wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Try Out 2020

Total questions: 40

Worksheet time: 42mins

Name
Class
Date
1.

…………..

Kawulamu…..

Guyub rukun anambut kardi

Jroning swasana tentrem lan mardhika

Giliging tekad manunggal

Cumithak jroning ati

Bebarengan ambangun

Aku lila…………

Korban jiwa raga kanggo bumiku

Nadyan awak ajur dadi sawur

Lan gethiku mblabar nuli,

Netesi bumi pertiwi

Labet raharjaning nagari………….

( Karipta dening Mahardono Wuryantoro )

Isine geguritan ing dhuwur yaiku ......

a)

Netesi bumi pertiwi amrih ajur dadi sawur

b)

Getih kang netesi bumi pertiwi

c)

Korban jiwa ragane pahlawan kanggo raharjaning nagari

d)

Bebarengan ambangun nagara

2.

Pakdhe : ”Kok sajak kesusu, arep nyang endi Bim?”

Bima : ”Inggih, ………….lampu pijarr.”

Pakdhe : ”Kok gak lampu LED wae.”

Bima : ”Pilih ingkang mirah, Pak.”

Pakdhe : ”Bener, lampu LED regane luwih larang.

Nanging yen dipikir tenan, ora ngono.”

Basa karma sing trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku……….

a)

Tuku

b)

Tumbas

c)

Golek

d)

Njupuk

3.

Kacarita, dhek jaman biyen ing Desa Karangwulasan ana sawijining wanita kanga aran Mbok Randa Karangwulasan. Dheweke duwe anak papat wadon kabeh. Sing telu anake dhewe jenenge Kleting Abang, Kleting Wungu, lan Kleting Biru. Dene sing siji anak pupon, jenenge Kleting Kuning. Kleting tetelune nduweni waatak ala. Beda karo Kleting Kuning alus bebudhine ngerti tata krama……

Latar panggonan crita ing dhuwur yaiku……………..

a)

Dhek jaman biyen

b)

Andhe – Andhe Lumut

c)

Desa Karangwulasan

d)

Kleting Kuning

4.

Klepon yaiku panganan tradhisional wong jawa sing digawe saka glepung beras ketan sing awujud bunder. Klepon biasane warnane ijo. Rasane legi amarga ing tengah ana isine arupa gula jawa cair, dadi pas dipangan rasane maknyus. Teksture amoh, lan ing bagian njabane ana ampas enom sing nambahi cita rasa saka klepon iki.

Ide pokok paragraph deskripsi ing dhuwur yaiku……………

a)

Klepon warnane ijo

b)

Klepon yaiku pangan tradhisional wong jawa

c)

Klepon rasane legi

d)

Klepon teksture amoh

5.

Lumbung Desa

Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang

Isine tembang dolanan ing dhuwur yaiku………………………

a)

Kudu nyambut gawe

b)

Njaluk wong wae

c)

Njagane wong tuwo

d)

Tuku ing warung

6.

Isih jam setengah wolu. Ing alun-alun wis kebak uwong. Dina iki ana Festival Dolanan Tradhisional sa-kabupaten. Pesertane para siswa SD saka 9 kecamatan. Sing bakal tetandhingan yaiku wakil saka kecamatan-kecamatan mau.

Gagasan pokok paragraph ing dhuwur yaiku……………..

a)

Festival Dolanan Tradhisional ing alun - alun

b)

Jam enem isuk Bima lan Rini wes sarapan

c)

Pesertane siswa SD

d)

Sing bakal tetandhingan wakil kecamatan

7.

Ancaman nyebare virus corona saka luar negeri, khususe Cina menyang Indonesia wis diantisipasi dening Pemerintah Provinsi Jawa Timur karo nindakake sawetara tumindak. Ing antarane yaiku masang piranti pendetekssi suhu awak ing Bandara lan Pelabuhan, uga nyiapake penanganan medis yen nemokake penumpang pesawat utawa kapal laut sing dicurigai kapapar virus corona.

Apa isine paragraph pawarta ing dhuwur ?

a)

Antisipasi virus corona dening Pemerintah provinsi Jawa Timur

b)

Ancama virus corona

c)

Pendeteksi suhu awak

d)

Virus corona saka cina

8.

Layangane Bima digambari kupu – kupu ketok ……………. yen wes mabur

a)

Lunglit

b)

Dhekwur

c)

Bangcuk

d)

Tahteng

9.

Bapakku sing kerja kanthi…………..golek duwit

a)

Gagah prakosa

b)

Babak belur

c)

Crah bubrah

d)

Jungkir walik

10.

Dadi wong iku aja sing seneng ngomong, mundak ora disenengi kanca – kancane.

Seneng ngomong yen digawe tembung entar yaiku……

a)

Tipis lambene

b)

Adus kringet

c)

Dawa tangane

d)

Manis eseme

11.

