WorksheetsPAT Kelas 6 Bahasa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modheren. Kabeh ngarani iki jaman globalisasi. Yen jaman biyen, kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya, umpamane titir terus-terusan tandhane ana banjir gedhe.
Apa sing digunakake wong jaman biyen kanggo tandha bahaya ....
Bel
Kenthongan
Hp
Sirine
Bapak ngendhika, “ Kowe kudu sregep sinau supaya munggah kelas.”
Ukara langsung ing dhuwur yen didadekake ukara ora langsung ....
Bapak ngendhika, aku kudu sregep sinau supaya munggah kelas
Bapak ngendhika, menawa aku kudu sregep sinau supaya munggah kelas
Bapak ngendhika, kowe kudu sregep sinau supaya munggah kelas
Bapak ngendhika, menawa kowe kudu sregep sinau supaya munggah kelas
Pak Guru nggawa buku saka kantor.
Ukara kasebut yen disalin dadi basa krama alus ....
Pak Guru ndamel buku saking kantor
Pak Guru ngasta buku saking kantor
Pak Guru ngagem buku saking kantor
Pak Guru ngampil buku saking kantor
Tembang macapat iki nduweni paugeran guru wilangan lan guru lagu 8u 8i 8a 8i 8a 8i
Tembang kang dimaksud ....
Sinom
Maskumambang
Pangkur
Kinanti
Wong sing sugih umuk nanging bodho. Paribasane ....
Disuguhi opak angin
Abang-abang lambe
Kenes ora ethes
Cedhak kebo gupak
Preian unggah-unggahan tahun iki Risma lan keluargane arep ... menyang Jogja.
Tembung rangkep dwipurwa kang mathuk gawe ukara ing dhuwur ....
Lunga
Lelunga
Lelungan
Lunga-lunga
Tegese paribasan Adhang-adhang tetese embun yaiku ....
Ngarep-arep barang sing durung mesthi
Njagakake barang mung sakoleh-olehe
Wong sing tansah kuwatir
Nemu kabegjan kang gede banget
Tepak kebo lelene satus, yen digawe cangkriman ....
Pakbonesa
Teboletus
Pakenetus
Pakboletus
Kaping kalih, ing kalodhangan punika kula minangka wakil siswa saking kelas VI SD Negeri 1 Kebaman jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober Bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda.
Isine Pidhato ing dhuwur bab ...
Pengetan dina Kebangkitan Nasional
Perjuangan Pemuda
Sumpah Pemuda
Kedadean 28 Oktober
Jiwa lan semangat 10 Nopember taksih wonten ing jaja-jaja bangsa Indonesia kanggo mbangun nagari. Kangge putra tuwin wayah ing tembe wingking. Pramila mangga sesarengan kita lajengaken punapa ingkang dados perjuanganipun para pahlawan.
Pidhato ing dhuwur duweni tema ....
Perjuangan
Pahlawan
Semangat
Persatuan
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu dwija saha karyawan SD Negeri 3 Wonosari ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Pethilan sesorah utawa pidhato ing dhuwur kalebu ....
Atur puja-puji
Atur panuwun
Atur pangarep
Atur pakurmatan
Kula minangka sesulihipun panitya tanggap warsa SD Negeri 2 Karangasem ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana.
Pidhato ing dhuwur diwaca nganggo metodhe ....
Swara
Naskah
Bebarengan
Apalan
Bagian penutup pidhato sing bener ....
Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan mbokbilih anggen kula matur kathah kalepatan kula tansah nyuwun samodra pangaksami
Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kanugrahan
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bektani, Bapak Ibu dwija saha karyawan SD Negeri 5 Sambada ingkang satuhu kinurmatan
Pramila awit saking punika, kula ngajak para kanca, mangga sesarengan kita ngurmati jasa para pahlawan
Arjuna Satriya ing Madukara yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener ....
Aja (guyu) wae yen wayahe sinau.
Tembung guyu yen oleh seselan um dadi ....
Guyumu
Gemuyu
Gumuyu
Guyu-gemuyu
Tokoh wayang iki pambarepe pandhawa sing diarani ....
Arjuna
Puntadewa
Bima
Nakulo
Nakula lan sadewa yen ditulis nganggo aksara Jawa ....
Bapak Pucung.
Amung sirah lawan gembung.
Padha dikunjara.
Mati sajroning ngaurip.
Mijil baka.
Si pucung dadi dahana.
Batangane tembang pucung ing dhuwur ...
Sepur
Gajah
Pentol korek
Klenting
Jinejer ing Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi sepa lir sepah asamun
Samasane pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi.
Guru lagune tembang Pangkur ing dhuwur ....
a, i, u, a, u, a, i
a, u, i, a, u, a, i
a, i, a, u, a, i, a
a, i, u, i, a, u, i
Diwenehi ati ngrogoh rempela
Tegese paribasan kasebut yaiku ....
Nemu kabegjan kang gedhe banget
Wis diwenehi sethithik njaluk sing luwih akeh
Wong sugih umuk nanging bandha
Wong sing tansah kuwatir
Sego sakepel dirubung tinggi bathangane ...
nanas
duren
salak
ramutan
Sari tuku buku. Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku…
Bapak dahar soto. Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku…
Aivin lair tahun 2012. 2012 yen ditulis angka jawa yaiku…
Bocah iku mloya-mlayu amarga diuber kancane. Mloya-mlayu kagolong tembung…
dwi purwa
dwi lingga salin swara
dwilingga padha swara
dwi wasana
Pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi utawa formal diarani ...
kutbah
ceramah
pidhato ora resmi
pidhato resmi
Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru saka
"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............
slogan
pawarta
geguritan
narasi
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.
Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah
pangajeng - ajeng
panutup
isi
pambuka
Adipati Karna iku atmajane Dewi Kunthi kaliyan Dewa Surya. Atmajane iku tegese ...
bapake
adhine
anake
kakange
Es batune (tutuk) mas Ilham. Yen diowahi dadi ukara tanggap kang bener yaiku...........
Es batune (nutuk) mas Ilham
Es batune (daktutuk) mas Ilham
Es batune (ditutuk) mas Ilham
Es batune (kotutuk) mas Ilham
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?
R. Tantingingsih
Pahlawan
Pahlawanku
Karajang
Bocah kui rambute ngadhan-adhan, bangkekane...
Jambe sinigar
Nawon kemit
Ndamar kanginan
Mucuk eri
