Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 8I

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 11mins

Name
Class
Date
1.

Layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang lan isine kudu dingerteni wong akeh diarani layang …….

a)

Dhawuh

b)

Lelayu

c)

Paturan

d)

Kitir

2.

Yen lagi ana wong kang duwe gawe (mantu, sunat, lan liya-liyane) biasane nggawe layang …….

a)

Dhawuh

b)

Paturan

c)

Lelayu

d)

Ulem

3.

Layang kang isine cekak / ringkes lan ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri diarani layang …….

a)

Dhawuh

b)

Paturan

c)

Lelayu

d)

Kitir

4.

(1)

Belgia, 12 Maret 2012


(2)

Kegem Bapak lan Ibu

Wonten ing ndalem Solo


(3)

Assalamu'alaikum Wr. Wb


(4) Kados pundi kahananipun

Bapak lan Ibu? Mugi - mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan

kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah dalem lan putra mantu

tansah bagas waras.


(5) Bapak lan Ibu

ingkang satuhu kula bekteni, kinanthenan serat menika, kula badhe matur

bilih kula Insya Allah badhe wangsul dateng Solo benjang wulan Agustus

sesarengan wulan riyadin. Nyuwun pangestunipun mugi - mugi sedaya dipun

paringi lancar saengga mboten wonten tambahan tugas kuliah ingkang kedah

kula rampungaken.


(6) Mbok bilih

wonten upakarti utawi oleh - oleh ingkang dipun kersakaken saking Belgia,

sumonggo kula aturi telepon. Insya Allah saged kula padosaken dateng mriki.


(7) Dalem kinten cekap semanten rumiyin

serat saking ingkang putra.


Wassalamu'alaikum wr. wb..


(8) Windarti


. Layang ing dhuwur kagolong layang……..

a)

Iber-iber

b)

Kitir

c)

Ulem

d)

Lelayu

5.

(1) Belgia, 12 Maret 2012


Perangane layang kang ditulis no 1 diarani ….

a)

Adangiyah

b)

Paprenah

c)

Titi mangsa

d)

Tapak asta

6.

(5) Bapak lan Ibu ingkang satuhu kula bekteni, kinanthenan serat menika, kula badhe matur bilih kula Insya Allah badhe wangsul dateng Solo benjang wulan Agustus sesarengan wulan riyadin. Nyuwun pangestunipun mugi - mugi sedaya dipun paringi lancar saengga mboten wonten tambahan tugas kuliah ingkang kedah kula rampungaken.


Perangane layang kang ditulis no 5 diarani ….

a)

Adangiyah

b)

Surasa basa

c)

Satata basa

d)

Titi mangsa

7.

(7) Dalem kinten cekap semanten rumiyin serat saking ingkang putra.


Perangane layang kang ditulis no 7 diarani ….

a)

Adangiyah

b)

Wusana basa

c)

Satata basa

d)

Tapak asta

8.

Perangane layang kang mratelakake isi kabar kaslametan utawa perangan sadurunge isine layang biasane isi atur pambagya, wilujeng yaiku diarani …….

a)

Satata basa

b)

Purwaka basa

c)

Surasa basa

d)

Wusana basa

9.

Ukara kang migunakake basa karma sing bener, ana ing ukara …..

a)

Kula kalawingi mirsani pameran buku.

b)

Bapak tilem wonten kamar ngajeng.

c)

Ibu tindak dhateng dalemipun bulik.

d)

Simbah sare amargi sakit padharan.

10.

Unjukanipun bapak sampun asrep. Basa ngoko lugune ………

a)

Ngombene bapak wis adhem.

b)

Unjukane bapak wis asrep.

c)

Unjukane bapak sampun adhem.

d)

Ngombene bapak wis diombe.

11.

Paugeran tembang macapat yaiku …..

a)

Guru lagu, guru wilangan, guru gatra

b)

Guru lagu, guru wilangan, guru swara

c)

Guru gatra, guru wilangan, guru basa

d)

Guru wilangan, guru gatra, guru lumaksita

12.

Guru wilangan yaiku ……

a)

Cacahe gatra saben sapada

b)

Cacahe swara saben sagatra

c)

Cacahe wanda saben sapada

d)

Cacahe wanda saben sagatra

13.

PUCUNG


Murid iku wajib bekti lan mituhu

Pituturing dwija

Sabarangreh ngati-ati

Tata krama empan papan katindakna


Tembang Pucung ing dhuwur pitutur kanggo………….

a)

Guru

b)

Murid

c)

Bocah

d)

Wong tuwa

14.

Murid iku wajib bekti lan mituhu, tembung mituhu tegese…….

a)

Nurut

b)

Nakal

c)

Ndablek

d)

Mbolos

15.

PUCUNG

Murid iku wajib bekti lan mituhu

Pituturing dwija

Sabarangreh ngati-ati

Tata krama empan papan katindakna


Guru wilangan lan guru lagu tembang pucung ing dhuwur yaiku …….

a)

12 u, 6 a, 8 i, 12 a

b)

11 u, 6 a, 8 i, 8 a

c)

12 a, 6 u, 8 a, 12 i

d)

12 u, 6 a, 8 I, 12, i

16.

1

Sinom

2

Maskumambang

3

Balabak

4

Pangkur

5

Wirangrog

Sing kalebu tembang macapat, yaiku ……..

a)

1, 2 lan 3

b)

1, 2 lan 4

c)

1, 3 lan 5

d)

2, 3 lan 5

17.

Tembang macapat kang duweni watak seneng, asih, kasmaran lan cocok kanggo mituturi yaiku tembang …….

a)

Asmarandana

b)

Dhandhanggula

c)

Kinanthi

d)

Pangkur

18.

Aksara Murda cacahe ana……

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

19.

. Ing ngisor iki kang kalebu aksara murda yaiku ……

a)
b)
c)
d)
20.

Panulisan jeneng kang bener yaiku …..

a)
b)
c)
d)
21.

Siti budhal menyang kutha Kertasana. Manawa ditulis ing aksara jawa yaiku ……

a)
b)
c)
d)
22.

Yen ditulis ing aksara latin, yaiku ………

a)

Tari Gandrung asal Banyuwangi.

b)

Tari Gandrung asale saka Banyuwangi.

c)

Tari Gandung asale Banyuwangi.

d)

Tari Gandung asal saka Banyuwangi.

23.

Yen ditulis ing aksara latin, yaiku ………

a)

Tari Reog saka Ponorogo.

b)

Tari Reyog saka Ponorogo.

c)

Tari Reok saka Ponorogo.

d)

Tari Reyo sako Ponorogo

24.

Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku …..

a)

Bu Amir tindak menyang Arab.

b)

Bu Agir lunga menyang Arab.

c)

Bu Awir lunga menyang Arab.

d)

Bu Amir lunga menyang Arab.

25.

Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ….

a)

Abimanyu putrane Raden Harjuna.

b)

Abimanyu putrane Raden Harjuno.

c)

Abimanyu putrane Raden Arjuna.

d)

Abimayu putrane Raden Arjuna.