Mingkar mingkuring ukara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageing aji

Tembang ing dhuwur kalebu tembang macapat jenis……………

a)

Dhandhanggula

b)

Mijil

c)

Pangkur

d)

Pocung

12.

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priyangga,

Dudu saka wong liya,

Pramila den ngati-ati,

Sakeh dirgama,

Singgahana den eling.

Tembang ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune gatra ka - 2 yaiku……

a)

7i

b)

7a

c)

6a

d)

6i

13.

Bapak pucung rupane amemba gunung,

Tan ana kang tresna,

Kabeh uwong mesthi sengit,

Kang kanggonan den lus-elus tinangisan.

Tegese gatra ka – 2 ing tembang dhuwur yaiku…………..

a)

Ora ana sing seneng karo si pucung

b)

Ora ana sing sengit

c)

Ora ana sing tangisan

d)

Ora ana sing amemba gunung

14.

Pangkur

Sekar pangkur kang Winarna

Lelabuhan kang kangge wong aurip

Ala lan becik punika

Prayoga kawruhana

Adat waton punika dipun kadulu

Miwah ingkang tata karma

Den kaesti siyang ratri

Guru gatrane tembang pangkur ing dhuwur yaiku…………….

a)

7

b)

8

c)

9

d)

6

15.

yen ditulis aksara latin dadi……………………

a)

Ibu menyang pasar tuku sayuran

b)

Ibu tindak peken mundhut ageman

c)

Ibu menyang pasar tuku daging

d)

Ibu tindak peken mundhut tas

16.

Raden Ajeng Kartini niku lair ing Jepara, 21 April 1987. Asmanipun bapake Raden Mas Adipati Ario Sostroningrat lan asmanipun ibune M.A Ngasirah. Labuh lebetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung – langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa.

Irah – irahan kang trep kanggo paragraph ing dhuwur yaiku…………..

a)

Ir. Soekarno

b)

Moh. Hatta

c)

R.A. Kartini

d)

Cut Nyak Dien

17.

Wangsulan : Virus corona muncul saking kota Wuhan Provinsi Hubei, China wiwit 31 Desember 2019.

a)

Saking ngendi virus corona iku?

b)

Apa penyebabe virus corona?

c)

Kepriye virus corona iku?

d)

Apa iku virus corona?

18.

Maskumambang

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi

Hanemu duraka

Ing dunya tumeking akhir

Tan wurung kasurung - surung

Watak tembang maskumambang ing dhuwur yaiku……………

a)

Madhep mantep

b)

Nelangsa

c)

Radi getun

d)

Prihatos

19.

1. Sinom

Lakune bocah sekolah

Sinau rino lan wengi

Kudune bocah sekolah

Mesti pinter lan setiti

Nanging jaman saiki

Sinaune ora luhur

Karo seneng dolanan

Ora bisa migunani

Mung bisa njaluk lan nyusahke wong tuwa

Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur kanthi urut yaiku ……

a)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

b)

8i, 8i, 8a, 8a, 8i, 8u, 8i, 7i, 11a

c)

8i, 8i, 8i, 8a, 7a, 8i, 8u, 7a, 12i

d)

8i, 8a, 8a,7a, 8a, 8i, 8u, 8a, 12a

20.

Kakehan gludug kurang udan.

Paribasan ing dhuwur artine ……..

a)

Kakehan sing dilakokake

b)

Kakehan tingkah polahe

c)

Kakehan omonge nanging ora ana bukti nyatane

d)

Kakehan alasan sng ora bener

21.

Lakune wong ngalor, ngidul, ngetan bali ngulon, padha golek rejeki dhewe-dhewe. Ing antarane wong kemrubut nguber rejekine, ana sawijine bocah cilik kang uga golek urip. Polahe wong ing kutha kaya….

a)

Podhang reraton

b)

Gagak reraton

c)

Gabah diinteri

d)

Bumi karo langit

22.

Batangane : jagung

Cangkrimane : Duwe rambut nanging ora duwe………

a)

Endhas

b)

Tangan

c)

Sikil

d)

Bathuk

23.

Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.

Kalebu perangan……………….

a)

Salam pembuka

b)

Atur pakurmatan

c)

Atur syukur

d)

Salam panutup

24.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

25.

Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........

a)

persuasi

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

26.

Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........

a)

iklan

b)

pawarta

c)

gambar carita

d)

slogan

27.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

28.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

29.

Cacahe gatra saben sa pada diarani .........

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru saka

d)

guru lagu

30.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

31.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a)

Baratayudha

b)

Ramayana

c)

Mahabharata

d)

Badar

32.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

33.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

34.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

35.

Gatotkaca Satriya saka....

a)

Madukara

b)

Pringgadani

c)

Astina

d)

Sawojajar

36.

Gambar Punokawan iki arane....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

37.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

38.

Panengahe Pandhawa yaiku ....

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Puntadewa

d)

Duryudhana

39.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
40.

Pasangan aksara na yaiku ....

a)
b)
c)
d)