Font size
Worksheetssoal PTS kelas 8
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon
Tembang Gambuh kasebut dhuwur ing serat Wulangreh kalebu pada (bait)…
2
3
4
1
Tembung ‘sekar’ tegese…
dicipta, tembang
kembang, tembang
dituku, tembang
digawa, tembang
Tembung ‘catur’ tegese…
papat, omong
papat, momong
kupat, omong
papat, lompong
Tembung ‘kalantur’, tegese…
tumindak/ perilaku kang becik
tumindak/ perilaku kang ora ala
tumindak/ perilaku kang rada becik
tumindak/ perilaku kang ora becik
‘Katula-tula katali ‘tegese….
Tansaya ora karuwan (semakin lama semakin tak terkendali)
Aja tansaya becik
Aja cedhak wong awatak ala
Aja seneng marang wong ala
Palaporan bab kedadosan, idhe enggal ingkang leres tuwin narik kawigatosan sarta wigatos tumrap masyarakat punika dipunwastani ....
parikan
pawartos
pariwara
wara-wara
Pawartos ingkang sae punika gampil anggenipun nitik. Titikanipun pawartos ingkang sae kados ing andhap punika kejawi ....
subjektif
obyektif
faktual
unik lan narik kawigaten
Pawartos ingkang anggenipun ngandharaken pawartosipun punika dede asiling ngarang nanging adhedhasar kedadosan dipunwastani ....
obyektif
aktual
subyektif
faktual
Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa karma alus yaiku…
Aku tuku buku 5 iji.
Bapak tindak ing sawah.
Simbah dahar sega goring.
Ibu mundhut gendhis ing peken.
Bapak wis lunga ing sawah nandur pari. Yen ditulis dadi basa krama dadi….
Bapak wis tindak ing sawah nandur pari.
Bapak sampun tindak ing sawah nanem pantun.
Bapak sampun tindak wonten saben nandur pari.
Bapak sampun tindak wonten saben nanem pantun.
Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..
Tema
Alur/plot
Paraga /pamaragan
Latar/setting
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Prabu Dasarata iku Ratu ing Nagari
Alengka
Mahwapati
Ayodya
Majapahit
Ing ngisor iki kang ora kalebu garwane Prabu Dasarata yaiku
Dewi Sumitra
Dewi Kekayi
Dewi Madrim
Dewi Kosalya
Dewi Sumitra kagungan putra kembar, yaiku
Lesmana lan Rama
Lesmana lan Satrughna
Satrughna lan Rama
Bharata lan Lesmana
Sawise kasil merjaya kabeh mungsuhe, Rama lan Lesmana banjur tumuju ing Negara Manthili. Tembung merjaya artine yaiku
Mateni
Dibudidayakake
Dimenangke
Ngunggahke
Sayembara menthang gandhewa.
Gandhewa duweni teges yaiku
Dewa
Pedang
Pertapan
Panahan
"Dangu-dangu dhawah ing siti, klebekan"
Siti menika dasanama saka ....
Angin
Lemah
Banyu
Gunung
Sapa paraga kang digambarake saka gambar ing dhuwur?
Kumbakarna
Wibisana
Rahwana
Leksmana
Dek Reka sampun mangan wau enjing.
Tembung mangan sing bener yaiku
Nedha
Maem
Dhahar
Nguntal
Ha Na Ca Ra Ka, tegese yaiku ….
padha pasulayan
padha digdayane
ana utusan
Sing kelebu kelebu sandangan swara yaiku..
Wulu, pepet, pengkal, lan cakra
Wulu, pepet, suku, taling, taling tarung
Wulu, pepet, cecek, pankon
Wulu, pepet, cakra, pengkal
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........
narasi
deskripsi
persuasi
fabel
Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........
macapat
dolanan
tengahan
gedhe
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......
ngundhuh wohing pakarti
lemah longsor mendhem puluhan omah
ayo njaga lestarine alam!
banjir nrajang pirang-pirang desa
Cacahe gatra saben sa pada diarani .........
guru wilangan
guru gatra
guru saka
guru lagu
Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru saka
Paugerane tembang Maskumambang...
4 gatra = 12a, 6i, 8a, 12i
4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a
4 gatra = 12a, 6i, 8a, 8i
4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a
