wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

EVALUASI BAHASA JAWA KELAS IV 2019 - 2020

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Salah siji tuladha kaendahane seni lan selaras karo bocah – bocah sing seneng dolanan yaiku…

a)

Tembang campursari

b)

Tembang macapat

c)

Tembang dolanan

d)

Tembang mijil

2.

Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah - bocah ngenani …

a)

Ilmu pengetahuan

b)

Keterampilan

c)

Budi pekerti

d)

Olah raga

3.

Salah siji cirine tembang dolanan yaiku ...

a)

Ukarane cekak lan prasaja

b)

Ukarane endah lan angel

c)

Ukarane dawa – dawa

d)

Cengkok utawa lagune angel

4.

Ing tembang sluku – sluku bathok diceritaake yen bapake lunga menyang …

a)

Malang

b)

Bojonegoro

c)

Solo

d)

Mojokerto

5.

Ing tembang dolanan sluku – sluku bathok, Si Rama bali saka lunga nggawa oleh – oleh, wujude …

a)

Payung muntha

b)

Woh-wohan

c)

Dhuwit

d)

Roti

6.

Manut isine lagu “Gambang Suling”, sing gawe sigrake tembang yaiku alat musik …

a)

Suling

b)

Gong

c)

Kendhang

d)

Ketipung

7.

Tembang “Ilir - ilir” kalebu jinise tembang …

a)

Dolanan

b)

Macapat

c)

Campur sari

d)

Mijil

8.

Ukara sing ngandhaake yen kupu ing taman ora bisa di cekel yaiku …

a)

Sapa bisa ngincupake

b)

Mung mabure ngewuh ake

c)

Kupu kuwi tak incupe

d)

Mentas menclok jegrek

9.

Ngomong antarane anak menyang bapake kudu nganggo basa …

a)

Krama lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

10.

“Yen segone wis mateng nuli madhang”

Tembung madhang basa krama aluse …

a)

Mangan

b)

Nedha

c)

Nedhi

d)

Dhahar

11.

“Har, kowe dhek mau apa melu nyambangi Shodiq?”

Ukara mau tembung – tembunge nganggo basa …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

12.

Aku melu ibu menyang pasar.

Ukara mau yen diowahi dadi basa krama alus yaiku …

a)

Kula ndherek ibu kesah pasar

b)

Kula ndherek ibu tumut pasar

c)

Kula ndherek ibu tindhak peken

d)

Kula ndherek ibu tindhak pasar

13.

Pak Jamil duwe wedhus papat.

Yen diowahi krama inggil dadi …

a)

Pak Jamil gadha menda sekawan

b)

Pak Jamil kagungan menda sekawan

c)

Pak Jamil kagungan maesa sekawan

d)

Pak Jamil kagungan lemba sekawan

14.

Aksara Jawa iku cacahe ono …

a)

14

b)

16

c)

18

d)

20

15.

Sandhangan ing Aksara Jawa dikelompokake dadi …

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

16.

“Wulu” yaiku sandhangan kanggo swara …

a)

Swara " u "

b)

Swara " e "

c)

Swara " i "

d)

Swara " o "

17.

“Suku” yaiku sandhangan kanggo swara …

a)

Swara " i "

b)

Swara " u "

c)

Swara " e "

d)

Swara " o "

18.

“Layar” yaiku sandhangan sigeg.

Gantine aksara sigeg …

a)

Swara “ h ”

b)

Swara “ y ”

c)

Swara “ r ”

d)

Swara “ ng ”

19.

Tembung “metu” iku yen ditulis nganggo aksara jawa migunaake sandhangan swara …

a)

Pepet lan suku

b)

Pepet lan wulu

c)

Taling lan suku

d)

Taling lan wulu

20.

Tembung kang isi wutuh kang durung oleh tambahan (imbuhan) apa – apa utawa tembung sing isih asli durung owah saka asale iku diarani tembung …

a)

Andhahan

b)

Lingga (kata dasar)

c)

Tanggap

d)

Tanduk

21.

Ukara ing ngisor iki kang kalebu tembung lingga yaiku …

a)

Mangan

b)

Nggambar

c)

Nyapu

d)

Tulis

22.

Adhike yen mangan sedina ping telu.

Tembung mangan iku asale saka tembung lingga …

a)

Mangan

b)

Pangan

c)

Pakan

d)

Mangani

23.

Bapak unjuk wedang jahe abrit.

Tembung sing ngisore digaris iku mathuke muni …

a)

Diunjuk

b)

Ko unjuk

c)

Dak unjuk

d)

Ngunjuk

24.

Kembang Lombok arane …

a)

Menik

b)

Karuk

c)

Mayang

d)

Gadhing

25.

Godhong asem arane …

a)

Dliring

b)

Jompong

c)

Sinom

d)

Lembayung

26.

Isi sawo arane …

a)

Klungsu

b)

Kecik

c)

Beton

d)

Pelok

27.

Tahun 1945 ing Surabaya ana prastawa gedhe, yaiku …

a)

Ana pertempuran iwak Sura lan Baya

b)

Surabaya oleh sebutan kutha pahlawan

c)

Ana pertempuran arek – arek Surabaya nglawan penjajah

d)

Surabaya mbangun Tugu Pahlawan

28.

Suwar – suwir salah sijine panganan khas Jawa Timur sing asale saka …

a)

Bondowoso

b)

Ponorogo

c)

Malang

d)

Jember

29.

Yen saka Bojonegara ana panganan sing wujud jajan arane …

a)

Ledre

b)

Wingko

c)

Ondhe – ondhe

d)

Empek – empek

30.

Pudhak iku panganan khas saka …

a)

Lamongan

b)

Tuban

c)

Gresik

d)

Sidoarjo