NEW
Font size
WorksheetsPAT BAHASA DAERAH Kelas VII
Total questions: 40
Worksheet time: 38mins
Tempe iku, panganan tradhisional kang wus kondhang cocok banget karo ilate bangsa Indonesia. Kabukten prasasat meh saindhenging tlatah Indonesia ana bae warga kang gawe panganan saka kedhele iki. Tumrape wong Jawa, mangan sega yen lawuhe tanpa ana tempene kaya-kaya olehe mangan isih durung genep. Saka tempe bisa dadi panganan warna-warni, kayata: kering tempe, kripik tempe, tempe penyet, tempe bacem,mendhoan, brengkes tempe, lan sapanunggalane.
Gagasan pokok punggelan wacan ing dhuwur yaiku ………
Tempe iku cocok karo ilate bangsa Indonesia
Tempe iku panganan tradhisional
Tempe iku wis dikenal karo bangsa Indonesia
Macem utawa jenise tempe
Tempe iku, panganan tradihisional kang wus kondhang cocok banget karo ilate bangsa Indonesia. Kabukten prasasat meh saindhenging tlatah Indonesia ana bae warga kang gawe panganan saka kedhele iki. Tumrape wong Jawa, mangan sega yen lawuhe tanpa ana tempene kaya-kaya olehe mangan isih durung genep. Saka tempe bisa dadi panganan warna-warni, kayata: kering tempe, kripik tempe, tempe penyet, tempe bacem,mendhoan, brengkes tempe, lan sapanunggalane.
Saka tempe bisa dadi panganan kang maneka warna bisa kasebut ana ing ngisor iki, kajaba ……
Kripik tempe
Kering tempe
Tempe bacem
Tempe gembuk
Minurut penelitian, tempe kang digawe saka kedhele garing gizine dhuwur. Kedhele garing minangka bahan tempe ngandhut kalori 361; protein 30,2; lemak 18,1; karbohidrat 34,8; kalsium 227; fosfor 585; besi 80, lan liya-liyane. Mula sanajan tempet regane murah, nanging penting banget kanggone kasarasan. Malah ing Inggris pasien kang lagi nindakake operasi diprayogakake mangan tempe supaya kasarasan lan kekuatane cepet pulih.
Sing ora kalebu gagasan ukara ing dhuwur yaiku ……
Tempe digawe saka kedhele garing gizine dhuwur
Kedhele garing minangka bahan tempe kinandhut kalori,protein ,lemak, karbohidrat, kalsium, fosfor, besi.
Tempe murah regane, penting kanggine kasarasan
Jenise kedhele sing digawe tempe yaiku kedhele markonah lan kedhele lokal
Minurut penelitian, tempe kang digawe saka kedhele garing gizine dhuwur. Kedhele garing minangka bahan tempe ngandhut kalori 361; protein 30,2; lemak 18,1; karbohidrat 34,8; kalsium 227; fosfor 585; besi 80, lan liya-liyane. Mula sanajan tempet regane murah, nanging penting banget kanggone kasarasan. Malah ing Inggris pasien kang lagi nindakake operasi diprayogakake mangan tempe supaya kasarasan lan kekuatane cepet pulih.
Kang dadi simpulane wacan ing ndhuwur yaiku ……
Tempe murah regane
Tempe digawe saka kedhele kang duweni gizi dhuwur tur murah regane
Kedhele iku dibutuhake karo kesehatane awak
Kanthi mangan tempe bisa njaga kuwarasan
“Kesarasan iku gedhe banget paedhae tumrap manungsa, bebasane bondho kang ora kena ngukur regane. Duwea dhuwit kang akeh, mas-masan kang tanpa kena dietung. Malah montor mabur pisan, nanging yenawake lara-laraen kabeh mau ora ana tegese.
