wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA KELAS 9

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Hasna arep mangkat les privat. Olehe matur pamitan marang ibune yaiku …

a)

Bu, nyuwun pamit kula badhe bidhal les

b)

Bu, nyuwun pamit kula badhe tindak les

c)

Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah les

d)

Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar les

2.

Esuk iku Faisal ngrasa wis ra kepenak awake. Mula Faisal enggal-enggal matur pak guru nyuwun idin/ijin arep menyang UKS arep nyuwun obat. Ature Faisal kang bener yaiku …

a)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

b)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

c)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula jaluk pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

d)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit arep jaluk obat ing UKS.

3.

Pak Sidik ___ kantor ___ mobil. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …

a)

menyang, numpak

b)

tindak, numpak

c)

menyang, nitih

d)

tindak, nitih

4.

Endah sarujuk karo panemune Nina. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa sarujuk yaiku …

a)

Supaya cepet rampung, setuju ora setuju sing penting kudu manut karo panemune Nina.

b)

Aku sakjane ora cocok, nanging gandheng saliyane setuju aku ya melu setuju.

c)

Panemumu iku ora becik, nanging aku setuju lan supaya cepet rampung.

d)

Nah ngono ya becik, aku sarujuk karo panemumu.

5.

Ukara kang paling becik kanggo nampik, ora setuju yaiku …

a)

Rasane aku kok isih durung setuju.

b)

Ora, pokoke aku ora setuju, titik!

c)

Yen ngono aku ora setuju.

d)

Ngapunten, aku ora setuju.

6.

Menawa panemumu ora disarujuki dening wong liya, prayogane …

a)

jaluk supaya didadekake keputusan

b)

meksa supaya kabeh setuju

c)

kudu bisa lila lan legawa

d)

ora perlu nerusake rapat

7.

Minggu ngarep adhikmu miwiti PTS ing sekolahane, dheweke sumelang menawa ora bisa anggone nggarap. Kepriye anggonmu nyemangati adhikmu?

a)

Semangat dhik! Menawa kowe wis sinau lan dedonga muga-muga bisa anggone nggarap.

b)

Alhamdulillah yen kowe sumelang ora bisa nggarap.

c)

Sokor kowe dhik! PTS mesthi soale angel-angel.

d)

Makane sinau dhik! Ra dolanan HP wae.

8.

Nyaruwe panemune wong liya iku becike …

a)

ora perlu ngenteni wong mau rampung ngendika

b)

ngenteni nganti wong mau rampung ngendika

c)

nyelani olehe wong liya ngendika

d)

bebas manut karepe dhewe

9.

Kampung Sukuh arep nganakake latian karawitan, mula Pak RW nganakake rapat kang dirawuhi dening tamu undangan. Ing pakumpulan iku, Roni minangka wakil saka pemudha arep nyaruwe wangsulan saka Pak RW kang miturute Roni pamanggihe durung bener. Kepriye ature Roni kang becik nalika nyaruwe wangsulane Pak RW iku?

a)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan sae Pak, ananging langkung sae malih menawi wekdal latianipun dalu kemawon.

b)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan boten sae Pak, ingkang sae menika menawi latianipun saben dalu.

c)

Miturut kula pamanggihipun panjenengan sae Pak, sae malih wekdalipun latian bebas.

d)

Kula minangka wakil pemudha manut latianipun badhe wayah menapa kemawon.

10.

Menawa kancamu ana sing lagi nandhang seneng merga menang lomba, becike kepriye?

a)

Melu nepungake/ngenalke

b)

Melu mangayubagya

c)

Melu belasungkawa

d)

Melu ngarep-arep