wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

B. JAwa sem 2

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ing dhesa Dhadhapan ana mbak randha, mula katelah Mbok Randha Dhadhapan. Mbok Randha duwe anak wedok telu sing kesuwur ayu. Sing mbarep katelah Kleting Abang, sing nomer loro jenenge Kleting Ijo, dene sing wuragil Kleting Kuning.

Embuh apa sebabe Mbok Randha iku ora seneng karo anake sing wuragil. Beda karo mbakyu-mbakyune sing dipepaki sandhangan apik-apik. Dene Kleting Kuning diwenehi turahan wae. Ewa semana Kleting Kuning nurut bae apa ngendikane Ibune

Watake Mbok Randha yaiku ….

a)

A. adil

b)

B. pilih

kasih

c)

C. culas

d)

D. angkara

murka

2.

Saking ora kerumatan awake marga mung niyate ninggal keraton, awake Arya Bangsal dadi gudhigen lan gandane ora enak, amis. Mula, banjur katelah Jaka Budhug

Arya Bangsal awake kebak gudhig sebab awake ora ….


a)

dipakani

b)

tau ngombe

c)

tau siram

d)

cukup gizi

3.

Ki Ageng Pandhanaran wis prasetya ing ngarsane Sunan Kalijaga. Dina iku arep budhal menyang Gunung Jabalkat, kang sabanjure katelah Gunung Tembayat. Nyi Pandhanaran, ya Nyi Rambawati, isih usreg karo mas picis raja brana, mula ora bareng

Ki Ageng Pandhanaran arep budhal menyang ….

a)

gunung Merbabu

b)

gunung Jabalkat

c)

gunung Merapi

d)

gunung Muria

4.

Tembung raja brana tegese ….

a)

bandha donya

b)

sanak kadhang

c)

kewan ingonan

d)

tangga teparo

5.

Ing mangsa rendheng, lumrahe akeh udan lan panas. Kahanan kaya ngeniki asring nuwuhake lelara. Lelara ing mangsa rendheng iku rupa-rupa kayata pileg, watuk, gatel-gatel lan sak piturute.

Tema laporan ing dhuwur yaiku ….

a)

banjir ing mangsa rendheng

b)

lelara ing mangsa rendheng

c)

panas ing mangsa ketiga

d)

hama tikus wayah panen

6.

Wite jenenge damen, wohe kanggo pangan kang pokok, lumrahe ditandur ing sawah ana ing mangsa rendeng. Crita iki cocog kanggo nyritakake sing arane tanduran ….

a)

kacang

b)

jagung

c)

tela

d)

pari

7.

Ngisor iki laporan kang ngemot kahanan ana ing omah yaiku ….

a)

dina minggu esuk, Totok lan kanca-kancane menyang dhaerah pegunungan. Totok lan kanca-kancane dikancani Pak Sugi, bapake Totok.

b)

saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dina Sumpah Pemuda. Dina iku mujudake dina kang ngemu wigati.

c)

ing plataran omahe Eka sing ora patia jembar katon edhum. Sisih tengen plataran ana wite blimbing. Godhonge ijo royo-royo. Wohe pating grandhul

d)

saben taun lumrahe ana udan. Yen udane deres banget lan terus-terusan, mesthi banjir. Anane banjir, temahan thukul lelara.

8.

Barang sing biasa ana ing njero kelas ….

a)

kipas angin

b)

meja kursi

c)

meja mangan

d)

televisi

9.

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u iki cengkorongane tembang ….


a)

. mijil

b)

pangkur

c)

gambuh

d)

kinanthi

10.

Klompok tembang ngisor iki sing klebu tembang macapat yaiku ….

a)

jaranan, lir-ilir, cublak suweng

b)

mijil, pangkur, pocung, gambuh

c)

wirangrong, balabak, jumengglung

d)

lir-ilir, pocung, pangkur, jaranan

11.

Manuk Rajawali njaluk supaya manuk Dara diulungake arep dimangsa. Nanging Prabu Usinara ora menehake, kersane arep diijoli daginge Prabu Usinara. Rajawali gelem menawa daginge Prabu usinara timbangane padha karo bobote manuk Dara. Prabu Usinara watake ….

a)

. sabar

b)

. sopan santun

c)

welas asih

d)

kurang duga

12.

Lairmu babarmu

Tinuntun kawah

Abantal embing-embing

Ora sepiraa

Alambar ludira

Totohane nyawa

Awit wohing sutresna

Manut ujude, karangan ndhuwur arane ….

a)

prosa

b)

geguritan

c)

tembang

d)

cangkriman

13.

Raden Arjuna kuwi satriya Madukara. Putra katelu saka Prabu Pandhu Dewanata. Ibune aran Dewi Kunthi Talibrata. Nalika isih cilik, Raden Arjuna kuwi jenenge Raden Permadi. Jeneng liyane yaiku Raden Pramadya, Raden Janaka, Raden Margana, Raden Palguna, lan Raden Dananjaya.

Raden Arjuna kuwi seneng tetapa lan nulungi sepadha-padha. Bagus pasuryane, alus budi pekertinae, seneng sesrawungan, lan pinter netrepake diri ing papan kang beda-beda.

Raden Arjuna sekti mandraguna lan kinasih para dewa. Raden Arjuna pinter tumrap olah senjata panah. Senjatane jenenge pasopati, pulanggeni, lan ardodhedhali.

Sifate Raden Arjuna yaiku…

a)

a. Alus budi, senneg sesrawungan.

b)

b. Alus budi, ala rupane

c)

c. Angkaramurka,seneng sesrawungan

d)

d. Angkara murka, ala rupane

14.

Tedhak Siti

Wontwn adat tata cara jawi

Wilujengan putra pitung wulan

Tedhak siti ebutane

Pitu urutanipun

Kang sepisan iku nyirami

Kalihnya midak jadah

Menek tebu wulung

Dikurung ingkang kaping pat

Udhik-udhik ubarampe kacepaki

Sesaji kang pungkasan

Tedhak siti padha karo…

a)

a. Mudhun gendhongan

b)

b. Menek tebu wulung

c)

c. Mudhun lemah

d)

d. Bocah di kurung

15.

GAMBUH

Aran sepur puniku

Yen ta mandheg aneng setasiun

Lamun kendharaan ingkang namine bis

Terminal panggenangipun

Kirim laying neng kantor pos

1. Tembang gambuh ing dhuwur ana pirang gatra…

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

16.

Tembang gambuh kalebu tembang…

a)

Macapat

b)

Dolanan

c)

. Gedhe

d)

Tengahan

17.

1. Bapak lagi maca Koran.

Basa kramane…

a)

Bapak saweg maca Koran

b)

Bapak lagi maos Koran

c)

Bapak lagi maca Koran

d)

Bapak saweg maos Koran

18.

Simbah gerah napa?

Wangsulan kang trep kanggo pitakon ing dhuwur yaiku…

a)

a. Simbah gerah waja

b)

b. Simbah gerah untu

c)

c. Simbah lara untu

d)

d. Simbah lara waja

19.

1. Panggonan madhege sepur yaiku…

a)

a. Terminal

b)

b. Pelabuhan

c)

c. Setasiun

d)

d. Bandara

20.

1. Yen bathi sithik wenehke bae. Kosok baline bathi yaiku…

a)

untung

b)

rugi

c)

impas

d)

tuku