NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa Bab 7 Bima Bungkus
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Prabu Pandhudewanata kagungan putra cacahe lima kang diarani ....
pandhewa
pandhawa
kurawa
kuwasa
Pandhawa sing nomer loro asmane ....
Werkudara
Puntadewa
Arjuna
Nakula Sadewa
Ibune Werkudara yaiku ....
Dewi Madrim
Dewi Arimbi
Dewi Kunthi
Dewi Sinta
Ing ngisor iki dasanamane Werkudara, kejaba ....
Haryo Sena
Bima Sema
Jagal Bilawa
Bayuseta
Nalika lair, Werkudara wujud bungkus. Tegese ....
Jabang bayine ono ing sanjerone bungkus
Jabang bayine ngowo sangu bungkus
Jabang bayine ono ing sangisore bungkus
Jabang bayine ono ing sanjobone bungkus
Awit saka dhawuhe dewa, jabang bayi bungkus dibuwang menyang ....
alas Madukara
alas Mandalika
alas Manadalasara
alas Manalagi
Kepriye jabang bayi bungkus Werkudara bisa pecah?
dienggo bal-balan dening gajah gedhe
diuncalke dening gajah gedhe
diencot-encot dening gajah gedhe
dienggo dolanan dening gajah gedhe
Ing ngisor iki sing kudu digatekake nalika nyritakake sawijining crita kanthi ringkes, kejaba ...
Urutane crita
isine crita
basa kang digunakake
tulisan sing cetha lan apik
Sauwise gajah mati, jasade malih dadi ....
keluk
gajah
gedhe
cilik
Gajah Sena karo Haryo Sena iku padha-padha putra ....
Prabu Pandhu
Bathara Kresna
Bathara Bayu
Prabu Yudhistira
Bayi lanang iku disaut lan dibanting dening Gajah Sena ora mati, nanging ....
ngajak perang
sangsaya gedhe
ora wedi
tambah rosa
Pirang taun lawase bayi wujud bungkus?
sewelas
rolas
telulas
patbelas
Pandhawa kang nomer loro jenenge Werkudara.
Ukara ing nduwur yen diubah dadi krama inggil sing trep yaiku ....
Pandhawa ingkang urut kalih asmanipun Werkudara
Pandhawa ingkang urut kalih asmane Werkudara
Pandhawa kang nomer kalih asmane Werkudara
Pandhawa ingkang urut loro asmanipun Werkudara
Sandhangan wyanjana iku ana 3, yaiku ....
cakra, layar, pengkal
layar, keret, pangkon
cakra, keret, pengkal
wignyan, cakra, pangkon
Sandhangan panyigeg wanda iku ana papat, yaiku ....
cakra, layar , cecak, pengkal
layar, wignyan, keret, pangkon
keret, cecak, pangkon, wignyan
layar, wignyan, cecak, pangkon
