NEW
Font size
WorksheetsWAWA
Total questions: 15
Worksheet time: 12mins
Dela : Kula nuwun
Pak Agus : Mangga Nak, kene mlebu kene
Dela : Inggih, Pak matur nuwun
Pak Agus : Ana perlu ap kok sajake wigati banget
Dela : Punika, hlo Pak kula kepengin ngertos bathik kagungan panjenengan
Pak Agus : Apa wae sing pengin dingerteni, Nak?
Dela : .....
Pak Agus : Usaha bathik iki dakjenengake “Sekar Jagad”
“Ana perlu apa sajake kok wigati banget.” Tembung wigati tegese ....
temenan
gumun
penting
pengin
Wong sing diajak wawancara luwih tuwa, apike nggunakake basa ....
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
Ing ngisor iki sing kudu disiapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba ....
nemtokake narasumber
nemtokake tema
nemtokake biaya
nemtokake tujuwan
Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude ....
dheskripsi sing arep ditakokake
dhaftar pitakonan sing kanggo takon
tape recorder kanggo ngrekam
ringkesan materi sing arep ditakokake
Tujuwan disusun pdhoman wawancara kaya ing ngisor iki, kajaba ....
supaya anggone nindakake wawancara runtut lan genep
supaya ora ana pitakonan kang kliwatan
supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah
supaya anggone nindakake wawancara suwe
1) Kepiye carane ngembangake usaha batik “Sekar Jagad” punika, Pak?
2) Kados pundi caranipun ngembangaken bathik “Sekar Jagad” punika, Pak?
3) Kenging menapa kok opah buruh awis (mahal), Pak?
4) Sinten ingkang paring bantuan?
Ukara pitakon kasebut sing nakokae cara yaiku nomer ....
1,3
1,2
2,4
3,4
Ing ngisor iki sing dudu tata carane aweh tanggapan yaiku ....
migunakake basa sing santun
nggunakake ukara sing ora prasaja
menehi panyaruwe kanggo njangkepi lapuran asil wawancarane
nggunakake ukara sing gampang ditampa
Bab sing kudu digatekake nalika nyusun asile wawancara, kajaba ....
carane nulis sing takon minangka pewawancara lan sing ditakoni minangka narasumber
teks wawancara ora ditulis sawise nindakake wawancara
olehe nulis ora nyimpang saka dhata
dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara
Nalika nyusun dhaftar pitakonan wawancara, kudu nggatekake ....
sing diwawancarai
undha usuk basa
tatacarane wawancara
asil wawancara
Bab sing ora kudu digatekake nalika wawancara yaiku ….
ngerteni sapa sing diajak wawancara
ngetrepake unggah-ungguh basa, cundhuk karo umure narasumber
yen narasumbere lagi ngomong, aja melu ngomong
pitakon sing diajokne ora kudu runtut
Tembung kang dienggo nakokake papan utawa panggonan yaiku ….
sapa
apa
ing ngendi
kapan
Tembung kang dienggo nakokake wayah utawa wektu yaiku ….
ing ngendi
kapan
sapa
apa
Klasifikasi yaiku ....
perangan teks sing nerangake gegambaran kanthi rinci lan cetha
perangan teks sing milah-milah manut jinise utawa klompoke
perangan teks sing nerangake titikan, barang, tandha, lsp
perangane teks sing nerangake wektu, panggonan, lan kedadeyan
Idhentifikasi yaiku ….
perangan teks sing nerangake gegambaran kanthi rinci lan cetha
perangan teks sing milah-milah manut jinise utawa klompoke
perangan teks sing nerangake titikan, barang, tandha, lsp
perangane teks sing nerangake wektu, panggonan, lan kedadeyan
Teks wawancara yaiku ….
pacelathon antarane pewawancara lan narasumber
katrangan ngenani sawenehe bab kanggo keperluan tertamtu
teks sing nggambarake pacelathon antarane narasumber lan pewawancara
katrangan kanggo ngolehake informasi
