NEW
Font size
WorksheetsPAT BASA JAWA KELAS 5A
Total questions: 35
Worksheet time: 2hrs 45mins
Kanggo mangsuli soal nomer 1-3 gatekno teks ing ngisor iki!
Anoman Obong
Anoman iku mujudake kethek kang sekti mandraguna. Pranyata dheweke iku kali sing geni saengga ora mempan diobong. Nalika diobong mau Anoman kelakon mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah-omah. Wewangunan lan wit-witan kang diencoki Anoman sanalika kobong kabeh. Kraton Alengkadiraja sing maune edi peni lan becik endah saiki dadi segara geni kang mulat-mulat. Prabu Dasamuka nesu banget lan enggal mrentahahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging ora kasil jalaran Anoman lolos lan wis bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Sapa kang nesu banget lan enggal mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman ….
Prabu Dasamuka
Sri Ramawijaya
Kraton Alengkadiharjo
Anoman
Latar/setting saka teks “Anoman Obong” ing dhuwur, yaiku ….
Anoman
Kraton Alengkadiraja
Sri Ramawijaya
Prabu Dasamuka
Nalika anoman diobong kelakon mberot banjur pencolotan ing ….
banyu lan lemah
wit-witan lan tetanduran
wewangunan kraton lan omah-omah
wit-witan lan wewangunan
Sajrone basa Jawa, tembung wayang ateges “ayang-ayang” utawa ….
angan-angan
layangan
dhalang
bayangan
Gambarane pandhawa lima sing trep (bener) yaiku ….
anak lanang kabehe 5
anak wadon kabehe 5
anak lang 2 lan wadon 3
anak lanang 3 lan wadon 2
Jenenge Puntadewa yakuwi….
Mahabarata
Yudistira
Nakula
Bratasena
Jenenge Janaka yakuwi ….
Sinta
Ramayana
Arjuna
Mahabarata
Wayang iku mujudake seni tradhisional Indonesia kang utamane ngrembake ing pulo ….
Papua
Sumatera
Kalimanatan
Jawa
Wong sing tugase nyindheni ana ing pawayangan diarani ….
wiraswara
wirama
wiranggana
wirawarga
Raden Werkudara minangka anak keloro saka ….
Dewa Dewi
Dewi Kunthi
Dewi Kumalasari
Dewi Persik
Buku Ramayana dikarang dening pujangga ….
Empu Panuluh
Empu Sedah
Empu Walmiki
Empu Wiyasa
Buku Mahabarata dikarang dening pujangga ….
Empu Panuluh
Empu Sedah
Empu Walmiki
Empu Wiyasa
Tembung wayang mujudake golekan tirone pawongan digawe saka tatahan kulit utawa kayu, lan sapiturute kang bisa dimupangatake kanggo meranake paraga ing ….
pagelaran drama tradisional
golekan wayangan
sajrone jiwa manungsa
gambare dolanan
Ing ngisor iki jinise wayang sing trep (bener) yaiku ….
ramayana, sinta, mahabarata
wong, golek, beber
golek, sinta, dolan
purwa, ramayana, babon
Ingaran wayang topeng amarga kabeh para paragane migunakake ….
kipas
topi
topeng
parang
Pokok prekara utawa lelandhesane/dasare crita diarani ….
latar
paraga
watak
tema
Urutan kedadean kang sambung sumambung mangun sawijina cerita diarani ….
tema/pokok prekara
alur/plot
watak/penokohan
latar/setting
Watak wantune para paraga ing sajrone crita diarani ….
tema
paraga
penokohan
latar
Unsur crita kang ana gandengane karo papan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana yaiku ….
tema
paraga
alur/plot
latar/setting
Pesene pangripta kang wujud piwulangan moral utawa pendhidhikan diarani ….
watak
sudut pandang
paraga
amanat
Aksara jawa … iku sinebut uga carakan Jawa, lan ingaranan Dentawtanjana.
legena
parikan
talingan
pepak
Aksara Jawa legena cacahe ana … warna
15
20
25
30
Tuladhane aksara Jawa kang asring lira-liru yaiku ….
bi lan ti
ko lan lo
da lan na
pu lan yu
Tuladhane aksara Jawa kang meh padha wujude yaiku ….
ri lan da
di lan ni
tha lan nga
wa lan ca
Sandhangan aksara jawa kaperang dadi telung klompok yaiku sandhangan ….
swara, panyigeg wanda, wyanjana
swara, taling tarung, parikan
panyigeg wanda, wyanjana, aksara
wyanjana, aksara jawa, wingyan
Sandhangan swara cacahe ana … warna
4
5
6
7
Taling tarung lan pepet, iku jinise sandhangan …..
aksara latin
panyigeg
swara
wyanjana
Tembung roti tawar yen ditulis aksara Jawa mbutuhake sandhangan ….
suku, layar, wighyan
cecak, layar, pengkal
wulu, layar, taling
taling tarung, wulu, layar
Sandhangan wyanjana cacahe ana … warna
3
4
5
6
Cakra keret lan Pengkal kagolong sandhangan ….
swara
wyanjana
panyigeg
wanda
Cakra uga kagolong sandhangan ….
panyigeg
swara
wyanjana
wanda
Sandhangan panyigeg wanda cacahe ana …. warna
1
2
3
4
Cecak lan pangkon kagolong sandhangan ….
panyigeg wanda
swara
wyanjana
anuswara
Sing kagolong sandhangan panyigeg wanda yaiku ....
wulu
layar
pepet
suku
Sing kagolong sandhangan wyanjana yaiku ....
suku
taling
pengkal
taling tarung
