Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT 2020 Bhs Jawa kelas XI

Total questions: 25

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.
Unining gendhing-gendhing tanpa jogged, lan umumipun kanthi thuthukan gamelan alon inggih punika …
a)
macapat
b)
campursari
c)
wayang
d)
panembrama
e)
uyon-uyon
2.
Perangkat gamelan ingkang ginanipun ngatur irama ingih punika …
a)
gender
b)
demung
c)
peking
d)
kendhang
e)
bonang
3.
Perangkat gamelan ingkang cara nabuhipun kanhi dipun kosok (gesek) inggih punika …
a)
siter
b)
demung
c)
rebab
d)
kendhang
e)
bonang
4.

Ayo kanca - ayo kanca ngayahi karyane praja

Kene-kene gugur gunung tandang gawe

Tembung ngayahi tegesipun …

a)

gotong royong

b)

padamelan

c)

nglakoni

d)

ndhawuhi

e)

nulungi

5.
Ing ngandhap menika unsur-unsur utawi perangan ing salebeting uyon-uyon, kejawi …
a)
gangsa/gamelan
b)
lelagon
c)
niyaga/wiyaga
d)
sinden
e)
dhalang
6.
Gamelan sapangkon inggih menika…
a)
Gamelan ingkang jangkep setunggal laras
b)
Gamelan ingkang jangkep kalih laras slendro lan pelog
c)
Tabuhan kangge mbukani gendhing
d)
Gamelan ingkang gadhah tempo langkung rikat lan nadanipun mendayu-dayu
e)
Gamelan ingkang gadhah nada langkung alus lan temponipun langkung alon
7.
Ricikan gamelan ingkang kalebet wujud pencon inggih menika, kejawi …
a)
bonang
b)
kempul
c)
slentho
d)
gong
e)
kempyang
8.
Satunggaling karya sastra ingkang namung nyariyosaken setunggal pokok prekawis,ngginakaken setunggal alur, cakupan wekdal saha cacahing paraga ugi winates kawastanan ...
a)
cerkak
b)
novel
c)
roman
d)
dongeng
e)
biografi
9.

Kagatosna urutan tembung-tembung ing ngandhap menika!

1. Damel irah-irahan

2. Damel cengkorongan

3. Mekaraken cengkorongan

4. Pados sumber inspirasi

5. Nemtoaken tema

Urut-urutan kangge nyerat cerkak ingkang leres inggih menika ……

a)

4-5-1-2-3

b)

4-1-5-2-3

c)

5-4-1-2-3

d)

5-1-4-2-3

e)

1-5-4-2-3

10.
Sedaya katrangan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan wekdal, swasana, lan papan ing sawijining cariyos dipunwastani …
a)
plot
b)
tema
c)
amanat
d)
alur
e)
latar (setting)
11.
Ing ngandhap menika aspek kangge ningali watak paraga, kejawi ….
a)
Pacelathon paraga
b)
Gegambaraning paraga
c)
Gegambaran blegeripun paraga
d)
Gunemanipun paraga
e)
Gegambaraning kahanan sosial paraga
12.
Urut-urutan cariyos ingkang dipunandharaken, saking wiwitan ngantos dumugi pungkasan, dipunwastani ……
a)
tema
b)
alur
c)
paraga
d)
latar
e)
amanat
13.
Ing ngandhap menika ingkang kalebet unsur instrinsik inggih menika ….
a)
Nilai ing salebetng cariyos (agami, budaya, politik)
b)
Nilai moral (amanat) ing salebetng cariyos
c)
Latar belakang gesangipun penganggit
d)
Riwayat (biografi) penganggit
e)
Kahanan sosial rikala cariyos dipundamel
14.

