wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Artikel

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Unesco ngakoni menawa bathik Indonesia mujudake karya agung warisan budaya donya mula masarakat banjur padha mendem bathik. Wong padha nganggo klambi bathik kamangka biyen klambi bathik mung kanggo nekani resepsi. Nanging saiki wong bebas nganggo klambi bathik ora mung winates kanggo acara resmi nanging uga acara kang ora resmi, kadidene kantoran lan sekolahan.


Bathik tekan saiki isih diproduksi ing kutha Solo, Yogyakarta, Pekalongan, Sidoarja,Madura,Lasem lan Cirebon. Bathik mau fungsine ora mung kanggo eksport nanging kanggo kabutuhan masarakat. Kanthi diakoni bathik minangka warisan budaya donya, mula njalari para pengrajin bathik kebanjiran pesenan. Nom-noman kang maune isin nganggo bathik amarga dianggep kuna ora njamani. Nanging saiki jamane wis beda, wis padha gelem nganggo bathik. Kajaba nguri-uri budaya bangsa uga mekarake industri bathik.


Wosing rembag paragrap setunggal ing nginggil inggih menika…

a)

Unesco ngakoni bathik Indonesia

b)

Bathik Indonesia mujudake karya agung warisan budaya donya

c)

Unesco ngakoni bathik Indonesia warisan budaya donya

d)

Biyen klambi bathik kanggo nekani resepsi

e)

Bathik ora mung kanggo acara resmi

2.

Bathik menika dipun damel wonten pundi kemawon? Kajawi…

a)

Solo

b)

Yogyakarta

c)

Pekalongan

d)

Cirebon

e)

Kediri

3.

Tiyang ngangge bathik menika nggadhahi ancas…

a)

Kangge eluning jaman

b)

Nguri-uri kabudayan

c)

Nedahaken ciri khas Yogyakarta

d)

Nedahaken ciri khas solo

e)

Gebyaring mode

4.

Wonten ing salebeting seratan, jinising karangan saged kaperang menapa kemawon…kajawi…

a)

Naratif

b)

Deskriptif

c)

Eksposisi

d)

Cerkak

e)

Persuasi

5.

Wacana ingkang nggambaraken kanthi cetha sawijining kahanan , saengga kahanan kalawau kados cetha wonten ing sangajengipun tiyang ingkang maos, dipunwastani seratan…

a)

Naratif

b)

Deskriptif

c)

Eksposisi

d)

Artikel

e)

Persuasi

6.

Seratan ingkang nyariosaken kedadosan kanthi lugu lan menapa wontenipun, kadosta laporan utawi pawarta dipunwastani seratan…

a)

Narasi Ekspositoris

b)

Narasi Sugestif

c)

Eksposisi

d)

Artikel

e)

Persuasi

7.

GUNUNG GAMPING ING AMBAR KETAWANG


Saparan kanthi mbeleh bekakak. Gunung Gamping iki umure wis luwih saka 50 yuta taun. Gunung Gamping kang dununge watara 5 km sakulone kutha Yogyakarta kuwi, saiki mung kari jeneng. Sing ana mung kari wujud watu gamping gedhe kang dhuwure kira-kira 10 m, kaya tugu. Kanggone warga Yogyakarta, cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang (kang dumunung ana Desa Ambarketawang) iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan. Ing sakidule Gunung Gamping iki, ana patilasan kraton Ambarketawang (tilas kratone Pangeran Mangkubumi sadurunge pindhah menyang kutha Ngayogyakarta tanggal 7 Oktober 1756). Kanggone ahli geologi, Gunung Gamping iku unik jalaran ing donya iki mung ana loro, ing Inggris lan ing Yogyakarta. Dianggep unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka 50 yuta taun. Mangka gunung-gunung gamping liyane umure ora nganti samono.


Gunung Gamping wonten ing Ambar Ketawang dipunanggep unik dening ahli geologi amargi...

a)

saben wulan sapar dipunadani Upacara Saparan

b)

umuripun watu gamping sampun langkung 50 yuta taun

c)

dipunkonservasi dening Djawatan Geologi Bandung

d)

dipunpager ngangge kawat berduri

e)

tilas kratonipun P. Mangkubumi

8.

Awujud menapa papan wisata Gunung Gamping ing Ambar Ketawang punika?

a)

watu gamping kados tugu

b)

bangunan kraton

c)

cagar alam

d)

beteng

e)

taman

9.

Cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan. Dasanamanipun tembung kondhang, kejawi...

a)

kaloka

b)

kasusra

c)

misuwur

d)

kawentar

e)

katon

10.

Cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan. Tembung diadani wonten ing ukara nginggil ngemu suraos ....

a)

dianakake

b)

diwiwiti

c)

dipimpin

d)

dipunwiwiti

e)

dipunlekasi

11.

Salebeting ngempalaken dhata kangge nyerat pawartos, wartawan saged ngayahi . . . .

a)

ngamati kedadeyan lumantar TV

b)

nengga pawartos saking ‘kantor berita’ sanes

c)

pados warta dhumateng nara-sumber ing papan kedadeyan

d)

wawancara dhateng tokoh ingkang boten sesambetan kaliyan kedadeyanipun

e)

mendhet dhata saking arsip pawartos ingkang sampun dipun-cetak 10 taun kepengker

12.

