wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS B. JAWA 2020

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tandurane sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak rong dhapur. Ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram kembang. Gandane semribit wangi.


Miturut wacanan ing nduwur iku kalebu jenise paragraf . . .

a)

dheskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

2.

Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tandurane sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak rong dhapur. Ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram kembang. Gandane semribit wangi.


Sakiwa tengene omahku akeh tandurane, mulo hawane . . .

a)

panas

b)

ongkep

c)

seger

d)

anyes

3.

Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana akeh tandurane sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak rong dhapur. Ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram kembang. Gandane semribit wangi.


Ing latar ngarep omahku ana tandurane rambutan, pelem, jeruk, lan . . .

a)

kates

b)

salak

c)

blimbing

d)

nangka

4.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane.


Teks ing nduwur kalebu teks dheskripsi. Teks dheskripsi yaiku . . .

a)

karangan sing nerangake kadadean utawa prastawa.

b)

karangan sing njlenttrehake saweneh kedadean manut urutan wektu.

c)

karangan sing njlentrehake saweneh bab kanthi cetha, nganti wong liya percaya lan manut marang isine.

d)

karangan sing menehi gambaran samubarang marang kang maca, nganti sing maca kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.

5.

Saben preian akeh wisatawan kang padha plesiran. Plesiran tegese . . .

a)

sekolah

b)

lungo

c)

dolan

d)

rekreasi

6.

Nalika semana ing keraton Jenggala Manik diceritaake Dewi Kili Suci, putrine Raja Jenggala Manik kang kondang ayune dilamar dening Mahesa Sural an Lembu Sura. Nanging Dewi Kili Suci ora gelem nampa lamarane raja-raja kuwi mau. Kanggo selak saka lamaran kuwi Dewi Kili Suci nganakake sayembara. Isine sayembara iku sapa sing bias nggawe sumur 2 kang ambune wangi lan amis ing pucuk gunung kelud kanthi wektu sewengi, Dewi Kili Suci bakal gelem dadi bojone


Paraga utama cerita ing nduwur yaiku … .

a)

Lembu sura

b)

Mahesa Sura

c)

Dewi Kili Suci

d)

Raja Jenggala

7.

Teks 1

Kelasku kahanane apik. Jogane wis dikeramik warnane putih lan resik amarga saben dino disapu. Tembok e dicet werna ijo enom marakne katon seger yen disawang. Ing kiwa tengen ana candela kaca mubeng dadi sinare srengenge bias mlebu saengga udarane seger. Ing kelasku ana 30 meja lan kursi kanggo murit-murit. Ing ngarep ana meja lan kursi kanggo bu guru. Ing tembok ngarep cumentel papan tulis putih.


Teks 2

Saben dina kemis Rudi lan Tika mesti budal sekolah luweh isuk tekan biasane. Amarga wong loro iki saben kemis kebagian piket kelas. Saben dina kemis Tika lan Rudi budal jam enem isuk, supaya iso resik resik kelas. Ora kejaba kemis iki mau, jam enem pas rudi lan Tika wes metu saka omah supaya ora telat anggone piket. Nanging ing tengah dalan Rudi kepleset marga kurang ati ati ing dalan sing mari keguyur udan. Mula Tika dadi nulungi Rudi. Akhire wong loro mau teka telat menyang sekolah lan ora bias piket isuk.


Andedasar tujuane nulis, bedane teks siji lan teks loro yaiku … .

a)

Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks deskripsi

b)

Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks narasi

c)

Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks persuasi

d)

Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks eksposisi

8.

Saben liwat, tanduran sinawang ijo . . .

a)

mempak

b)

royo-royo

c)

mbranang

d)

gadhing

9.

Gunung Bromo iku sawijining gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan katon kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Ana para tani nenandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nenandur janganan.


Teks sing dhuwur kalebu jenise karangan . . .

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

eksposisi

d)

persuasi

10.

Adik dikongkon ibu tuku gula.


Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama yaiku . . .

a)

Adik diutus ibu tuku gula

b)

Adik diutus ibu mundhut gendhes

c)

Adik dikongkon ibu mundhut gendhes

d)

Adik diutus karo ibu tuku gula

11.

Basa rinengga yaiku basa endah utawa basa sastra kang endahe karana dipaesi/direngga-rengga utawa dirumpaka. Salah sijine basa rinengga yaiku tembung panyandra. Tembung panyandra yaiku . . .

a)

ukara kang kadadean saka sampiran lan isi

b)

ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad

c)

ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya

d)

ukara kang digunakake kanggo ngalembana utawa nggambarake awak, solah, bawa.

12.

