NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA VIII
Total questions: 20
Worksheet time: 14mins
Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani....
Dhialog
Penelitian
Observasi
Wawancara
Joning kegiatan wawancara ana pawongan sing golek informasi lan ana wong sing dadi punjering pitakonan. apa jenenge wong sing dadi punjering pitakonan?
Tujuwan
Informasi
Narasumber
Pewawancara
Struktur teks wawancara dumadi saka carane ngandharake, isine wawancara, lan basa sing digunakake kanggo wawancara. Carane ngandharake teks wawancara yaiku....
Nggunakake tembung penggandheng kanggo nggandheng antarane tembung lan tembung, frase lan frase, ukara lan ukara.
Ditulis kanthi wujud teks dhialog sarana nggunakake ukara langsung, ukara andharan, lan ukara pitakon.
Isine wawancara gumantung marang masalah apa sing dirembug lan ditakokake marang narasumber
Basa kang digunakake lumrahe nganggo basa krama alus tumrap pitakonan marang narasumber
Jroning struktur teks wawancara ana basa kang digunakake, yaiku basa kang tansah nggatekake unggah-ungguh basa. Apa basa kang trep digunakake kanggo wawancara ?
Ngoko lugu
Krama lugu
Ngoko alus
Krama alus
Jroning teks wawancara ana ukara pitakon lan ukara andharan. Ing ngisor iki sing kelebu ukara andharan yaiku....
Kahanipun lare-lare ingkang nyipen ngriki sae sanget.
Kados pundi kahanipun lare-lare ingkang nyipen ngriki ?
Adhik mboten taun menika mboten tumut rekreasi, amargi larenipun mabukan.
Ing pasar mengko aku arep tuku keperluwane sekolah karo keperluwane masak.
Unggah-ungguh basa jroning wawancara ana kalane nggunakake krama alus lan krama lugu. Ukara ing ngisor iki sing kelebu basa krama alus yaiku....
Nuwun sewu, bab menika kula pancen dereg semerap saestu
Sesampunipun menika, aku mengko nyuwun pamit langsung wangsul
Kalawau kula kasupen mboten mbekta buku kaliyan pulpen, amargi radi kasesa
Nuwun sewu, sowan kula dateng ngriki kalawau badhe nyuwun pirsa panjenengan
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki
1. Kepriye carane ngembangake usaha batik “Sekar Jagad” punika pak?
2. Kados pundi caranipun ngembangake batik “Sekar Jagad” punika pak?
3. Kenging punapa kok opah buruh awis pak ?
4. Sinten ingkang paring bantuan ?
Ukara pitakon ing nduwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer....
1 lan 3
3 lan 4
1 lan 2
2 lan 4
Sedurunge nindakake wawancara luwih ndisik kudu nyiapake daftar pitakonan minangka pedoman nalika nindakake wawancara. Pedoman wawancara ditulis lelandesan 5W+1H, yaiku....
Apa, sapa, kapan, neng, endi, sing endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, seng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, kenapa, endi, lan ya’apa
Nyusun daftar pitakonan kudu migatakake udha-usuke basa. Udha usuke basa sing dienggo gumantung saka narasumbere sing arep diwawancarai lan isine pitakonan dicundhukake marang....
Wawancarane
Narasumbere
Pitakonane
Temane
Yen arep nindakake wawancara, sing kudu disiyagakake paling ndisik yaiku....
Nemtokake narasumber
Nemtokake topik wawancara
Ndapuk sawetara/daftar pitakonan
Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara
Sakwise nindakake wawancara kudu ana laporan asil wawancara. Carane nglaporake asil wawancara kuwi ana loro, yaiku....
Dilaporake gawe lisan lan ditulis
Ditulis kanthi nggunakake ukara cerita lan ukara pitakon
Ditulis kanthi wujud teks dhialog lan ditulis kanthi model narasi.
Ditulis kanthi wujud dhialog lan dilaporake nggunakake lisan
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara
2. Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara
3. Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara
4. Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber
Urutane kanggo nyusun laporan asil wawancara yaiku....
1, 3, 2, 4
1, 2, 4, 3
2, 3, 1, 4
2, 4, 1, 3
Gatekna petikan laporan asil wawancara ing ngisor iki1
“ Pak Molan anggone ngopeni pitik horen suwenen wis meh telung puluh taun. Wiwit isih ngopeni 200 pitik nganti saiki sing cacahe wis 45 ewu pitik. Karyawane uga akeh merga sing ditangani pancene ya akeh. Olehe kirim endhog nganti tekan Surabaya, Jawa Tengah, Jakarta, lan Bandung. Anane bisa kasil merga Pak Molan kuwi wonge pancen ulet, taberi, lan setiti”
Petikan laporan ing nduwur kelebu laporan asil wawancara ditulis kanthi model....
Narasi
Persuasi
Dhialog
Komunikasi
"Kula mboten nedha amargi kula nembe kemawon nedha wonten sekolahan". Ukara iki kelebu ukara . . . .
pitakon
andharan
lamba
"Adik mboten taun menika mboten tumut rekreasi, amargi larenipun mabukan". Kang kelebu tembung penggandheng saka ukara ing duwur yaiku . . . . .
mboten
rekreasi
amargi
mabukan
"Buku punika nembe kumawon kula wangsulaken lajeng dipun ampil malih dining mbak Diana". Kang kelebu tembung penggandheng saka ukara ing duwur yaiku . . . . .
lajeng
buku
wangsulaken
kumawon
"Punapa kemawon ingkang kelebet ungah-ungguh basa punika?" Ukara ing duwur kelebu ukara . . . . .
pitakon
andharan
camboran
kahanan
Ukara andharan saka ukara pitakon "ing ngendi olehmu nyimpen bukune Narti?" yaiku . . . . .
seng nyimpen bukune Narti iku Mbak Aliah
sing njaluk bukune Narti iku adimu
bukune Narti disimpen ing lemari
bukune Narti disimpen pas bapak tindak Malang
Ukara pitakon saka ukara andharan "adik njalok tumbas buku anyar". yaiku . . . . .
sapa sing arep njaluk tumbas buku anyar?
apa sing dijaluk dining adimu?
kepiye carane tumbas buku anyar?
kapan adimu njaluk buku anyar?
Gatekna wacana ing ngisor iki!
Pak Adi : “ Kanggo nandur sayuran semi hidroponik mbutuhake bahan lan piranti: rabuk kandhang, rabuk NPK,rabuk godhong, lemah kebon, multi mikroba, fungisida, zat kanggo ngrangsang tuwuh, inih sayuran, polybag, ajir, tali rafia, gembor, sekop, cethok, pacul, gunting, lan handsrayer”.
Roby : “ Sesampunipun sedaya bahan lan piranti kalawau sampun siyap, lajeng kados pundi caranipun?”
Pak Adi : “ Ngene, sinambi ngenteni gedhene winih sing didhedher, polibag diiseni lemah sing wis dicampur karo rabuk akndhang kanthi ukuran 1:1. Rabuk kandhang sing digunakake kudu sing wujude kaya lemah. Polibag mau banjur diselehake ing papan sing oleh soroting serngenge”.
Apa sing dibutuhake kanggo nandur sayuran kanthi cara hidroponik iku?
Kanthong plastik
Sawah sing subur
Papan sing jemek
Lemah sing jembar
