Font size
WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Kanggo mangsuli pitakon no. 1 – 3, wacanen wacan ing ngisor iki!
Jaka Danu
Jaman mbiyen ing kampung Si Geseng wewengkon Pekalongan ana wong sekti. Asmane Ki Sadipa. Wong iki duwe kaluwihan gawe prau. Ki Sadipa duwe anak lanang jenenge Jaka Danu.
Pinuju Ki Sadipa golek kayu ing alas kanggo gawe prau. Olehe golek kayu direwangi murid-muride. Naliki wis oleh kayu sing dikarepake banjur ditegor. Emane murid-muride ora kuwat nggawa saking gedhene. Ki Sadipa nyoba njaluk tulung marang wong sacedhake alas kono. Nengahi Ki Sadipa lunga, Jaka Danu jebul sumusul tekan kana. Dheweke nyoba ngangkat kayu gedhe sing isih gumlethak iku. Anehe kanthi ora kangelan tur sajak entheng, Jaka Danu ngangkat lan mikul kayu iku. Meruhi bab iku murid-muride Ki Sadipa padha gumun.
Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku ……
Si Gesang
Ki Sadipa
Jaka Danu
Gumun
Tujuane Ki Sadipa golek kayu ing alas yaiku …..
ing alas akeh kayu gedhe
kanggo gawe prau
kanggo gawe umah
kanggo pegawean murid-muride
Jaka Danu duwe kaluwihan saka wong liyane yaiku dhweke bisa ........
ngangkat lan mikul kayu gedhe
negor kayu kang gedhe
golek kayu gedhe
gawe gumun marang wong liya
Endahe taman bisa dibeberake nganggo paragraf…………
dheskripsi
persuwasi
narasi
eksposisi
Lampu neyon madhangi. Tumpukan buku temata. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono. Lagi nulis. Sisih tengene ana laci. Piranti garisan, spidhol, lan liyane didodok kono. Ana tempelan jadwal pelajaran.
Paragraf iku nggambarake …………
meja tamu
meja guru
meja kepala sekolah
meja sinau
Tulisan lapuran kelebu karya ………
karangan
ilmiyah
dongeng
sastra
Tulisan ing nduwur diwaca ………..
banyu
bayu
banu
sayu
Pak Lurah lagi .......... menyang kelurahan. Anake uga lagi mangkat sekolah.
Tembung kang pas yaiku ……
mangkat
kesah
tindak
budhal
Ayu lagi (sapu) latar.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing jero tandha kurung yaiku ……….
disapu
kosapu
nyapu
daksapu
Kembang mawar iki sesuk mesthi bakal alum.
Tembung alum kosok baline ……
seger
bosok
alus
wangi