Mula saka iku ayo padha njaga bab kasarasan iku. Carane werna-werna bisa kanthi memangan kang ngandhutgizi kang mupangati tumrap peranganing awak, kudu tansah resikan, aja nganti crobo, lan olah raga kangcukup………”
Adhedhasar wacan ing dhuwur kasarasan bisa dijaga kanthi sarana ……
Mangan kang akeh tansah resikan lan ora crobo
Mangan kang ngandhut gizi
Mangan kang enak, njaga karesikan lan ora crobo
Mangan kang ngandhut gizi, tansah resikan lan ora crobo
“Kesarasan iku gedhe banget paedhae tumrap manungsa, bebasane bondho kang ora kena ngukur regane. Duwea dhuwit kang akeh, mas-masan kang tanpa kena dietung. Malah montor mabur pisan, nanging yenawake lara-laraen kabeh mau ora ana tegese.
Mula saka iku ayo padha njaga bab kasarasan iku. Carane werna-werna bisa kanthi memangan kang ngandhutgizi kang mupangati tumrap peranganing awak, kudu tansah resikan, aja nganti crobo, lan olah raga kang cukup………”
Kang dadi gagasan pokok pada kapisan saka wacan ing dhuwur yaitu ……
Kasarasan bisa diukur saka akehe bandha
Dhuwit akeh, mas-masan lan mobil kalebu perangane kesehatan
Kasarasan iku gedhe banget paedhae tumrap manungsa, bebasane bandha tanpa kena diukur regane
Awak kang lara-laranen disebabake ora duwe bandha
Pitutur-pitutur saka wong kang tuwa kudu tansah diestokake.Tegese diestokake yaiku ……..
Digatekake
Dimirengake
Diwangsuli
Digatekake lan ditindakake
Yen wong enom ngomong karo wong tuwa nggunakake .....
Basa krama alus
Basa ngoko
Basa ngoko alus
basa krama lugu
Saben wong kudu (jaga) karesikan supaya sehat. Tembung ‘jaga’ manawa diwenehi ater-ater anuswara dadine ... .
Njagakake
Njaga
Dijaga
Jaga-jaga
“Bocah-bocah kelas sanga padha (suwun) pangestu marang Bapak / Ibu guru”. Tembung ‘suwun’ manawa diwenehi ater-ater anuswara dadine ... .
Disuwuni
Nyuwunake
Nyuwun
Matursuwun
“Ibu …………dhateng Yogyakarta kaliyan Bapak lan kangmasku”.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku ... .
Lunga
Tindak
Budhal
Kesah
Parto : “Pak, punopo panjenengan ngersakaken ngunjuk kopi ?”
Bapak : ..........................................
Parto : Inggih, Pak.
Wangsulan sing bener yaiku ...
Inggih to, cepet nggih !
Mboten, matursuwun !
Iya to, sing rada pait wae ya ?
Ora, banyu putih mawon !
Nalika ana salah sawijining murid telpon marang gurune, basa kang trep digunaake yaiku ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
basa gaul
Pak Karjo : “Halo …”
Pak Hadi : “Halo, sugeng sonten, Pak!”
Pak Karjo : “Inggih, sugeng sonten “
Pak Hadi : “….................? “
Pak Karjo : “Inggih leres.”
Ganepan kang trep pacelathon ing telepon ana ing dhuwur yaiku …
Punapa kula saged kepanggih kaliyan Pak Karjo
Wonten punapa Pak Karjo
Niki sinten nggih Pak Karjo
Punapa leres menika Pak Karjo
Dina iku simbah ngendika, biyen ana bocah telu sing lagi mulih sekolah njupuk pelem sing ana pekarangane simbah nanging ora matur dhisik. Sing loro menek ana ndhuwur, dene sing siji ngumpulake ana ngisor. Pirsa bocah telu lagi lagi gayeng milihi pelem mau simbah nyedak alon-alon. Sing ana ngisor dijawil karo dikandhani alon-alon, yen padha luwe ayo padha menyang omah bae, simbah wis mateng anggone gawe sayur lodheh karo nggoreng gereh. Bocah mau karo keweden malah mlayu nggeblas tanpa pamit.
