wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-Ungguh Basa

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Basa sing dumadi saka basa ngoko kabeh diarani ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

2.

Basa sing migunakake tembung ngoko kacampuran tembung krama inggil diarani ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

3.

Andhika maca pawarta saka internet. Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

4.

Bapak dhahar sega pecel dene ibu ngunjuk teh manis. Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

5.

Panjenengan mau rawuh jam pira? Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

6.

Bapak ....... wayang kulit ing JTV. Tembung sing trep kanggo ngisi ukara kasebut yaiku....

a)

maos

b)

tindak

c)

ngendika

d)

mirsani

7.

I. Aku nyiram kembang ing latar

II. Ibu mundhutake adhik jajan.

III. Saiki bocah-bocah lagi sinau daring ing omah.

IV. Ibu guru ndhawuhi aku supaya sregep sinau.


Sing kalebu basa ngoko lugu dumunung ing nomer ....

a)

I,II

b)

III,IV

c)

I,III

d)

II, IV

8.

Panganggone basa ngoko alus sing bener yaiku ....

a)

Kula badhe tilem.

b)

Pak Rudi ora weruh yen ana tamu.

c)

Tanti tumbas sekul sekawan bungkus.

d)

Bapak durung kondur saka kantor.

9.

Basa krama inggile mulang yaiku ....

a)

maos

b)

ngasta

c)

mucal

d)

ngagem

10.

Sesuk kowe apa sida lunga menyang Gunung Bromo?.

ukara kasebut yen diowahi dadi basa ngoko alus yaiku ....

a)

Mbenjang sampeyan napa siyos kesah dhateng Gunung Bromo?

b)

Mbenjang panjenengan punapa siyos tindak dhateng Gunung Bromo?

c)

Sesuk panjenengan apa sida lunga menyang Gunung Bromo?

d)

Sesuk panjenengan apa sida tindak menyang Gunung Bromo?

11.

Basa kang tembung-tembunge kabeh migunakake basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake diarani basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

12.

Basa kang digunakake kanggo pacaturan kang nggunakake basa krama kang alus diarani basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

13.

Ing ngisor iki kalebu sing migunakake basa krama lugu, kajaba ....

a)

Wong tuwa marang anake

b)

wong sing lagi tetepungan anyar

c)

abdi marang bendarane

d)

wong enom marang wong tuwa

14.

"Wanci dalu paman rawuh, kamangka paman Tadah taksih gerah, lan mboten wonten ingkang ndherekaken, menika ingkang damel kaget." Guneman kasebut migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

15.

"Gene kowe uwis ngerti, nanging yagene sira isih kurang trima Lawe?. Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

16.

Sing kalebu unsur instrinsik teks drama tradisional yaiku ....

a)

tema

b)

penokohan

c)

setting

d)

diksi

17.

Sing bisa nggunakake basa ngoko lugu yaiku ....

a)

siswa marang gurune

b)

Kanca sapadha kang wis akrab banget

c)

Wong tuwa marang anake

d)

Bendara marang abdine

18.

Sing kalebu tuladhane drama tradisional Jawa yaiku ....

a)

Ludruk

b)

Opera Van Java

c)

Kethoprak

d)

Teaterikal

19.

Ing ngisor iki sing kalebu basa krama alus yaiku ....

a)

Ibu mundhut gendhis tigang kilo dhateng toko

b)

Aja rame wae Eyang lagi sare

c)

Pak Broto kagungan putra kalih.

d)

Mangga panjenengan dhahar rumiyin

20.

Sing kalebu tuladhane crita kethoprak yaiku ...

a)

Sakerah

b)

Ranggalawe

c)

Jaka sambang

d)

Andhe-Andhe Lumut