Ing ngisor iki sing kalebu ciri-cirine tembung panyandra yaiku . . .

a)

kang dicandra alane

b)

ngemu surasa pepindhan utawa memper

c)

ngemu surasa mbangetake nanging kosok balen.

d)

kang dicandra becike lan mengku ngelem kaendahan

13.

Ing ngisor iki kang kalebu tembung payandra yaiku … .

a)

Awak e Kuru semangka

b)

Alise nanggal sepisan

c)

Lambene guwing

d)

Ngamuk e kaya bantheng ketaton

14.

Sing diarani tembung pepindhan yaiku … .

a)

Ukara kang digunak ake kanggo nyemoni/nyacad

b)

Ukara kang kadadean saka sampiran la nisi

c)

Ukara kang digunakake kanggo madhakae samubarang kang tegese kaya

d)

Ukara kang digunaake kanggo ngaembana utawa ngambarake awak kang becik

15.

Ing ngisor iki kang kalebu tembung pepindhan yaiku … .

a)

Ambune arum jamban

b)

Ireng kumpul ireng kaya gagak reraton

c)

Lembehane mblarak sempal

d)

Tangane cekot

16.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu pengertene tembung parikan yaiku . . .

a)

ukara kang kadadean saka sampiran lan isi

b)

ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad

c)

ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya

d)

ukara kang digunakake kanggo ngalembana utawa nggambarake awak, solah, bawa.

17.

Tawon madu ngisep sekar. Golek ngelmu kudu . . .

a)

prasaja

b)

sabar

c)

sregep

d)

pinter

18.

Ciri-ciri tembung parikan yaiku . . .

a)

nggambarake sarwa ala utawa nacad

b)

ngemu surasa mbangetake nanging kosok balen

c)

gatra kapisan minangka sampiran, gatra keloro minangka isi

d)

tembung kang mawa wewaton guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.

19.

Arum pancen ayu banget, bangkekane nawon kemit, yen lagi ngguyu untune katon... .

a)

miji timun

b)

kencana pinatar

c)

prada binabar

d)

nggandewa pinentang

20.

Saking gedhene, ali–aline kaya . . .

a)

nemu cempaka sawakul

b)

ketiban ndaru

c)

nggunung sapikul

d)

godhong katirah

21.

tembung ing ngisor iki kang nganggo tembung panyendu yaiku … .

a)

Abang kumpul abang kaya alas kobong

b)

Bangkekane nawon kemit

c)

Bathuk e nonong, lambene guwing

d)

Polahe kaya gabah diinteri

22.

Ireng ngumpul ireng kaya . . .

a)

gagak reratu

b)

gabah diinteri

c)

alas kobong

d)

godhong katirah

23.

Ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu . . .

Tembung sing mathuk kanggo njangkepe parikan kuwi yaiku . . .

a)

sabar

b)

prasaja

c)

sregep

d)

pinter

24.

Wedang bubuk gula jawa

Ora mathuk klewa-klewa

Parikan ing ndhuwur kalebu pedhotan ... .

a)

4 – 2

b)

4 – 4

c)

4 – 8

d)

8 – 8

25.

Bocah kuwi pancen ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang, bangkekane . . .

a)

jambe sinigar

b)

nawon kemit

c)

mucuk eri

d)

ndamar kanginan

26.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.


Teks ing nduwur kalebu teks dheskripsi. Ing ngisor iki kalebu Ciri-ciri teks dheskripsi, kajaba …

a)

Nyeritakake kahanan/objek kanti rinci.

b)

Ditulis nganggo pilihan tembung sing nggugah

c)

Nyeritaake kedadean prastawa

d)

Menehi pengaruh sensitive kanggo ngembange imajinasie sing maca

27.

Kulo diutus ibu mundhut tigan.

Ukara ing nduwur iku yen disalin nganggo basa ngoko yaiku . . .

a)

Aku diutus ibu tumbas endhog

b)

Aku dikongkon ibu tuku endhog

c)

Aku dikongkon ibu mundhut endhog

d)

Aku dikongkon ibu tuku tigan

28.

Jam enem isuk Bima lan Rini wes sarapan. Dina iki bocah loro budal luwih isuk. Bima lan Rini arep melu Festival Dholanan Tradisional ing alun-alun kabupaten. Bima melu lomba egrang, dene Rini melu lomba dhakon lan gobak sodor.

Kararangan ing nduwur kagolong karangan … .

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Persuasi

29.

Sapa asmane putrane Bu Dina? Ukara ing sisih kiwa diarani ukara … .

a)

Andharan

b)

Pitakon

c)

Pakon

d)

Carita

30.

