wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TEMBANG MACAPAT

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Gambuh kalebu tembang jinis tembang apa?

a)

Tembang Gedhe

b)

Tembang Setengah

c)

Tembang Macapat

d)

Tembang Dolanan

e)

Tembang Modern

2.

Cacahing Wanda saben sagatra yaiku ...

a)

Guru Gatra

b)

Guru Lagu

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Lumaksita

e)

Guru Basa

3.

Tegese Guru Gatra yaiku

a)

Cacahing wanda saben sapada

b)

Cacahing wanda saben sagatra

c)

cacahing gatra saben sapada

d)

cacahing larik saben sagatra

e)

cacahing ukara saben sagatra

4.

Watak tembang gambuh sejatine yaiku ...

a)

sedih

b)

pitutur

c)

prihatin

d)

seneng

e)

grapyak

5.

Tembang macapat iku uga diarani ...

a)

tembang gedhe

b)

tembang cilik

c)

tembang dolanan

d)

tembang kawi

e)

tembang luhur

6.

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh sing bener yaiku …

a)

12u, 6a, 8i,12a

b)

12i, 6a, 8i, 8a

c)

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

d)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

e)

7a, 10i, 12u, 8u, 8o

7.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...

a)

guru basa

b)

guru lumaksita

c)

guru gatra

d)

guru lagu

e)

guru wilangan

8.

Pangkur


Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji


Tembang Pangkur ing dhuwur iku ana … pada.

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

e)

9

9.

Pathokane Tembang Pangkur yaiku …

a)

8i, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8u, 11u, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i

e)

8i, 11a, 8u, 7a, 12i, 8i, 8i

10.

Watake Tembang Pangkur yaiku ….

a)

kejem

b)

sedhih

c)

seneng

d)

sedherhana

e)

kuciwa

11.

Agama ageming aji. Ukara kasebut tegese yaiku ...

a)

ora rumangsa ala

b)

ora rumangsa yen awake ala

c)

agama kuwi pakaian kang utama

d)

ora rumangsa alane akeh banget

e)

agama kuwi ora ana ajine

12.

Pitutur bener iku

Sayektine apantes tiniru

Nadyan metu saking wong sudra papeki,

Lamun becik nggone muruk,

Iku pantes sira anggo.


Tembang kasebut yaiku tembang ...

a)

Gambuh

b)

Pocung

c)

Pangkur

d)

Megatruh

e)

Sinom

13.

Tembung "sudra" saka ukara Nadyan metu saking wong sudra papeki, nduweni teges yaiku ...

a)

wong asor

b)

wong inggil

c)

wong sugih

d)

wong sedhengan

e)

wong kang nduweni kuwasa

14.

Supaya bisa nembang tembang macapat, kita kudu bisa maca angka-angka sing ana ing sadhuwure teks tembang. Angka-angka kasebut diarani ...

a)

cakepan

b)

tulisan

c)

lirik lagu

d)

titi laras

e)

titikan

15.

Arane tembang macapat iku nggambarake manungsa wiwit lair nganti tumekane pati. Laire manungsa digambarake nganggo aran tembang macapat ...

a)

maskumambang

b)

sinom

c)

mijil

d)

kinanthi

e)

gambuh

16.

Tegese tembang macapat kang pener yaiku ...

a)

tembang cilik sing dilagokake

b)

tembang tradhisional saka tlatah Jawa kang diwaca papat-papat

c)

puisi modern kang dilagokake

d)

tembang kangora nduweni paugeran

e)

tembangkang kalebu karya sastra modern

17.

Ana weling, saka bapa kalih biyung

Aja seneng lunga

Jomeneh lungane wengi

Yen dilanggar cah ayu iku bebaya


Tembang pocung ing nduwur iku ngandung tema ...

a)

Pendhidhikan

b)

Agama

c)

Tatakrama

d)

Pasinaon

e)

Katresnan

18.

Tembang Macapat Pocung cocog kanggo ...

a)

Pitutur

b)

Pitutur lan Guyonan

c)

Pangarep-arep

d)

Rasa welas asih

e)

Katresnan

19.

Tembang Macapat Megatruh nduweni watak kang sedhih, amarga ...

a)

tembang kasebut tegese gedhe banget

b)

tembang kasebut nduweni teges misahake antarane raga lan ruh

c)

tembang kasebut tegese pegatan

d)

tembang kasebut negesake yen sandhang pangane mati

e)

tembang kasebut nuduhake yen manungsa ora bisa urip bareng

20.

Bapak Pocung dudu watu dudu gunung

Sabamu ing sebrang

Ngon-ingone pak bupati

Yen lumaku si pocung lambeyan grana.


Tembang kasebut nyritakake . . .

a)

Gajah

b)

Bebek

c)

Pitik

d)

Banyak

e)

Segawon

21.

Tembang kang asale saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk banjur digathukake antarane lanang lan wadon sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.


ukara ing ndhuwur nuduhake makna tembang? ...

a)

Gambuh

b)

Kinanthi

c)

dhandhangula

d)

Asmarandhana

e)

Sinom

22.

Tembang iku kalebu jinising geguritan gagrag

a)

anyar

b)

kuna

c)

modern

d)

bebas

e)

jawa

23.

Titi laras sajroning tembang Macapat diperang dadi loro yaiku ...

a)

Cengkok lan cakepan

b)

Pelog lan cakepan

c)

Slendro lan Pelog

d)

Pathet lan Slendro

e)

Slendro sanga lan Pelog Manyura

24.

Basa kang digunakakesajroning tembang Macapat yaiku nganggo basa ...

a)

Jawa anyar lan Jawa kuna

b)

Jawa kuna

c)

Kawi

d)

Jawa anyar

e)

Ngoko

25.

Tembang Macapat kaiket paugeran ...

a)

Guru lagu lan Guru Basa

b)

Guru lagu lan Guru wilangan

c)

Guru basa, Guru lumaksita, lan Guru lagu

d)

Guru lagu, Guru Wilangan, lan Guru Gatra

e)

Guru swara, Guru Gatra, lan Guru basa