NEW
Font size
WorksheetsSimulasi PAT BD kelas 8
Total questions: 7
Worksheet time: 4mins
TEMBANG MIJIL
Dedalane wong kang dadi murid
kudu andhap asor
wani ngalah luhur wekasane
aja seneng duwe watak serik
bapang den simpangi
ana catur mungkur
............................
Tembang mijil ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 10 e dumunung ing gatra (baris)…...
1
3
4
6
POCUNG
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha
.....................
Tembang pocung iku katitik isine kalebu cangkriman. Apa batangane cangkriman iku?
sepur
salak
nanas
gajah
Purwakanthi iku dibutuhake ing sajrone gawe geguritan utawa tembang.
Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru basa/lumaksita yaiku…...
Ruruh, rereh, ririh ing wewarah
Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
Wong bungah sok nemu susah
Kudu sregep sinau, sapa sing kepengin maju
Tegese Purwakanthi yaiku…..
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan (perumpamaan)
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa wantah (utuh)
Unen-unen/rakitan tetembungan kang runtut swara, sastra lan basane
Unen-unen kang runtut tembung, ukara, lan padane
Purwakanthi, wujude dibedakake dadi 3, pamilahe kaya ing ngisor iki, sing dudu yaiku….
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru lagu
Timun monte – tela landa – ndemok asu – sugih utang – tanggal siji – jimantolo – lan sateruse.
Rakitaning tetembungan kaya mengkono diarani purwakanthi…..
Guru swara
Guru sastra
Guru basa
Guru lagu
Purwakanthi guru sastra iku urut aksara sigege (konsonane). Pratelan-pratelan ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru sastra yaiku …..
Inggah inggih nanging ora kepanggih
Yitna yuwana lena kena
Lamun wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun pangaksama
Tuwas sayah ora paedah
