NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA
Total questions: 20
Worksheet time: 1hrs 4mins
Tembang Pocung klebu jenise tembang ... .
Dolanan
tengahan
macapat
gedhe
Pocung
Bapak Pocung dudu watu dudu gunung
Sabamu ing sendhang
Pencokane lambung kering
Prapteng wisma si Pocung mutah kuwaya
Guru lagune tembang ndhuwur yakuwe ... .
u-a-i-a
g-g-g-a
u-g-g-a
g-a-g-a
Pocung
Bapak Pocung rupane saengga gunung
Tan ana kang tresna
Saben uwong mesthi sengit
Yen kanggonan den lus elus tinangisan
Guru wilangane tembang Pocung gatra nomer loro yakuwe ... .
6
8
10
12
Isene tembang Pocung kuwe biasane wujud ... .
parikan
cangkriman
paribasan
kerata basa
Pengalaman kuwe kedadeyan sing ...
wis dilakoni
lagi direncana
urung kelakon
ora kedadeyan
Pengalaman sing angger diemut-emut utawa dicritakake gawe nlangsa nudhuhake pengalaman sing ... .
nyenengake
lucu
sedhih
mboseni
Pengalaman neng sekolahan contone yakuwe ...
melu piket nyapu kelas karo kancane
gotong royong ngadegake omah
nglakoni ibadah jamangah shalat jumat
ngrewangi ibu ngumbahi grabah
. . . tengere wong sing wis kena virus korona?
Tembung sing mathuk kanggo nggenepi ukara ndhuwur yakuwe ... .
sapa
kapan
apa
pira
Lir ilir.. lir ilir.. tandure wus sumilir.
Tembung sing kacithak miring neng pethilan tembang ndhuwur yen dikramakake dadi ... .
tandurane
tanduripun
taneman
tanemanipun
Nani bocah kelas 3 MI. Dheweke manggon neng desa Cilongok. Bocah sing awake gendhut kiye sregep sinau. Wektu darurat korona wingi, Nani ara tau lunga-lunga yen ora penting. Wektu esuke digunakake kanggo sinau online saka ngomah. Yen kepeksa lunga, dheweke mesthi nnganggo masker. Ora klalen Nani sregep wijik nganggo sabun saben arep mlebu ngumah. Mula Nani lan keluwargane padha sehat.
Nani lan keluwargane padha njaga kesehatan kanthi cara ... .
nganggo masker saben neng jero omah
sregep wijik nganggo sabun saben mlebu omah
mbuwang uwuh saka ngomah sekarepe dhewek
sering lunga-lunga sekang omah kanggo dolan
Cah angon-cah angon penekna ... .
blimbing kuwi
kayu gede
wit blimbinge
wit sing lunyu
Supayane urip kuwe guyub rukun, karo sedulur kudu ... .
padha congkrah
seneng padudon
ora takonan
tulung tinulung
Tumindak sing becik nalikane kowe ana neng mesjid kayata ... .
mlayu-mlayu
padha dolanan
mangan jajanan
lenggah anteng
Simbah duwe anak lima.
Ukara neng ndhuwur kuwe yen dikaramakake dadi ... .
simbah gadhah putra gangsal
simbah kagungan putra gangsal
simbah gadhah anak gangsal
simbah kagungan anak gangsal
Gusti Allah wis paring tanduran sing akeh neng alas.
Tumindak sing becik marang peparinge Gusti kuwe kayata ... .
kabeh tandurane ditegori
alase dienggo gawe pabrik
njaga anane tanduran kuwe
ngobong alas yen mangsa ketiga
Aksara Jawa kuwe cacahe ana ... .
15
16
18
20
Wong urip kuwe duwe kewajiban supaya . . . marang Gusti Allah.
duraka
wani
ngibadah
ngadohi
Nani nganggo masker yen ... .
mlebu ngomah
metu ngomah
lagi dhahar
sinau neng omah
Warga RT 03 RW 01 padha gotong royong ngadegake omahe Mbah Surip.
Tumindake warga kuwe ...
aja ditiru
padha pamer
prelu diconto
ora becik
Tembang Lir-ilir kuwe dikarang dening ... .
Ki Narto Sabdo
Sunan Kalijaga
Sunan Bonang
K.Hajar Dewantara
