WorksheetsTO Bhs. Jawa Sabtu, 11 April 2020
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
WACAN
"CITA-CITAKU"
Keluarga Jarwa nduwe anak 2 jenenge Adit lan Sopo. Adit nduweni cita-cita dadi guru, amarga guru kuwi penggawean sing mulya. Guru uga kasebut Pahlawan Tanpa Tanda Jasa. Kasebut kaya mau amarga olehe nggulawentah ing pasinaon kanthi tulus lair uga batin.
Saiki Adit lagi kelas papat, adike kelas siji SD. Ing wayah sore Adit wis mbayangke yen mben dadi guru kudu sabar, tlaten olehe nggulawentah marang siswa-siswane. Amarga sarana sabar lan tlaten bisa ndadekna murid sing unggul lan pinter ing samubarange khususe sakjrone sikap.
PITAKON :
Pak Jarwo duwe anak ... .
4
3
2
1
Saiki Adit kelas ... adike kelas ... .
4, 1
1, 4
2, 4
4, 2
Adit kepingin dadi guru amarga ... .
guru iku sugih
guru iku penggawean kang mulya
guru iku pinter
guru iku nggulawentah
Latar wektu ing wacan Cita-Citaku yaiku ... .
esuk
awan
bengi
sore
Irah-irahan wacan ing nduwur yaiku ... .
Cita-Cita
Adit lan Sopo
Cita-Citaku
Pak Jarwo
Guru uga kasebut ... .
Pahlawan Pendidikan
Pahlawan Tanpa Tanda Jasa
Pahlawan Bangsa
Pahlawan Tak dikenal
Lair kosok baline ... .
lahir
batin
awak
badan
Guru kudu sabar nggulawentah marang siswa-siswane. Nggulawentah pada karo ... .
ndidik lan mbimbing
nyeneni
nyenengake
nyrengeni
Dadi guru kudu ... lan ... .
sabar, tlaten
sabar, kereng
tlaten, kereng
tlaten, jahat
Paraga utama ing wacan mau yaiku ... .
Jarwo
Sopo
guru
Adit
