WorksheetsBahasa Jawa Kelas 9 KD 3.3 - Pidato
Total questions: 10
Worksheet time: 11mins
Kula minangka [...] badhe ngaturaken salam perpisahan lan nyuwun donga pangestu dhumateng bapak lan ibu guru sedaya.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
ketua OSIS
siswa teladan
murid kang dipilih
wakilipun kelas IX
Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak/Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak/Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani ....
Pethikan teks pidatho kasebut kalebu perangane ....
purwaka/pambuka
surasa basa
wasana basa
salam pambuka
Bapak kepala sekolah ingkang minulya, bapak ibu guru ingkang kula hurmati, bapak ibu wali murid kelas 9, sarta para kanca siswa siswi kelas 9 ingkang sanget kula tresnani.
Ukara kasebut ana ing perangan pidhato perpisahan sekolah, mapan ana ing ....
panyapa
panutup
pangarep-arep
purwaka
Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
Ukara kasebut ana ing perangan pidhato perpisahan sekolah, mapan ana ing ....
purwaka
panutup
pangarep-arep
surasa
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken bangku pawiyatan SMP punika, kula minangka wakil siswa-siswi kelas sanga badhe nyuwun pamit dhumateng bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen kula sakanca nglajengaken nuntut ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancar boten wonten pepalang punapa-punapa. Kula sakanca nyuwun doa restu mugi-mugi gegayuhan kula sakanca saged kasil sak tembe wingkingipun. Sejatosipun awrat tumrap kula sakanca kedah nilaraken pawiyatan SMP punika.
Gagasan pokok saka pethikan pidhato kasebut yaiku ....
cerita arep ngelajengaken pawiyatan
nilaraken pawiyatan awrat sanget
nyuwun pamit lan doa restu
badhe nilaraken bangku pawiyatan
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunge pangapunten.
Pethikan pidato kasebut kalebu perangane ....
panutup
pangarep-arep
pambuka
isi/surasa
"Mbokbilih anggen kula matur wonten tuna lepatipun kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami."
Ukara kasebut nggunakake basa ....
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
“Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajeng wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten.”
Tembung “jumeneng” ing ukara kasebut nduweni teges .…
lungguh
mlaku
ngadeg
turu
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.
[…] tansah katur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat, sarta hidayah dumateng kita sedaya.
Ganepane teks pidato kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
Kula lan panjenengan
Berkah lan rahmat
Puji syukur
Mangga kita
Perangan teks sing isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan sarta kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane, diarani ....
pangarep-arep
panutup
purwaka
salam pambuka
