NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 7
Total questions: 15
Worksheet time: 36mins
Nusakambangan
Wengi ing segara anakan dadi seksi
Rembulan ngambang ing pucuking mahoni
seka kadohan nggembuleng medeni
suker angker kebak wewaler
kinupeng samodra tanpa winates
Isi pratelan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Wayah wengi ana ing Nusakambangan
Kaendahan pulau Nusakambangan
Wayah esuk ing Nusakambangan
Wisata ing pulau Nusakambangan
Suker angker kebak wewaler. Tegese tembung suker yaiku ....
medeni
wates
reged
larangan
Nangka jeruk, jambu nanas ....
Larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku ....
Luwih becilk sing prasaja
Ati njontong, pikir bingung
Kowe kok macak arep menyang ngendi
Rada watuk, ngelu panas
Pitik walik saba meja.
Cangkriman ing dhuwur kalebu ....
Cangkriman plesedan
Cangkriman wancahan
Cangkriman irib-iriban
Cangkriman ing tembang
Kula didhawuhi Ibu ... ulem woten peken.
Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku ....
tuku
tumbas
mundhut
mendhet
Ukara ing ngisor iki kang bener manut unggah-ungguhe yaiku ....
Bapak menyang Jakarta.
Budhe tindak peken.
Budi nedha sega liwet.
Simbah tuku jeruk kalih kilogram.
Tembang Macapat kang tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe yaiku tembang ….
Kinanthi
Sinom
Pangkur
Pocung
Tembang Macapat Kinanthi cacahe ana …. gatra.
6
7
8
9
Ukara aksara Jawa iki menawa ditulis latin unine ....
Aku duwe dara cacah lima.
Aku dhuwe dara cacah lima.
Aku duwe dara cacahe lima.
Aku dhuwe dara cacahe lima.
A
B
C
D
Ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan yaiku ....
Gambuh, Asmaradana, Gundhul-gundhul pacul
Cublak-cublak suweng, Sinom, Pocung
Menthok-menthok, Jaranan, Dhandhanggula
Menthok-menthok, Jaranan, Gundhul-gundhul pacul
Ing ngisor iki kang kalebu crita pangalaman kang nyenengake yaiku ....
Ketinggalan kreta
Wisata ing Gembiraloka
Tiba saka sepedha montor
Kasep anggone mangkat sekolah
Tuna satak bathi sanak tegese ….
Bisa njunjung drajate wong tuwa.
Rugi bandha nanging bathi paseduluran.
Bisa kaleksanan panjangkane merga dongane wong akeh
Rupane bagus/ ayu tur luhur bebudene
Gamelan iki jenenge yaiku ….
Kempul
Saron
Kethuk
Bonang
Perangane carita wayang metune punakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) diarani ….
Gunungan
Gara-gara
Limbukan
Perang