Rong minggu sawise ana dhosen anyar ing kampusku, isine klas saben dina ajeg kebak, arang sing absen utamane bocah-bocah lanang. Sing yen bu dhosen kuwi durung teka kanca-kancaku padha lungguhan ing sedhel motore dhewe-dhewe ing parkiran, neng yen bu dhosen ketok ketebange mlebu pintu gerbang kampus, bocah-bocah gage mlebu, rebutan ben entuk pelungguhan ngarep. Bocah-bocah sejajarku semester lima utawa enem sing diasta padha kandha blaka, yen seneng diwulang Ibu Sinta Ayu, sing pancen ya ayu sempurna tenan. Ya asmane, ya priyayine, sing bisa menehi spirit mahasiswa utamane cowok krasan neng kampus. Priyayine dhasar ayu marak ati, srawunge karo mahasiswa supel, grapyak, sumanak seneng ngumbar esem.Mangka eseme sing ngujiwati kuwi ora nguwati yen sinawang. Dhasar ing dhuwur lathine ana andheng-andhenge sing nambahi saya cumles yen mesem. Joko kumala-kala saaku-aku iki, rumangsa disuguhi dolanan ora mboseni. Metodhe sing dicakake seje karo dhosen-dhosen liyane.”


Alur utawi plot cariyos cerkak ing nginggil inggih menika ... .

a)

maju

b)

mundur

c)

campuran

d)

maju-mundur

e)

mundur-maju

15.
Seratan jurnalistik punika kalebet ing seratan non fiksi amargi …..
a)
Seratan jurnalistik adhedhasar fakta saha argumentasi
b)
Seratan jurnalistik adhedhasar saking karangan bebas
c)
Seratan jurnalistik adhedhasar saking opini subjektif panganggit
d)
Seratan jurnalistik adhedhasar fakta saha data saking kadadosan ing saben dintenipun
e)
Seratan jurnalistik ngemot pitutur kang luhur saha becik
16.

Rong minggu sawise ana dhosen anyar ing kampusku, isine klas saben dina ajeg kebak, arang sing absen utamane bocah-bocah lanang. Sing yen bu dhosen kuwi durung teka kanca-kancaku padha lungguhan ing sedhel motore dhewe-dhewe ing parkiran, neng yen bu dhosen ketok ketebange mlebu pintu gerbang kampus, bocah-bocah gage mlebu, rebutan ben entuk pelungguhan ngarep. Bocah-bocah sejajarku semester lima utawa enem sing diasta padha kandha blaka, yen seneng diwulang Ibu Sinta Ayu, sing pancen ya ayu sempurna tenan. Ya asmane, ya priyayine, sing bisa menehi spirit mahasiswa utamane cowok krasan neng kampus. Priyayine dhasar ayu marak ati, srawunge karo mahasiswa supel, grapyak, sumanak seneng ngumbar esem.Mangka eseme sing ngujiwati kuwi ora nguwati yen sinawang. Dhasar ing dhuwur lathine ana andheng-andhenge sing nambahi saya cumles yen mesem. Joko kumala-kala saaku-aku iki, rumangsa disuguhi dolanan ora mboseni. Metodhe sing dicakake seje karo dhosen-dhosen liyane.”


Salah setunggal watakipun Sinta Ayu inggih menika...

a)

Boten saged srawung

b)

Seneng ngumbar esem

c)

kaku

d)

jujur

e)

disiplin

17.

Rong minggu sawise ana dhosen anyar ing kampusku, isine klas saben dina ajeg kebak, arang sing absen utamane bocah-bocah lanang. Sing yen bu dhosen kuwi durung teka kanca-kancaku padha lungguhan ing sedhel motore dhewe-dhewe ing parkiran, neng yen bu dhosen ketok ketebange mlebu pintu gerbang kampus, bocah-bocah gage mlebu, rebutan ben entuk pelungguhan ngarep. Bocah-bocah sejajarku semester lima utawa enem sing diasta padha kandha blaka, yen seneng diwulang Ibu Sinta Ayu, sing pancen ya ayu sempurna tenan. Ya asmane, ya priyayine, sing bisa menehi spirit mahasiswa utamane cowok krasan neng kampus. Priyayine dhasar ayu marak ati, srawunge karo mahasiswa supel, grapyak, sumanak seneng ngumbar esem.Mangka eseme sing ngujiwati kuwi ora nguwati yen sinawang. Dhasar ing dhuwur lathine ana andheng-andhenge sing nambahi saya cumles yen mesem. Joko kumala-kala saaku-aku iki, rumangsa disuguhi dolanan ora mboseni. Metodhe sing dicakake seje karo dhosen-dhosen liyane.”