Ukara deskripsi gambar ing nduwur yaiku . . .

a)

Ekosistem ana loro jenise, yaiku alami lan buatan. Gambar ing nduwur kagolong ekosistem alami. Ing ekosistem iki ana maneka warna tanduran lan sato kewan. Tetanduran kang ana ing ekosistem kuwi yaiku suket, tertai, lan suplir. Dene kewan kang ana ing kene yaiku kidang, kodok, iwak lan manuk. Tetanduran lan kewan ing kono pada mbutuhake lingkungan ing sekitare.

b)

Ing wayah esuk akeh kewan sing pada saba ing rawa golek panganan. Panganan kuwi mau diolah dadi energy kanggo aktivitase para kewan lan kanggo perkembangbiakan supaya dadai akeh.

c)

Manungsa, kewan lan tetanduran iku pada saling mbutuhake. Kaya iwak karo teratai kang butuh banyu kanggo urip. Beda karo kidang butuh padang suket supaya bias tetep urip. Manungsa butuh sak kabehe supaya bisa tetep urip. Mula ayo podo njaga lingkungan ekosistem ing sak kelilinge.

d)

Ing sawijining dina ana kidang kang moro ning rawa. Deweke arep marani kancane kanga an iwak lan kodok. Nanging kancane mlayu kabeh ngerti rupane kidang kang ireng celeng. Tekan adoh kodok mbengok aku emoh cedak kowe mergo rupamu ireng. Kidang kaget lan moro nylempung banyu. Iwak melok kaget tur ngadohi kidang.

31.

Tembung panyendhu kalebu jenise basa rinengga. Sing diarani tembung panyendhu yaiku tetembungan kang … .

a)

Ngemu surasa pepindhan utawa emper

b)

kang dicandra becike lan ngelem kaendahan

c)

Ngambarake kang sarwa ala/nyacad

d)

Ngemu suroso kosok balen nanging mbangetake

32.

Lakune wong ngalor ngidul, ngetan bali ngulon, polahe wong ing kutha kaya . . .

Tembung pepindhan kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku … .

a)

Bantheng ketaton

b)

Kemanten ditemokake

c)

Gabah diinteri

d)

Sulung lumebu geni

33.

Bocah kuwi rambute ngembang bakung lan drijine . . .

a)

Mucuk eri

b)

Ngandewa pinentang

c)

Miji timun

d)

Nduren sajuring

34.

Kakang adik iku rukun banget kaya . . .

a)

Mimi lan mintuno

b)

Bumi karo langit

c)

Tematen ditemokake

d)

Ketiban ndaru

35.

Santi rumangsa welas nyawang bocah kang pancen memelas, lakune kecincugan lan tangane . . .

ngathung nadhahi rejeki saka kawelasane wong liwat.

Tembung panyendhu kang cocok kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku … .

a)

Cekot/kithing

b)

Dingklang

c)

Nonong

d)

Guwing

36.

Bedhane karangan deskripsi lan narasi yaiku ... .

a)

Karangan deskripsi nyeritakake kaendahan

karangan narasi nyeritakake prastawa

b)

Karangan deskripsi nyeritakake kahanan/objek

karangan narasi nyeritaake kaendahan

c)

Karangan deskripsi nyeritakake kahanan/objek

karangan narasi nyeritakake prastawa

d)

Karangan deskripsi nyeritakake prastawa

karangan narasi nyeritaake kahanan

37.

Gatekno ukara ing ngisor iki!


(1). Nyeritakake kedadean prastawa

(2). Ditulis mawa urutane wektu

(3). Objek/kahanan dicritakake kanti rinci

(4). Menehi pengaruh sensitive kanggo ngembangake imajinasie sing maca

(5). Nduweni paraga lan andedasar konflik

(6). Ditulis nganggo pilihan tembung sing nggugah


Miturut ukara ing nduwur kang kagolong cirine karangan deskripsi yaiku … .

a)

1, 2, 3

b)

1, 2, 5

c)

2, 3, 4

d)

3, 4, 6

38.

Karangan dheskripsi iku jenise ana 2 macam, yaiku … .

a)

Sugestif lan Eksposiotris

b)

Sugestif lan Impresionistis

c)

Ekspositoris lan Impresionistis

d)

Eksposisi lan Impresionistis

39.

Sempurnakno parikan ing ngisor iki!


Sepet-sepet sawone mentah.

a)

Diempet-empet selak ra betah

b)

Ojo sok ngenyek marang kanca

c)

Bocah kesed, ora munggah kelas

d)

Ojo dumeh masio wes sugeh

40.

Ing Ngisor iki kang kalebu ukara nganggo tembung panyandra yaiku … .

a)

Putrine Pak Lurah kuwi Ayune kaya Dewi ratih

b)

Bocah ayu kuwi alise naggal sepisan, pundak e nraju emas

c)

Najan ayu rupane, nanging bocah kuwi tangane cekot

d)

Amarga mari loro cahyane Sundari abang dluwang.