriya bagus kang

aran Ajisaka. Ajisaka mertamu menyang Negara Medangkamulan. wong-wong crita kedadean ing Negara

Medhangkamulan.

Miturut wacan ing nduwur teka satriya bagus, kang aran ...

a)

Ajisaka

b)

Medangkamulan

3.

Ajisaka trenyuh atine. Ajisaka duwe abdi loro cacahe

kang aran Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal

ana ing Pulo Majethi.

Miturut wacan ing nduwur piro cacahe abdine Ajisaka? ...

a)

siji

b)

loro

4.

Ajisaka trenyuh atine. Ajisaka duwe abdi loro cacahe

kang aran Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal

ana ing Pulo Majethi.

Miturut wacan ing nduwur sapa jenenge abdine Ajisaka?...

a)

Majeti

b)

Dora lan Sembada

5.

Dora lan Sembada mau didhawuhi njaga

keris. Ajisaka weling marang Dora lan Sembada.

1. Dora lan Sembada ora kepareng nusul yen ora

ditimbali.

2. Kerise ora kapareng diwenehake sapa bae kajaba

Ajisaka dhewe.

Miturut wacan ing nduwur, apa welinge Ajisaka marang Dora lan Sembada?....

a)

ora pareng nyusul yen ora ditimbali lan kerise ora kepareng menehake sapa bae kecuali Ajisaka

b)

njaga keris

6.

Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar.

Ajisaka saguh (mau) didhahar (dimakan) Dewatacengkar, nanging duwe panyuwun, yaiku nyuwun lemah saambane ikete. Dewatacengkar nyaguhi.

miturut wacan ing nduwur, apa panyuwune Ajisaka?

a)

lemah saambane ikete

b)

keris

7.

Ajisaka njereng ikete. Jebul ikete amba banget.

Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkar

ngetutake. Nalika tekan sapinggire segara kidul,

Dewatacengkar kecemplung segara. Dewatacengkar

badhar dadi baya putih.

Miturut wacan ing nduwur, Jebule kepriye kahanane ikete Ajisaka sawise dijereng?...

a)

amba banget

b)

gedhe banget

8.

Ajisaka njereng ikete. Jebul ikete amba banget.

Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkar

ngetutake. Nalika tekan sapinggire segara kidul,

Dewatacengkar kecemplung segara. Dewatacengkar

badhar dadi baya putih.

Miturut wacan ing nduwur, Prabu Dewatacengkar ngetuttake nganti tekan....

a)

baya putih

b)

pinggire segara kidul

9.

Banjur Ajisaka diwisudha dadi ratu ing Medhangkamulan. Ajisaka ngutus Duga lan Prayoga nyusul Dora lan Sembada. Ing dalan wong loro iku kepethuk Dora. Dora banjur ngajak nusul Ajisaka. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka. Dora njaluk kerise. Sembada ora ngelungake, amarga dudu Ajisaka dhewe kang njupuk.

Miturut wacan ing nduwur, sapa utusan sing diutus ajisaka nyusul abdine ...

a)

Duga lan Prayoga

b)

Dora lan Sembada

10.

Banjur Ajisaka diwisudha dadi ratu ing Medhangkamulan. Ajisaka ngutus Duga lan Prayoga nyusul Dora lan Sembada. Ing dalan wong loro iku kepethuk Dora. Dora banjur ngajak nyusul Ajisaka. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka. Dora njaluk kerise. Sembada ora ngelungake, amarga dudu Ajisaka dhewe kang njupuk.

Miturut wacan ing nduwur, sapa sing ora gelem dijak nyusul...

a)

Sembada

b)

Dora

11.

Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan (perang).

Dora lan sembada perang tandhing. Loro-lorone

tumekaning pati. Kanggo pangeling-eling lelakon iku,

Ajisaka nganggit aksara Jawa cacahe rong puluh. Aksara

jawa rong puluh iku mangkene:

ha, na, ca, ra, ka tegese ana utusan

Da ta sa wa la, tegese padha pasulayan

Pa dha ja ya nya, tegese padha digdayane (kuwate)

Ma ga ba tha nga, tegese padha matine

Miturut wacan ing nduwur, kepriye wusanane Dora Lan Sembada?...

a)

padha pasulayan

b)

padha nyusul

12.

Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan (perang).

Dora lan sembada perang tandhing. Loro-lorone

tumekaning pati. Kanggo pangeling-eling lelakon iku,

Ajisaka nganggit aksara Jawa cacahe rong puluh. Aksara

jawa rong puluh iku mangkene:

Ha, na, ca, ra, ka , tegese ana utusan

Da ta sa wa la, tegese padha pasulayan

Pa dha ja ya nya, tegese padha digdayane (kuwate)

Ma ga ba tha nga, tegese padha matine

Miturut wacan ing nduwur, kepriye akhire wusanane Dora lan Sembada ....

a)

tumekaning pati

b)

tumekaning Medangkamolan

13.

Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan (perang).

Dora lan sembada perang tandhing. Loro-lorone

tumekaning pati. Kanggo pangeling-eling lelakon iku,

Ajisaka nganggit aksara Jawa cacahe rong puluh. Aksara

jawa rong puluh iku mangkene:

Ha, na, ca, ra, ka , tegese ana utusan

Da ta sa wa la, tegese padha pasulayan

Pa dha ja ya nya, tegese padha digdayane (kuwate)

Ma ga ba tha nga, tegese padha matine

Miturut wacan ing nduwur, Ajisaka nganggit apa kanggo pangeling-eling marang abdine iku ....

a)

Aksara Jawa

b)

Aksara Latin

14.

Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan (perang).

Dora lan sembada perang tandhing. Loro-lorone

tumekaning pati. Kanggo pangeling-eling lelakon iku,

Ajisaka nganggit aksara Jawa cacahe rong puluh. Aksara

jawa rong puluh iku mangkene:

Ha, na, ca, ra, ka , tegese ana utusan

Da ta sa wa la, tegese padha pasulayan

Pa dha ja ya nya, tegese padha digdayane (kuwate)

Ma ga ba tha nga, tegese padha matine

Miturut wacan ing nduwur, apa tegese ha, na, ca, ra, ka ...

a)

padha digdayane

b)

ana utusan

15.

Pira cacahe tulisan aksara jawa iku...

a)

sepuluh

b)

rongpuluh