NEW
Font size
WorksheetsKompetensi Basa Jawa Kelas 7C
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Pak Darmo nanduri sawahe kanthi cara tumpangsari.
Tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu dhapukane…
katrangan cara
katrangan syarat
katrangan tujuwan
katrangan wektu
Jejer uga diarani subjek, menawa wasesa diarani...
predikat
objek
katrangan
pelengkap
Wasesa biasane nganggo tembung...
aran
panyilah
panguwuh
kriya
Para kadang tani nandur kedhele bibit unggul kanggo ningkatake asil panene.
Tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu dhapukane…
katrangan wektu
katrangan tujuwan
katrangan cara
katrangan akibat
Para kadang tani nandure kedhele saya sengkud.
Tembung sing kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu dhapukane…
jejer
wasesa
lesan
geganep
Pak dhokter mriksa bocah sing lara.
Sing dadi jejer ing ukara kasebut yaiku…
pak dhokter
mriksa
bocah
sing lara
Saben esuk Rehana nyirami kembang.
Wasesane ing ukara kasebut yaiku…
saben esuk
rehana
nyirami
kembang
Tyas lagi nggawe unjukan.
Ing ukara kasebut lesane yaiku…
Tyas
lagi
nggawe
unjukan
Ukara kang nganggo katrangan piranti/alat yaiku...
Adhik tuku sepatu ing pasar malem.
Simbah gerah waja mulan digawa menyang puskesmas.
Bu guru nulis rapot nganggo pulpen.
Bocah-bocah sinau basa jawa amarga arep ulangan.
Tembung aran biasane kalebu...
jejer
wasesa
lesan
katrangan
... jenenge adikmu ?
Ukara pitakon sing bener kanggo njangkepi tembung pitakon yaiku ...
a. Apa
b. Sapa
c. Kapan
Bapak arep tindhak menyang … ?
Tembung pitakon sing bener kanggo ngisi titik-titit kasebut yaiku ....
a. ngendi
b. apa
c. kapan
"pak, wis mangan opo durung?" basa kramane....
pak, sampun sare nopo dereng?
pak, sampun tilem nopo dereng?
pak, sampun dhahar nopo dereng?
pak, sampun tindhak nopo dereng?
bu aku njaluk dhuwite, basa kramane
bu kula nyuwun artanipun
bu aku njaluk sangune
bu saya minta uangnya
bu kula mundhut artanipun
Kula wangsul rumiyin, nggih.
Ukara kuwi nganggo basa
Ngoko Lugu
Krama Alus
Krama Andhap
Ngoko Alus
(Jangkepana ukarane)
"Bu, panjenengan mangke .... saking sekolah jam pinten?
kondur
wangsul
tindak
bidhal
Cecaturan karo wong sing luwih tuwa, nanging mbasakne awake dhewe, manut unggah-ungguhe nganggo basa
Ngoko Lugu
Krama Andhap
Krama Inggil
Ngoko Alus
(Jangkepana ukarane)
Kula mangke ...... saking sekolah jam 5 sonten
kondur
wangsul
tindak
bidhal
Tuladha ukara sing bener nalika omong-omongan marang bapak
Pak, ayo ta terna budhal sekolah. Selak telat iki
Sampeyan karo ibu dikongkon mbenakna lampu, Pak
Pak, mangga dhahar kalih sekul goreng
Awakmu arep nang ndi pak? Aku melok
Panjenengan tindak dhateng pundi ?
Panjenengan ngokone yaiku ....
sampean
kowe
jenengan
aku