Konflik ingkang wonten salebeting cerkak kasebut inggih menika... .

a)

Konflik idhe

b)

Konflk batin

c)

Konflik fisik

d)

Konflik sosial

e)

Konflik perkataan

18.
Jurnalistik punika saking tembung jurnal saha istik. Tegesipun jurnal inggih menika …
a)
Cathetan harian
b)
Laporan harian
c)
Tulisan harian
d)
Laporan keseharian
e)
Kaendahan
19.
Artikel inggih menika seratan ingkang ngandharaken gagasan saha dipunkantheni katrangan kangge nyaruwe, nampik menapa dene ngiyataken penggalihipun. Miturut fungsi menika artikel kalebet ing jenis seratan……
a)
Cariyos (narasi)
b)
Gegambaran (deskripsi)
c)
Penggalihan (argumentasi)
d)
Paparan (eksposisi)
e)
Ajakan (persuasi)
20.
20.Ciri wancinpun naskah utawi karya jurnalstik inggih menika …
a)
Fiksi, faktual, sanes khayalan
b)
Non fiksi, sanes khayalan, faktual
c)
Fiksi, khayalan, faktual
d)
Sanes khayalan, fiksi, faktual
e)
Sanes khayalan, fiksi, aktual
21.
Ing ngandhap punika jinis serat ingkang boten kedah ngginakaken paugeran gumathok inggih menika ....
a)
Serat resmi
b)
Serat niaga
c)
Serat dinas
d)
Serat iber-iber
e)
Serat ulem
22.
Serat ingkang wosipun atur dhateng tiyang sanes supados rawuh ing papan saha wekdal ingkang sampun katemtokaken, amargi ingkang ngintun serat saweg kagungan khajat (kersa) dipunwastani …
a)
Serat resmi
b)
Serat niaga
c)
Serat dinas
d)
Serat iber-iber
e)
Serat ulem
23.

Katur

Panjenenganipun Bapak Reksa Dikarta

Ing Surabaya

Ingkang sembah sumungkem,

Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun ngaturi priksa bilih kula ing Ngayogyakarta tansah ginanjar kawilujengan, semanten ugi Bapak ing Surabaya mugi tansah bagya mulya nir ing sambekala.

Kejawi menika, gegayutan ulangan umum sekedhap malih badhe dipuntindakaken, saha saking sekolah nyuwun menawi wragad sekolah kedah sampun lunas, pramila kula nyuwun kintunan arta Rp 500.000,00 kangge nyekapi wragad sekolah kalawau.

Cekap semanten serat kula, mugi ndadosna pamriksa. Ngayogyakarta, 10 April 2019

Ingkang putra,


Rangga

Menapa jinisipun serat ing nginggil inggih menika… .

a)

serat prajanjen

b)

serat dhawuh

c)

serat kekancingan

d)

serat kitir

e)

serat iber-iber

24.

“Ingkang sembah sumungkem”

Perangan serat ing nginggil kalebet... .

a)

adangiyah

b)

purwa basa

c)

surasa basa

d)

salam panutup

e)

wasana

25.

“Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun ngaturi priksa bilih kula ing Ngayogyakarta tansah ginanjar kawilujengan, semanten ugi Bapak ing Surabaya mugi tansah bagya mulya nir ing sambekala.”


Perangan serat ing nginggil kalebet... .

a)

adangiyah

b)

purwa basa

c)

surasa basa

d)

salam panutup

e)

wasana