Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan UH Bhs Jawa Pewayangan (Bagian 1)

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Puntadewa minangka pembayun duwe watak wicaksana, adil, ambegdarma lan narima. Raden Werkudara panengaking Pandhawa gedhe dhuwur gagah prakosa nduweni watak jujur. Raden Arjuna satriya kang sekti mandraguna kondhang baguse, prigel lan pinter manah, jejuluk lelananging jagadRaden

Puntadewa dalah adhi-adhine duwe watak andhapasor, prasaja lan seneng ngangsu kawruh ing babagan kasekten, nanging najan mangkono ora seneng pamer kasekten lan kadigdayan.

Kepriye watak e raden Puntadewa dalah adhi-adhine .... .

a)

wicaksana, adil ambegdama lan narima

b)

gagah prakosa lan jujur

c)

prigel lan pinter manah

d)

andhap asor, prasaja lan seneng ngangsu kawruh

2.

Nalika Pandhawa kalah dhadhu karo bala Kurawa, kudu kaukum buwang lawase 12 tahun, kabeh dilakoni kanti narima. Mula nalika perang Baratayudha Pandhawa unggul ing yudha pindhah kraton menyang negara ngastina.

Kena apa Pandawa kaukum buwang sing lawase 12 taun ... .

a)

amarga perang baratayudha

b)

amarga kalah dadu karo bala kurawa

c)

amarga unggul ing yudha

d)

amarga pindah menyang ngastina

3.

sing diarani pandawa yaiku ... .

a)

anak 5 wadon kaebh

b)

anak 2 wadon 3 lanang

c)

anak 5 lanang kabeh

d)

anak 3 wadon 2 lanang

4.

Ramane Pandawa iku asamane ... .

a)

prabu puntadewa

b)

prabu werkudara

c)

prabu destrarastra

d)

prabu pandu dewanata

5.

garwane prabu pandu dewanata iku onok 2 yaiku ... .

a)

dewi kunthi lan dewi sembadra

b)

dewi kunthi lan dewi kilisuci

c)

dewi madrim lan dewi laksmi

d)

dewi madrim lan dewi kunthi

6.

ing ngisor iki kang kalebu kadang pandawa yaiku ... .

a)

Puntadewa, werkudara, arjuna, nakula lan kurawa

b)

puntadewa, werkudara, arjuna, nakula lan sadewa

c)

puntadewa, werkudara, arjuna, kurawa lan gatutkaca

d)

puntadewa, werkudara, arjuna, abimanyu lan gatutkaca

7.

raden Puntadewaa kang uga aran Yudhistira iku rata ana ing negara ... .

a)

ngastina

b)

ngamarta

c)

jodipati

d)

madukara

8.

panah pasopati iku gamane raden ... .

a)

puntadewa

b)

werkudara

c)

janaka

d)

nakula

9.

raden werkudara duweni senjata arupa ... .

a)

panah pasopati

b)

jamus kalimasada

c)

kuku pancanaka

d)

keris pulanggeni

10.

ing carita pewayangan ana perang Baratayuda, yaiku perang saudara antarane ... lan ...

a)

Rama lan Kresna

b)

Pandawa lan Kurawa

c)

pandawa lan punakawan

d)

kurawa lan sengkuni

11.

kabeh kadang pandawa iku duweni watak ... .

a)

angkara murka

b)

iri lan dengki

c)

andhap asor lan prasaja

d)

adigang, digung lan adiguna

12.

pandhawa iku cacahe ana 5, dene Kurawa iku cacahe ana ...

a)

10

b)

50

c)

100

d)

1000

13.

Gamane Punthadewa yaiku ...

a)

panah pasopati

b)

gada rujakpolo

c)

gada alugara

d)

jimat kalimasada

14.

Gathutkaca satriya ing ...

a)

Pringgodhani

b)

Madakura

c)

Ngastina

d)

Ngamarta

15.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

16.

paraga wayang ing ngisor iki kang aran raden werkudara yaiku ... .

a)
b)
c)
d)
17.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

18.

Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane taman Sriwedari dheweke njerit-njerit kamigilan weruh ana butha bajang ing njero taman. Dewi Citra Wati banjur laporan marang prabu Harjuna. Sang Prabu dawuh marang sumantri supaya nyingkirake buta bajang.

Latar panggonan crita ing nduwur yaiku ... .

a)

Pertapan

b)

Taman Sari

c)

taman Sri wedari

d)

taman Citrawati

19.

Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane taman Sriwedari dheweke njerit-njerit kamigilan weruh ana butha bajang ing njero taman. Dewi Citra Wati banjur laporan marang prabu Harjuna. Sang Prabu dawuh marang sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine yaiku Sukrasana. Tekan njero taman sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medheni Dewi Citrawati. sukrasana dikongkon bali menyang pertapan. sukrasana ora gelem amarga wis dijanjeni arep diajak suwita menyang negara Maespati.

paraga utama crita ing nduwur yaiku ... .

a)

Dewi Citrawati

b)

Prabu Harjuno

c)

Sumantri

d)

Sukrasana

20.

Sakwise ngasorake negara Ngalengka rama banjur mlebu menyang kraton nggoleki Dewi Sinta. Rama banjur tumuju menyang Taman Argasoka, nanging Rama nolak Dewi Sinta amarga wes dianggep ora suci. Rama banjur njaluk marang Dewi Sinta supaya mbuktekake menawa deweke isih suci sarana nglakoni pati obong. Dewi Sinta slamet saka urupe geni amarga saka pitulunge dewa. kabeh mau mingaka tanda menawa Dewi Sinta tetep wanita kang suci

amanat sajroning crita ing nduwur yaiku ... .

a)

dadi uwong aja sok pinter

b)

salah utawa bener tumindak e uwong iku bakal kebukten

c)

sapa sing salah kudune bisa seleh

d)

dadi uwong ngunu ora oleh tumindak kang becik

21.

Kacarita ing negara ngastina Prabu Pandudewanata kagungan putra cacahe lima. amarga putrane lima lanang kabeh mula diarani Pandawa Lima. Pandawa Lima iku lair saka Ibu dewi Kunti lan Dewi Madrim. Dewi Kunti kagungan putra telu yaiku : Raden Puntadewa, werkudara lan Arjuna. Dene Dewi Madrim nglairake putra kembar yaiku Raden Nakula lan Radden Sadewa. Lair saka ibu sing beda ora ndadekake Pandawa conkrah. Raden Nakula lan Sadewa setyatuhu marang sedulur tuwane. Dene Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna uga sih Trisna marang Nakula lan Sadewa.

cerita ing nduwur nyeritakake paraga pewayangan yaiku ... .

a)

gatut kaca

b)

kurawa

c)

pandawa lima

d)

bharatayudha

22.

sanajan lair saka ibu kang beda, nanging pandawa lima iku pada ... .

a)

seneng congkrah

b)

sombong

c)

adigang, adigung, adiguna

d)

setyatuhu lan sih trisna

23.

wayang kuwi asale saka tembung

a)

sang hyang

b)

gusti

c)

widi

d)

jawa

24.

wayang iku salah sijine kesenian kang misuwur ing tanah ... .

a)

Sumatra

b)

Sulawesi

c)

Papua

d)

Jawa

25.

wong sing penggaweyane nyanyi ing pertunjukan wayang diarani ...

a)

dalang

b)

tandak

c)

sinden/waranggana

d)

niyaga

26.

wong sing penggaweane nabuh gamelan ing pertunjukan wayang diarani ... .

a)

dalang

b)

sindhen/waranggana

c)

niyaga

d)

tandak

27.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang

28.

Mori, kain putih sing didadekake geber ing pertunjukan wayang diarani ...

a)

kelir

b)

lepek

c)

blencong

d)

cempala

29.

kanggo ngencepake wayang ing pertunjukan digunkake wit gedhang kang diarani ... ,

a)

Glugu

b)

Debog

c)

damen

d)

tebon

30.

Punakawan iku abdi kisasih e para pandawa. Punakawan iku cacahe ana papat. Ing ngisor iki kang kagolong Punakawan yaiku, kajaba ... .

a)
b)
c)
d)