Ingkang dipuncariyosaken simbah punika wekdal kadadosanipun....
dinten punika
kala wingi
sakmenika
kala rumiyin
Dina iku simbah ngendika, biyen ana bocah telu sing lagi mulih sekolah njupuk pelem sing ana pekarangane simbah nanging ora matur dhisik. Sing loro menek ana ndhuwur, dene sing siji ngumpulake ana ngisor. Pirsa bocah telu lagi lagi gayeng milihi pelem mau simbah nyedak alon-alon. Sing ana ngisor dijawil karo dikandhani alon-alon, yen padha luwe ayo padha menyang omah bae, simbah wis mateng anggone gawe sayur lodheh karo nggoreng gereh. Bocah mau karo keweden malah mlayu nggeblas tanpa pamit.
Watakipun simbah wonten ing pethikan kasebut...
sabar
galak
lucu
medeni
Dina iku simbah ngendika, biyen ana bocah telu sing lagi mulih sekolah njupuk pelem sing ana pekarangane simbah nanging ora matur dhisik. Sing loro menek ana ndhuwur, dene sing siji ngumpulake ana ngisor. Pirsa bocah telu lagi lagi gayeng milihi pelem mau simbah nyedak alon-alon. Sing ana ngisor dijawil karo dikandhani alon-alon, yen padha luwe ayo padha menyang omah bae, simbah wis mateng anggone gawe sayur lodheh karo nggoreng gereh. Bocah mau karo keweden malah mlayu nggeblas tanpa pamit.
Ingkang dijawil simbah lan badhe diajak nedha (mangan) inggih punika....
bocah telu ingkang nembe menek wit
bocah setunggal ingkang nembe menek wit
bocah setunggal ingkang nembe wonten ing andhap wit
bocah kalih ingkang nembe menek wit
Dina iku simbah ngendika, biyen ana bocah telu sing lagi mulih sekolah njupuk pelem sing ana pekarangane simbah nanging ora matur dhisik. Sing loro menek ana ndhuwur, dene sing siji ngumpulake ana ngisor. Pirsa bocah telu lagi lagi gayeng milihi pelem mau simbah nyedak alon-alon. Sing ana ngisor dijawil karo dikandhani alon-alon, yen padha luwe ayo padha menyang omah bae, simbah wis mateng anggone gawe sayur lodheh karo nggoreng gereh. Bocah mau karo keweden malah mlayu nggeblas tanpa pamit.
Piweling simbah, dados tiyang sanajan boten gadhah bandha/dhuwit prayoganipun...
boten tumindak ingkang boten colong jupuk
boten tumindak colong jupuk
tumindaka ingkang colong jupuk
tumindaka colong boten jupuk
Pak Sastro : Nak Budi kuwi daleme pundi ?
Budi : ...................
Wangsulanipun Budi ingkang leres inggih punika...
omah kula caket griyanipun Pak Lurah
griya kula cedhak griyanipun Pak Lurah
griyaku caket dalemipun Pak Lurah
griya kula caket dalemipun Pak Lurah
1. Mulane, aja kemproh ... ! aja sembarangan anggone ndeleh barang sing reged
2. Demam berdarah sawijine penyakit sing mbebayani
3. Amarga bisa kanggo sarange nyamuk.
4. Penyakit sing ditularake dening nyamuk aedes aegypti
5. Kita kudu bisa njaga karesikan ing njero lan njaba omah
Prathelan-prathelan ing ndhuwur supaya dadi carita disusun kanthi urutan...
2 – 4 – 5 – 1 – 3
1 – 5 – 4 – 2 – 3
4 – 2 – 5 – 3 – 1
2 – 4 – 3 – 5 – 1
“Bocah-bocah lagi padha sinau ing teras”. Sing dadi jejere ing ukara kasebut yaiku ... .
Bocah-bocah
Lagi padha
Sinau
Ing teras
“Pamarentah Kutha Mojokerto nganakake program jam wajib belajar wiwit jam 18.00 – 19.00”.
Wasesane ing ukara kasebut yaiku ... .
Pamarentah Kutha Mojokerto
Nganakake program
Jam wajib belajar
Jam 18.00 – 19.00
“Wahyu lagi nyapu latar”.
Ing ukara kasebut lesane yaiku ... .
Wahyu
Lagi
Nyapu
Latar
Bu Marti : “.....................................”
Intan : “Kula bidhal saking griya tabuh jam 06.00”
Pitakenan Bu Marti ingkang leres inggih punika .... .
