wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BAHASA JAWA KELAS 5

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus diarani Pandhawa lima. Yudhistira minangka pambarepe Pandhawa, kang duwe watak ambek darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa nefsu. Sing nomer loro arane Raden Werkudara utawa Bima. Pawakane gedhe dhuwur tur gagah prakosa. Kang nomer telu utawa panengahe Pandhawa jenenge Raden Janaka kondhang baguse, prigel lan trampil manah. Dene Nakula lan Sadewa mujudage satriya kembar wuragile Pandhawa.


Satriya sing pinter manah, baguse sing kondhang lan prigel kuwi nduweni paring asma ....

a)

Janaka

b)

Bima

c)

Yudistira

d)

Sadewa

2.

Bapak Pucung,

Wujude mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara


Tembang Pucung kasebut keperang ana ... gatra.

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

3.
Kembang jagung arane sinuwun, dene kembang suruh arane ....
a)
menik
b)
drenges
c)
besengut
d)
mayang
4.
Wartini mboten sumerep yen Bu guru sampun rawuh. Basa ngokone sumerep yaiku ....
a)
seneng
b)
ngerti
c)
teka
d)
weruh
5.
Budhe ngasta dolanan kanggo adhik.Wasesane ukara kasebut yaiku ....
a)
budhe
b)
ngasta
c)
dolanan
d)
kanggo adhik
6.
Anak wedhus jenenge cempe, yen bledug jenenge anak kewan ....
a)
kebo
b)
jaran
c)
gajah
d)
sapi
7.
Sabrang arane godhong lombok, dene pupus arane godhong ....
a)
gedhang
b)
klapa
c)
asem
d)
kacang
8.

Sepet-sepet, sawone mentah

Diempet-empet, selak ora ....


Ukara kang trep kanggo jangkepi parikan kasebut yaiku ....

a)

bungah

b)

munggah

c)

susah

d)

betah

9.

Ing daerah pedesaan kang subur makmur,ayem tentrem, lan kerta ...


Tembung kerta ing ukara kasebut kudune dijangkepi nganggo tembung....

a)

prasaja

b)

susah

c)

raharja

d)

rahayu

10.

Rini kae pancen pikirane landhep dhengkul, saben ulangan akeh salahe.


Tembung entare landhep dhengkul yaiku ....

a)

sedhengan pinter

b)

pinter banget

c)

kendho

d)

bodho banget

11.

Ing mangsa rendheng, lumrahe akeh udan lan panas. Kahanan kaya ngene iki asring nuwuhake lelara. Lelara ing mangsa rendheng iku rupa-rupa kayata pileg, watuk, gatel-gatel lan sak piturute. Mula kabeh para warg kudu njaga kerikan lingkungane dhewe-dhewe.


Tema laporan ing dhuwur yaiku ….

a)

banjir ing mangsa rendheng

b)

panas ing mangsa ketiga

c)

lelara ing mangsa rendheng.

d)

hama tikus wayah panen

12.

Ing mangsa rendheng, lumrahe akeh udan lan panas. Kahanan kaya ngene iki asring nuwuhake lelara. Lelara ing mangsa rendheng iku rupa-rupa kayata pileg, watuk, gatel-gatel lan sak piturute. Mula kabeh para warg kudu njaga kerikan lingkungane dhewe-dhewe.


Ukara tanggapan sing cocok kanggo perkara kasebut yaiku ….

a)

para warga mesti nyawisake obat lelara

b)

kudu njaga kasehatan ing mangsa udan

c)

dokter bakal seneng entuk pasien akeh

d)

becike nggawe bendhungan sing amba

13.
Pemadi tuku gula rong kilo. Basa kramane sing bener yaiku ....
a)
Permadi tumbas gula rong kilo
b)
Permadi tumbas gendhis kaleh kilo
c)
Permadi tumbas gendhis rong kilo
d)
Permadi tuku gula kaleh kilo
14.

Nagara Indonesia kagolong subur makmur,gemah ripah loh jinawi, guyub rukun yen padha lagi tandhang gawe lan ayem .... kauripane kabeh.


Tembung sing trep kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ....

a)

kabeh

b)

seneng

c)

adem

d)

tentrem

15.

Sagimin kuwi pancen bocah sing gedhe endhase, mulane ora kena dikandhani.


Tembung gedhe endhase ndhuweni teges ....

a)

mangkel

b)

sombong

c)

bingung

d)

gela

16.

Cacahe tembang kuwi kaperang dadi telu, ana tembang cilik, tembang tengahan, lan tembang gedhe


Tembang cilik padha karo tembang macapat sing cacahe ana ....

a)

sanga

b)

sedasa

c)

sewelas

d)

kaleh welas

17.
Ing ukara iki sing guru wilangane ana 12 yaiku ....
a)
sapa jujur mbesuke bakal luhur
b)
mbangun turut marang wong tuwa
c)
wis wajibe si murid sregep sinau
d)
saben dina rama lan ibu kang njaga
18.

Dudu watu dudu gunung

Sabamu ing alas

Ngon-ingone Sang Bupati

Prapteng marga

Si pucung lembehan grana


Bedekan tembang pucung kasebut yaiku ....

a)

pentol korek

b)

rokok

c)

gajah

d)

sepur

19.
Bocah ayu untune miji timun, dene drijine ....
a)
mucuk eri
b)
sumunar
c)
nraju mas
d)
nanggal sepisan
20.
Numpak sepur mudhun Surakarta, gawe makmur mbangun ....
a)
margi
b)
omah
c)
negara
d)
miturut