wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

USEK BAHASA JAWA KELAS 6 SDK DHARMA MULYA

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Sapu Sada

Jum,at asri

Resik lan sehat

Cancut taliwanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Isi geguritan ing ndhuwur , yaiku....

a)

a. mujudake adiwiyata

b)

b. cancut taliwanda

c)

c. resik lan sehat

2.

Lintang – lintang

Lintang – lintang abyor ing tawang

Cumlorot sliweran nalika alihan

Kumleyang menclok ing socamu kasihku

Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar

Ing telenge atimu tansah dakantu


Miturut geguritan ing ndhuwur , tembung ing tawang tegese....

a)

a. bulan

b)

b. langit

c)

c. gunung

3.

Kreteg Kayu

Sinambung karya ing dina Minggu

Ndandani kreteg kayu rame-rame bebarengan

Tumandang gawe sowang-sowang

Dhatan ngresula jroning kalbu


Geguritan ing ndhuwur , isine....

a)

a. nyambut gawe ing dina Minggu

b)

b. dina Minggu gotong royong ndandani kreteg kanthi ikhlas

c)

c. nyambut gawe sing ikhlas

4.

Sapu Sada

Jum,at asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih


Tembung sing kacithak miring ing geguritan ndhuwur iku tegese....

a)

a. seneng banget

b)

b. nyambut gawe

c)

c. resik lan asri

5.

Prabu Puntodewa iku satriya pembarepe Pandhawa. Asmanae sing dadi pocapan yaiku Yudhistira , jumeneng nata ing Ngamarta , putrane Dewi Kunthi lan Prabu Pandhu Dewanata. Prabu Puntadewa iku jujur, ora nate goroh , lan ora kersa perang, mula ora duwe gaman.


Pesen moral crita ing ndhuwur , dadi uwong iku ....

a)

a. kudu jujur

b)

b. seneng perang

c)

c. ora duwe gaman

6.

Pak Slamet tansah takon anake bab carane migunakake komputer.


Ukara ing ndhuwur , paribasane....

a)

a. kebo nusu gudel

b)

b. kebo kabotan sungu

c)

c. bathok bolu isi madu

7.

Pucung

Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan menungsa.


Tembang macapat ing ndhuwur batangane....

a)

a. becak

b)

b. sepur

c)

c. motor mabur

8.

Bocah kuwi....mulane disenengi kancane.


Paribasan kang mathuk kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur , yaiku....

a)

a. kakehan gludhug kurang udan

b)

b. durung pecus selak besus

c)

c. sepi ing pamrih rame ing gawe

9.

Kabeh kudu nuntut elmu

Kanggo pedhomane urip

Neng ndonya lan neng akherat

Dene elmu dipahami

Mula keh keuntungane

Lan katentremane urip


Isine tembang macapat Kinanthi ing dhuwur, yaiku....

a)

a. ndonya lan akherat

b)

b. pedhomane urip

c)

c. nuntut ilmu

10.

Gunung –gunung aneng bumi pertiwi

Merak ati endah

Gunung Bromo lan Merapi

Agung Kerinci Arjuna


Guru wilangan lan guru lagune

gatra katelu tembang ing ndhuwur , yaiku....

a)

a. 8 i

b)

b. 6 a

c)

c. 12 i

11.

Alun – alun wayah sore

Alun-alun ing kuthaku diapit karo bangunan penting . Ing wetan ana pendhapa kabupaten kang endah asri . Ing sisih kulon ana masjid Jami, lan penjara. Yen madhep mengidul katon tharik-thariktoko pecinan. Dene ing sisih elore ana kantor polisi lan gedhung sekolah SMP Negeri I. Jenenge bae alun-alun, dadi ya bunder ser.


Tembung sing kacithak miring ing paragraf ndhuwur , tegese....

a)

a. ala

b)

b. apik

c)

c. amba

12.

Bebayane Mbuwang Sampah Sembarangan

Ing wayah rendheng larahan utawa sampah – sampah mau akhire mbunteti dalan banyu. Ing kutha-kutha apa maneh . Kalen-kalen ing antarane perumahan iku dadi kebak larahan . Ana botol plastik , bungkus jajan, tas kresek , godhong , sayuran lan sapanunggalane.

Yen udane deres banget , kalen –kalen buntet, akhire banyune mbludag ing dalan-dalan . Suwe-suwe banyune dadi mambeg saenggon-enggon. Apa maneh yen ora banjir ? Alon-alon banyune saya dhuwur , anguk-anguk ing plataran omah .

Isine pawarta ing paragraf siji, yaiku....

a)

a. mbuwang sampah sembarangan bisa mbunteti dalan banyu

b)

b. mbuwang sampah sembarangan

c)

c. sampah ambune banger

13.

Jago Abang

Pas aku siap-siap arep budhal sekolah, ndilalah ana pawarta ing televisi martakake babagan kobongan . Prastawa iku kedadeyan ing salah sawijining panggonancedhak sekolahku.Kedadeyan iku watra jam 2 esuk .Aku banjur kaget , eling karo kancaku sakelas sing manggon ana omah kobongan mau. Sajroning batin aku donga , muga-muga kancaku ora papa.

Crita ing dhuwur kalebu jenise cerita ....

a)

a. Narasi

b)

b. Persuasi

c)

c. Deskripsi

14.

Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Mekarsari nganakake perkemahan Sabtu Minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam, Kecamatan Wonosalam , Kabupaten Jombang. Jam pitu esuk dina Sabtu , bocah-bocah lan Bapak , Ibu guru wis padha ngumpul ing sekolahan .

Lungane numpak bis Indah Jaya.


Ukara sing katulis kandel , yen diowahi dadi basa krama alus, benere....

a)

a. Budhalipun numpak bis Indah Jaya

b)

b. Tindakipun nitih bis Indah Jaya

c)

c. Bidhalipun nitih bis Indah Jaya

15.

Padhang Bulan

Yo pra kanca dolanan ing njaba

Padhang bulan padhange kaya rina

Rembulane kang ngawe-awe

Ngelikake aja padha turu sore


Isi tembang dolanan ing ndhuwur yaiku ngajak dolanan ing ....

a)

a. wayah sore sadurunge mangan

b)

b. wayah padhang bulan

c)

c. wayah sore aja turu sore

16.

Ukara “ Padhang mbulan padhange kaya rina “ ing tembang dolanan ing ndhuwur ngemu karep, padhang kaya....

a)

a. wayah tengah wengi

b)

b. sunare srengenge

c)

c. wayah awan

17.

Gundhul - gundhul pacul cul gembelengan

Nyunggi – nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul glimpang segane dadi saratan


Tegese tembung saratan , yaiku....

a)

a. saomah

b)

b. sadalan

c)

c. sameja

18.

Raden Janaka ( Arjuna ) panengahing Pandhawa , putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi , kasatriyane ing Madukara . Wujude satriya bagus tanpa cacat. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane , amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga , kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen .


Watake Janaka ing crita kasebut , yaiku....

a)

a. murang tata

b)

b. becik lan tinata

c)

c. angkara murka

19.

Tembang macapat Pangkur iku duweni gatra cacahe....

a. 6

b. 8

c. 7

a)

a. 6

b)

b. 8

c)

c. 7

20.

(1 ) Tembang juru demung

( 2 ) Tembang Pangkur

( 3 ) Tembang Mijil

( 4 ) Tembang Wirangrong

( 5 ) Tembang Pamularsih

( 6 ) Tembang Sinom


Kang kalebu tembang macapat , yaiku....

a)

a. 2, 3 , 6

b)

b. 1 , 3 , 6

c)

c. 2, 4, 6