Dek Intan dhek mau mangkat jam pira ?
Bu Marti kalawau tindak jam pinten ?
Dek Intan kala wau kondur jam pinten ?
Bu Marti dhek mau mangkat jam pira ?
”Kowe arep lunga ning omahe Riska”.
Basa krama aluse ukara kasebut yaiku ...
Kowe ajeng tindak ning omahe Riska
Panjenengan badhe tindak ing dalemipun Riska
Panjenengan ajeng kesah ing dalemipun Riska
Panjenengan badhe tindak ing daleme Riska
Pak Bagus : ton, geneya bapakmu kok ora melu arisan ?
Anton : ..................................!
Wangsulan ingkang leres inggih punika .... .
Bapak taksih ndherekaken Pakdhe dateng Solo Pak
Bapak durung rawuh Pak
Bapak taksih turu Pak
Waduh, mboten ngerti Pak
Yen mlaku ing ngaerepe wong kudu ... .
Mlaku karo mlayu
Ngucapake nyuwun sewu
Ngguya-ngguyu
Ngelungake dhuit
Manawa ngelungake barang kudune ... .
Diuncalake
Meneng wae
Nggunakake tangan tengen
Ngomong terus ora mandheg
Bu Nining : “mbak, brambang iki regane pira ?”
Pedagang : “.............................. !”
Wangsulan ingkang leres inggih punika .... .
Kuwi mung setunggalewu, Bu
Menika kalehewu, Bu
Menika telungewu, Bu
Menika sekawanewu wae, Bu
Tukang becak : “mbak, aku dak mangan sek ya !”
Rina : “.................................. !”
Wangsulan ingkang leres inggih punika...
Iya Pak, sing akeh ya
Inggih pak, aja sungkan-sungkan
Inggih monggo Pak, dipunsekecakaken
Kula wau nggeh sampun mangan
Rudy : “.................................... ?”
Pak RT : aku seka nonton konsere grup band “blackpink”, Rud !
Pitakenan ingkang leres inggih punika...
Pak RT seka ngendi
Pak RT saking pundi
Pak RT sae-sae mawon
Pak RT numpak napa
Ukara sing bener unggah-unggahe basa yaiku .... .
Kula sampun adus
Kula sampun dhahar
Aku tindak dhisik
Kula sampun siram
Sing nganggit tulisan jawa yaiku …
Aji Saka
Ki Hajar Dewantara
Prabu Brawijaya
Patih Gajah Mada
Tembung sing durung owah saka asale diarani…
Tembung Tanduk
Tembung Ancah
Tembung Lingga
Tembung Aran
Obyek wisata sing ana ing Jawa Timur yaiku .... .
Candi Borobudur
Candi Prambanan
Candi Muara Takus
Candi Brahu
Panganan sing dadi ciri khas Kutha Mojokerto yaiku .... .
Lumpia
Wingko babat
Onde-onde
Terang Bulan
Aksara Jawi punika cacahipun wonten .... .
10
15
20
25
"Eyang lagi mangan sego goreng ana buri."
Ukara kasebut yen disalin nganggo basa krama alus dadi....
Eyang lagi mangan sego goreng wonten wingking
Eyang saweg nedha sekul goreng wonten wingking
Eyang saweg dhahar sekul goreng wonten wingking
Eyang lagi madhang sego goreng wonten wingking
Pak Bupati ngadeg ing ngarep podhium.
Yen diubah dadi krama alus …..
Pak Bupati ngadeg ing ngajeng podhium
Pak Bupati jumeneng ing ngajeng podhium
Pak Bupati jumeneng wonten ngarep podhium
Pak Bupati jumeneng wonten ngajeng podhium
(1) Apa bener kowe wis nyambut gawe?
(2) Panjenengan badhe tindak pundi ?
(3) Aku sesuk arep menyang omahmu.
(4) Bapak badhe tindak kantor.
(5) Ibu badhe mundhut gendhis.
Ukara-ukara ing ndhuwur sing klebu basa krama, yaiku ……
(1), (2), (4)
(2), (3), (4)
(2), (3), (5)
(2), (4), (5)