Ingkang kalebet karya jurnalistik inggih menika . . . . . .

a)

serat, sesorah, opini, profil, pawarta

b)

jagading lelembut, geguritan, macapat, serat Jawi

c)

pawartos, serat lelayu, serat iber-iber, karangan

d)

reportase, artikel, budaya, seni, laporan penelitian

e)

pawartos langsung, reportase, artikel, opini, profil

13.

Kagatosna pratelan-pratelan menika!

1) nyetak pawarta

2) milih kedadeyan ingkang ngemu raos pawartos

3) ngumpulaken dhata

4) ngirim dhateng redhaktur

5) ngripta pawartos


Tata urutan kridhaning wartawan inggih menika . . . . . . .

a)

3-4-5-2-1

b)

2-3-5-4-1

c)

3-2-5-4-1

d)

3-5-4-2-1

e)

2-3-5-1-4

14.

Ngandhap menika jinising artikel, kejawi . . . . . .

a)

tajuk

b)

pendapat siswa

c)

opini

d)

kolom

e)

antologi puisi

15.

Kawaosa kanthi saksama!


Kanggo mekarake apresiasi sastra Jawa para penggurit kudu luwih sregep, gamben, sengkut-gumregut ngripta karya, kepiye carane geguritan tansah diremeni lan digandrungi dening pamaos. Para novelis lan pangripta cerkak uga kudu luwih ubed ningkatake bobot karya-karyane. Ora mung mikirke pira honore nulis, nanging uga katresnane marang sastra Jawa. Kanthi cara kasebut, karya-karya sastra Jawa kaajab bisa mumpangati tumrap bebrayan agung, dene para maos luwih ngregani marang karya sastra, mligine sastra daerah.


Katitik saking undheraning prakawis, seratan jurnalistik ing nginggil awujud .....

a)

gegambaraning apresiasi sastra Jawa

b)

ajakan supados ngapresiasi sastra Jawa

c)

artikel kangge ningkataken apresiasi sastra Jawa

d)

paparan maneka warna jinis sastra Jawa

e)

cariyos bab tokoh ‘penggurit’ ing sastra Jawa

16.

Ing andhap menika ancas lan manfaatipun artikel, kajawi .....

a)

minangka sarana kengge mahyakaken gagasan/panemu panyerat dhumateng masarakat

b)

minangka sarana publikasi asil panaliten kanthi cara ilmiah lumantar jurnal ilmiah

c)

cara kangge njlentrehaken utawi ngrembag babagan perkara miturut kaidah ngelmu tartamtu

d)

supados ingkang nyerat saged misuwur

e)

minangka sumbering informasi kanggo masarakat

17.

Wosing punika minangka faktaning kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih punika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten. Ukara punika kalebet surasanipun... .

a)

Feature

b)

Resensi

c)

Kolom

d)

Pawarta

e)

Esai

18.

Tegesipun jurnalistik punika kathah sanget. Miturut etimologi, jurnalistik punika saking tembung jurnal saha istik. Jurnal punika saking basa Prancis, ingkang andharanipun... .

a)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

b)

jurnal : catetan, istik : kaendahan

c)

journal : ilmu panyerat, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kaéndahan

d)

journal : Cathetan Harian, istik : èstètika ingkang nggadahi teges ngèlmu ngèngingi kasaenan

e)

diurnal : dinten menika, istik : ngelmu ngengingi kaendahan

19.

Jinising seratan punika kapérang dados kalih inggih punika seratan fiksi saha non fiksi. Tuladhanipun seratan fiksi inggih punika... .

a)

Pawarta

b)

Opini

c)

Cerkak

d)

Essay

e)

Resensi

20.

Wosing seratan awujud pamanggihing panyerat piyambak saged adhedasar fakta utawi pamanggih kemawon. Ukara punika minangka jinis karya jurnalistik... .

a)

Pawartos

b)

Opini

c)

Feature

d)

Kolom

e)

Tajuk Rencana

21.

Karya jurnalistik babagan pirembagan ngengingi underaning prekawis utawi irah-irahaan buku, wosing buku, saha informasi babagan sebab musabab saha ancasipun buku punika dipunserat. Karya punika dipunserat... .

a)

Kolom

b)

Feature

c)

Resensi

d)

Esai

e)

Opini

22.

Palapuran ngèngingi kadadosan awujud paparan fakta saha data ngèngingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palapuran inggih punika 5W+1H, inggih punika Who (sinten), What (punapa), When (kapan), Where (ing pundi), Why (kénging punapa), lan How (Kados pundi) inggih menika… .

a)

Esai

b)

Karya Ilmiah

c)

Pawartos

d)

Kolom

e)

Feature

23.

Artikel minangka karangan ingkang kaserat ing media massa cetak. Menawi ing media Jawa kadosta ing kalawarti saha ariwarti. Tuladhanipun... .

a)
b)
c)
d)
e)
24.

Ingkang boten kalebet titikanipun artikel inggih punika ...

a)

ringkes, mentes, gamblang, lan tuntas.

b)

wosipun artikel adhedhasar fiksi utawi mitos ingkang dereng mesthi leresipun

c)

Artikel sipatipun informatif lan faktual

d)

artikel saged ngemot opini lan analisis

e)

panyeratan artikel migunakaken basa baku utawi resmi

25.

Gambar ing andhap kasebat ingkang kalebet artikel... .

a)
b)
c)
d)
e)