NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA KELAS 7
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Bu, sore mau aku diwenehi dhuwit dening simbah. Ukara kasebut iku kleru, dene benere yaiku …
Bu, aku mau disukani dhuwit dening simbah sonten wau.
Bu, kula wau sonten dipuncaosi dhuwit dening simbah.
Bu, kula wau sore dipunsukani dhuwit dening simbah.
Bu, sonten wau kula dipunparingi arta kaliyan simbah.
Dhik, bapak mau lunga menyang ngendi? Ukara kasebut iku ora trep miturut unggah-ungguh, dene benere yaiku …
Dhik, bapak wau kesah dhateng pundi?
Dhik, bapak wau tindak dhateng pundi?
Dhik, bapak wau kondur saking pundi?
Dhik, bapak mau tindak menyang ngendi?
Kowe mulih sekolah banjur kepethuk pakdhemu sing arep tindak sawah. Kepiye anggonmu aruh-aruh?
Pakdhe badhe tindak sabin?
Pakdhe saking tindak sabin?
Arep menyang sawah apa piye Dhe?
Wah, ajeng teng sabin ta Dhe?
Uwong kang tetepungan/kenalan, lumrahe sepisanan nyuwun priksa babagan asmane. Ing ngisor iki basa kang bener nalika tetepungan yaiku …
Ditepungke, sapa jenengmu?
Nuwun sewu, sapa jenengan?
Nyuwun ngapunten, jenengan sapa?
Nuwun sewu, panjenengan asmanipun sinten?
Bagas nalika ing toko buku ketemu karo gurune kang asmane Bu Bekti, anggone sapa aruh Bagas marang Bu Bekti becike yaiku …
Bu Bekti, badhe napa niki?
Bu Bekti, ajeng tumbas napa bu?
“Bu Bekti, badhe mundhut menapa bu?”
“Bu Bekti, badhe tumbas napa bu?”
“Kados pundi kabaripun?”. Ukara iki lumrah diarani tata krama kanggo …
njaluk ngapura
atur panuwun
sapa aruh
tetepungan
Nalika pamitan marang bapak sing bener menawa arep budhal sekolah yaiku …
Pak, kula bidhal sekolah, nyuwun pangestunipun.
Pak, kula tindak sekolah, nyuwun sangune.
Pak, kula ajeng mangkat sekolah.
Pak, kula badhe tindak sekolah.
Ing sawijining dina, ibumu duka marang kowe jalaran anggonmu dolan nganti kliwat wayah, mula anggonmu nyuwun pangapura marang ibu kang trep yaiku …
Bu, kula lepat saestu, sanes wektu ajeng kula ambali malih.
Bu, kula nyuwun pangapunten, sanes wekdal boten kula ambali malih.
Bu, sorry tenan kula njaluk ngapura, liya wektu boten kula baleni malih.
Bu, kula sing kleru, ibu kedah ngapunten kula, boten ajeng tak baleni malih.
Nalika dhuwitmu tiba, kancamu ana sing ngerti lan jupukake, banjur kancamu menehake dhuwitmu marang kowe maneh. Anggonmu menehi wangsulan marang kancamu yaiku …
Matur nuwun, dhuwitku ora sida ilang.
Matur nuwun, untunge kowe ora ngepek dhuwitku.
Matur nuwun, begjane durung ditemu wong liya dhuwite.
Matur nuwun, iki mau bisa dadi pangajaran menawa nyimpen dhuwit kudu pener.
“Mbah nyuwun sewu kula ngrumiyini nggih.” Ukara kasebut diucapake menawa kowe …
Arep sowan ing daleme simbah
Arep pamit mulih nalika mertamu
Arep nglancangi wong sing luwih tuwa
Liwat ing ngarepe wong kang lagi lungguhan.
