NEW
Font size
WorksheetsPacelathon
Total questions: 10
Worksheet time: 17mins
Proses komunikasi kang ditindakake dening wong loro utawa luwih diarani...
monolog
prolog
celathu
pacelathon
Tata cara panulise pacelathon/dialog ditengeri nganggo tandha pethik...
tunggal
loro
dhuwur
ngisor
Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing dijak guneman, mula anggone nggunakake basa kudu...
tumpang suh
manut kekarepane dhewe
trep ora kena tumpang suh
ora runtut
Ukara kang ana ing antarane tandha petik gandha ing teks pacelathon iku nuduhake isi ...
tulisan
omongan
pakaryan
amanat
1). Pak, panjenengan dhahar rumiyin kemawon!
2.) Saben Kemis sore Dwi melu ekstra karawitan ana sekolahan.
3.) Sedaya sampun sarujuk menawi dinten Minggu badhe dipunwontenaken kerja bakti lingkungan kelas.
4.) Astane mas Adi keseleo nalika kondur kantor.
5.) Rikmanipun pakdhe sampun pethak sedaya benten kaliyan rikmanipun bapak ingkang taksih cemeng sedaya.
Ukara ing dhuwur kang migunanake basa krama alus yaiku...
1), 2), 4)
3), 4)
1), 3), 5)
1), 3)
Kula sampun nedha, menawi ibu dereng...
Tembung kang trep kanggo nggenepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku..
dhahar
madhang
maem
ngemil
Bu Ratna : "Kowe mau bengi apa ndeleng TV?"
Sinta : "........."
Bu Ratna :" Iya aku uga ndeleng."
Wangsulanipun Sinta ingkang trep kaliyan unggah-ungguh...
"Inggih , kula ningali, panjenengan menapa inggih mirsani?"
"Inggih kula ningali, sampeyan napa nggih ningali?"
"Inggih kula mirsani, panjenengan inggih mirsani?"
"Inggih kula ningali, sampeyan napa nggih mirsani?"
Yudha pancen bocah pinter tur unggah-ungguhe-ungguhe ganep. Nalika iku dheweke lagi didangu Pak Mardi babagan lelara sing nate dialami dheweke lan kulawargane. Dheweke matur yen nate kena DB nganti sesasi. Ature nganggo unggah-ungguh sing bener kepiye?
"Aku tau lara DB nganti sesasi, Bu".
"Kula nate sakit DB ngantos sawulan, Bu."
"Kula nate gerah DB ngantos sesasi, Bu."
"Kula nate sakit DB ngantos sesasi, Bu."
Tembung kang salah nanging wis kaprah diarani...
kerata basa
tembung garba
tembung entar
rura basa
Ing ngisor iki sing kalebu tembung rura basa yaiku...
wedang
sitinggil
nggodhog wedang
abang branang
