WorksheetsBasa Jawa kelas 4 SD Khadijah 3
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Aminah nyapu latar.
Ukara iki klebu ukara .....
A. tanduk
B. tanggap
C. pakon
D. pitakon
Sing mundhut beras iku ibu.Ukara pitakone yaiku ....
A. Apa sing mundhut beras iku ibu?
B. Beras sing mundhut ibu ta?
C. Sapa sing mundhut beras iku?
D. Ing ngendi ibu mundhut beras?
Bukune mas Daffa arep (silih )adik.
Tembung silih benere ....
A. Bukune mas Daffa arep daksilih adik.
B. Bukune mas Daffa arep disilih adik.
C. Bukune mas Daffa arep kosilih adik.
D. Bukune mas Daffa arep kosilihi adik.
Bukumu apa wis (tata)?
Ukara (tata) benere ....
A. daktata
B. kotata
C. ditata
D. ditatani
Diwenehi ati kok ngrogoh ....
A. usus
B. weteng
C. udel
D. rempelo
"Koperasi Sekolah"
Koperasi sekolah iku salah sawijine organisasi ing sekolahan. Murid-murid iso dadi anggotane kabeh. Koperasi sekolah ngelatih murid-murid pada guyup rukun kerja bareng-bareng mbi kanca-kancane. Koperasi sekolah iku uga iso dadi papan panggonan supaya murid-murid pada latihan dodolan.
Koperasi sekolah iku dodol kabutuhan-kabutuhane para murid. Saka buku, pensil, garisan lan lia-liane. Koperasi sekolah gampangake murid-murid supaya iso tuku kabutuhan sekolah ing njero sekolahane dewe. Rega-rega ing koperasi sekolah uga murah-murah. Merga ngana para murid pada seneng tuku-tuku kabutuhan sekolah ing koperasi sekolah.
1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ….
A. Kagunaan koperasi sekolah
B. Organisasi koperasi
C. Koperasi Sekolah
D. Dodolan nang sekolahan
Opo wae contohe barang sing disediakake ing koperasi sekolah?
A. Tas, sepeda lan topi
B. Buku, pensil lan garisan
C. Pupuk, klambi lan obat
D. Obat lan sembako
Koperasi sekolah iso ngelatih murid-murid pada ….
A. Barengan nggarap PR bareng kanca-kancane
B. Guyub rukun latihan dodolan kanca-kancane
C. Dodolan kanthi untung kang akeh
D. Adol tinuku obat-obatan sing bermanfaat
Anggota koperasi sekolah yaiku ….
A. Bakul ing pasar
B. Pedagang kaki lima
C. Murid sekolah
D. Guru lan karyawan
Papan panggonan kanggo wong adol tinuku yaiku ….
A. Puskesmas
B. KUA
C. Sekolahan
D. Pasar
Wong sing penggaweane ngelakokake sepur yaiku ….
A. Nahkoda
B. Masinis
C. Pilot
D. Kondektur
Budhe untune lara. Basa kramane yaiku ….
A. Budhe wajane gerah
B. Budhe wajanipun lara
C. Budhe wajaning gerah
D. Budhe wajanipun gerah
Iku – digawe – kayu – lemari – saka.
Tembung-tembung iku urutane kang bener yaiku ….
A. Kayu iku digawe saka lemari
B. Digawe lemari iku kayu saka
C. Lemari iku digawe saka kayu
D. Lemari iku saka kayu digawe
Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku ….g
A. Budi lagi nata buku
B. Rina lagi mangan sega
C. Sepedane lagi digawa Tuti
D. Pak guru nembe dhahar pohong
Santi yen ketemu Galang iku kaya banyu karo lenga.
Tegese kaya banyu karo lenga yaiku ….
A. Akur banget pasedulurane
B. Pasedulurane ora bisa rukun
C. Pesedulurane akrab banget
D. Ora gelem pisah yen wes ketemu
Aku diwenehi dhuwit simbah.
Tembung diwenehi benere....
A. dicaosi
B. dipun paringi
C. disukani
D. dikei
Tembung ing ngisor iki sing nganggo seselan um yaiku ....
A. gumantung
B. sumbang
C. tumpang tindih
D. sumbar
Sing klebu ukara tanduk yaiku ....
A. Kembange aja kopetik
B. Bapak nandur jagung ing sawah
C. Sepedhaku dirusakajke adik
D. Bukune Daffa wis dakbalekake
Dhek wingi mas Arif ngunduk klapa ....
A. sadhompol
B. sajanjang
C. salonjor
D. sasiyung
Sanajan wujud lan rupane ala, Semar iku ...
A. angkara murka
B. tresna
C. pinter
d. becik atine
Prabu Puntadewa iku ratu ing negara ....
A. Ngastina
B. Ngamarta
C. Maduraka
D. Dwarawati
Janaka iku uga arane ....
A. Arjuna
B. Nakula
C. Sadewa
D. Werkudara
Aku iku bocah resikan. Resikan iku kosok balene ....
A. kemproh
B. reged
C. kesed
D. bodho
Ibu tuku sekul pecel. Ukara tuku benere ....
A. tumbas
B. mundhut
C. sadean
D. dodol
Kembang jagung iku arane jeprak. Yen kembang jambu arane ….
mayang
karuk
menik
gadhing
. Pakdhe lagi bali Malang.
Ukara ing dhuwur basa kramane yaiku ….
Pakdhe nembe tindak saking Malang
Pakdhe nembe wangsul menyang malang
Pakdhe nembe rawuh saking Malang
Pakdhe nembe wangsul saking Malang
Pandhawa sing kembar arane ....
Janaka lan Arjuna
Nakula lan Sadewa
Werkudara lan Puntadewa
Semar lan Gareng
Pandhawa ing pewayangan iku jumlahe ana ....
pitu
enem
limo
papat
Raden Janaka iku kasatiyan ana ing ….
Jodhipati
Madukara
Ngastina
Sawojajar
Sing klebu Punakawan yaiku .....
Semar, Gareng, Petruk, Janaka
Semar, Gareng, Arjuna, Janaka
Semar, Gareng, Petruk, Bagong
Semar, Gareng, Arjuna, Nakula
