wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BAHASA JAWA KELAS 7 2020

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

2.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

3.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

4.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca papat-papat

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca seprapat

d)

Maca

5.

Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...

a)

Tengahan

b)

Gedhe

c)

Cilik

d)

Kuna

6.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

7.

watak tembang gambuh, yaiku ...

a)

kakaluwargan, seneng, semangat

b)

sumadulur, luwes, sedhih

c)

paseduluran, kekarepan, akrab

d)

piwulang, sedhih, gumregah

e)

akrab, luwes, sedhih

8.

tembang kang nggambarake wong isih ana ing kandhutan ibune yaiku ...

a)

dhandhanggula

b)

kinanthi

c)

asmaradana

d)

sinom

e)

maskumambang

9.

tembang kang nggambarake pisahing antarane jiwa lan raga ...

a)

megatruh

b)

durma

c)

dhandhanggula

d)

pangkur

e)

pocung

10.

tembang kang nggambarake wong kang seneng aweh marang liyane diarani ...

a)

asmradana

b)

durma

c)

gambuh

d)

pangkur

e)

sinom

11.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

12.

tembung kramane sikil ya iku ....

a)

suku

b)

asta

c)

sirah

d)

manah

13.

Basa ngoko lugu iku lumrahe kagunakake dening …

a)

priyayi padha priyayi

b)

menawa guneman dhewe utawa karo kanca raket

c)

sanak tuwo marang sanak enom kang luwih dhuwur drajate

d)

bojoning priyayi marang sing lanang

14.

Dheweke adol gabah limang kintal neng selipan. Tembung-tembung neng ukara kasebut sing klebu tembung sesulih yakuwe ... .

a)

dheweke

b)

adol gabah

c)

limang kintal

d)

neng selipan

15.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

16.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

fabel

17.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

18.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

19.

Raden Rama, garwa lan adhine anggone ngumbara tekan....

a)

alas

b)

alengka

c)

guwa

d)

gunung

20.

ing tengah alas, desi sinta pirsa.....

a)

woh-wohan kang seger

b)

banyu kang bening

c)

alas kang amba

d)

kidang kencana

21.

bebarengan karo lesmana lan sinta, raden rama ngumbara, anggone ngumbara tekan alas. Ing tengah alas dewi sinta pirsa kidang kencana kang wernane..........

a)

ijo

b)

ireng

c)

emas

d)

abang

22.

Sing ngabari yen sing nyolong dewi sinta iku rahwana yaiku..........

a)

anoman

b)

kalamarica

c)

jathayu

d)

dasarata

23.

Dewi sinta pirsa kidang kencana kang endah warnane banjur kepengin. piwulange..........

a)

aja gampang seneng samubarang mung saka gebyare njaba

b)

apa wae yen jabane apik jerone mesthi apik

c)

jaba lan jerone samubarang iku mesthi padha

d)

yen sengsem barang ora perlu ngerti jerone

24.

Anoman iku disebut wanara seta amarga warnane......

a)

abang

b)

putih

c)

ireng

d)

ijo

25.

sampeyan ajeng kesah dhateng pundi? Ukara kasebutnggunakake basa..........

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

26.

Bapak rawuh kawratan ngasta buku. Ukara kasebut klebu basa............

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

27.

tembung mulang klebu tembang kejaba..................

a)

sesulih

b)

aran

c)

kriya

d)

wilangan

28.

pinter, ayu, gedhe klebu tembung...........

a)

sesulih

b)

aran

c)

sifat

d)

wilangan

29.

lara lapa klebu tembung.....

a)

yogyaswara

b)

garba

c)

plutan

d)

saroja

30.

kang klebu tembung yogyaswara, kejaba.............

a)

guyup rukun

b)

dewa-dewi

c)

hapsara-hapsari

d)

yaksa-yaksi

31.

jinising tembang bisa kaperang dadi telu yaiku.............

a)

gedhe, cilik, tengahan

b)

dolanan, tengahan, cilik

c)

juru demung, cilik, tengahan

d)

kusumastuti, mintajiwa, pamuarsih

32.

sadurunge nulis karangan deskriptif kudu....

a)

gawe salam panutup

b)

gawe salam pambuka

c)

nemtokake bab kang arep ditulis

d)

wawancara marang sadhengah pawongan

33.

sawijining teks utawa tulisan sing nggambarake sawijining obyek diarani............

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

argumentasi

d)

eksposisi

34.

paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragrap, banjur kasusul ukara-ukara panjlentreh diarani...........

a)

deskriptif

b)

induktif

c)

ineratif

d)

deduktif

35.

pitik walik saba kebon, batangane yaiku.........

a)

salak

b)

nanas

c)

sulak

d)

nangka

36.

tapak kebo lelene satus manawa ditulis dadi ukara cangkriman wancah yaiku.............

a)

tape molen

b)

tabo lele

c)

pak boletus

d)

pak letus

37.

huruf aksara jawa cacahe ana.............

a)

20

b)

25

c)

30

d)

35

38.

Ing ngisor iki kang ora klebu sandhangan swara yaiku....

a)
b)
c)
d)
39.

yen ditulis latin diwaca..........

a)

semarang

b)

sragen

c)

sukolilo

d)

samarinda

40.

ekonomi yen ditulis jawa....

a)
b)
c)
d)
41.

yen ditulis latin.........

a)

krasa luwe

b)

krasa ngantuk

c)

krasa lara

d)

krasa kesel

42.

yen ditulis latin.............

a)

sapi lemu ana lapangan

b)

sapi lemu kakehan mangan

c)

sapi lemu golek pakan

d)

sapi lemu ana kandhang

43.

murid marang guru kudu nganggo basa......

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

44.

tembung kang nduweni teges walikan karo tembung liyane diarani.....

a)

sinonim

b)

antonim

c)

hiponim

d)

homonim

45.

unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa dibedek maksude diarani...........

a)

wangsalan

b)

parikan

c)

cangkriman

d)

pepindhan

46.

tembung mulang klebu tembung...............

a)

garba

b)

saroja

c)

lingga

d)

andhahan

47.

sing wis owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan, karangkep, utawa kagabung diarani tembung...........

a)

garba

b)

saroja

c)

lingga

d)

andhahan

48.

ing ngisor iki kang klebu tembung lingga kejaba........

a)

turu

b)

laku

c)

dus

d)

sinambi

49.

ing ngisor iki kang klebu jinising karangan kejaba........

a)

narasi

b)

persuasi

c)

ekstemporan

d)

deskripsi

50.

upacara mitoni kalaksanan nalika kandhutan umur......

a)

4 sasi

b)

7 sasi

c)

8 sasi

d)

9 sasi