wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP KELAS VII BAHASA JAWA

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Tim sing dinas wis rawuh. Bapak lan ibu guru jumeneng nyambut tamu. Sawise tamune pinarak, tari Endel wiwit disuguhna. Para tamu lan bapak ibu guru mirsani tari topeng Endel karo nyambi dhahar buah-buahan sing wis dicawisna, ana sega sakepel dirubung tinggi, wit adikih woh adakah, ana uga pitik walik saba kebon.


Cngkriman sega sekepel dirubung tinggi batangane yaiku ....

a)

salak

b)

nanas

c)

sulak

d)

semangka

2.

Esuk kiye sekolahku repan karawuhan tamu saka Dinas Pendidikan dan Kebudayaan. Ngendikane bapak kepala sekolah nalika upacara wingi, tim sing dinas repan nganakna penilaian sekolah sehat. Kanggo nyambut rawuhe tamu mau, disuguhna tarian sing arane tari topeng Endel. Aku dhewek kepengin weruh langsung tarian kiye. Tari topeng Endel mengko ditarikna dening bocah-bocah kelas pitu.


Miturut wacan, sekolahan arep ana tamu sing Dinas Pendidikan arep penilaian apa?

a)

akreditasi

b)

sekolah bersih

c)

sekolah sehat

d)

sekolah unggulan

3.

Aku ngadeg neng pereke Bu Laras karo Bu Yuli. Bu Laras ora kemedhep mirsani bocah wadon sing cacahe papat nari topeng Endel. Raine penari nganggo topeng bentuke lukisan wajah sing ayu. Bu Yuni uga katon asik midhangetna alunan gendhing tegalan. Tari topeng Endel pancen apik, gerakane lincah lan gesit pas nemen karo arane yakuwe Endel sing artine kenes, gendhil utawa menjeng.


Tembung gendhil tegese padha karo tembung ....

a)

ayu

b)

gagah

c)

meneng

d)

ganjen

4.

Neng TPQ (Taman Pendidikan Qur’an) ana acara wisuda. Santri sing repan diwisuda wis siap. Sadurunge acarane diwiwiti, ana selingane yakuwe seni kuntulan. Ibu ngejak bapak mirsani kuntulan. Bapak sing lagi midhangetna radio garo dhahar sing bosok malah enak gagiyan salin ngagem klambi koko. Bapak lan ibu tindak bareng maring TPQ. Bayu sing lagi dolanan gagiyan salin nganggo kathok sing dikethok malah duwur lan melu ndeleng kuntulan.


Tembung krama inggil kang tinemu ana ing wacan yaiku ....

a)

diwisuda

b)

mirsani

c)

gagiyan

d)

dolanan

5.

Basa bakune "gagiyan" yaiku ....

a)

ora ana

b)

apa meneh

c)

cepetan

d)

kayane

6.

Bapak pocung bieger sirah lawan gembung,

tansah kinunjara,

sasat mati jroning urip,

metu krangkeng bisa urip sagebyaran.


Cangkriman awujud tembang iki batangane apa?

a)

gajah

b)

penthol korek

c)

sepur

d)

klenthing

7.

Tulisna tuladhane tembung tanduk!


Ukara iki kalebu jinising ukara ....

a)

pakon

b)

pitakon

c)

andharan

d)

camboran

8.

"Ibu repan tuku seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas."


Ukara iki yen diowahi dadi basa ngoko alus sing bener yaiku ....

a)

Ibu repan tumbas seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.

b)

Ibu repan tuku seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.

c)

Ibu badhe tuku seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.

d)

Ibu repan mundhut seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.

9.

Bapak sakit, miki kas nginung obat dadine ngantuk arep turu.


Ukara iki kurang trep digunakake kanggo ngomongke wong tuwa, sing bener yaiku ....

a)

Bapak gerah, miki kas ngunjuk obat dadine ngantuk arep sare.

b)

Bapak lara, miki kas ngunjuk obat dadine ngantuk arep sare.

c)

Bapak gerah, miki kas ngombe obat dadine ngantuk arep tilem.

d)

Bapak mriyang, miki kas ngunjuk obat dadine ngantuk arep tilem.

10.

Bapak ibu guru sing mirsani tari topeng Endel kaya kehipnotis sangkin apike tarian kiye. Bocah-bocah sing ndeleng ya kayong seneng soale saiki wis arang-arang ana tarian tradisional. Bener-bener ora nyangka yen bocah kelas pitu bisa nari topeng Endel luwes lan lincah. Jebule Tegal duwe budaya khas sing ora ditemoni neng daerah liyane, tari topeng Endel salah sijine. Tarian kiye ora kalah apike karo tari liyane.


Pokok isine paragraf iki yaiku ....

a)

Gerakan khase tari Topeng Endel

b)

Tegal duwe budaya khas sing laka ing daerah liyane

c)

Penari Topeng Endel kudu lincah

d)

Bu Guru mirsani tari topeng Endel dadi kehipnotis

11.

SINOM

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning janmi,

amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi,

pintere den alingi,

bodhone dinekek ngayun,

pamrihe den inaa,

mring padha-padhaning janmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.


Gatra kang nerangake ora bakalan ngremehna kapinterane wong liya ana ing gatra kaping ....

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

12.

SINOM

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning janmi,

amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi,

pintere den alingi,

bodhone dinekek ngayun,

pamrihe den inaa,

mring padha-padhaning janmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.


Wong kang wis ngancik ing tataran utama, prilakune kepriye?

a)

isin yen diarani bodho

b)

bodhone ditutupi

c)

isin yen diarani ora pinter

d)

bodhone dikatonake (dokon ngarep)

13.

Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dekek ngarsa,

isin menek den arani,

balilu ing sujanmi,

nanging batin ingsun cubluk,

parandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.


Gatra kang nerangna, ora krasa senajan akeh omonge yaiku ....

a)

nanging batin ingsun cubluk

b)

parandene jroning tyas

c)

lumaku ingaran wasis

d)

tanpa ngrasa prandene sugih carita

14.

Pitutur ingkang piguna,

prayogane dilakoni,

amrih manggih kasarasan,

olahraga disregepi,

mangan kang ngandhut gizi,

karesikan uga perlu,

ngasone kacukupan,

turu aja bengi-bengi,

yen kedlarung cahyanira abang dluwang.


Apa kang ora patut ditindakna supaya awake sehat?

a)

sregep olahraga

b)

mangan sing akeh

c)

turu aja bengi-bengi

d)

seneng reresik

15.

Godhong kates jamu jawa,

rasa legi bratawali,

gedhe banget mumpangatnya,

lara weteng bisa mari,

lamun watuke ngiklik,

diobati nginung kencur,

jahe ngangetake awak,

waja kenceng kemu sirih,

ayo kanca nandur obat kulawarga.


Kanggo nambani watuk migunakake apa?

a)

jahe

b)

kencur

c)

sirih

d)

sereh

16.

Sanepa aji godhong garing tegese ....

a)

cendhek banget

b)

ora ana regane

c)

cepet banget

d)

bodho banget

17.

Dafa awake ... lemu ginuk-ginuk.


Tembung sanepa kang trep kanggo njangkepi ukara iki yaiku ...

a)

kuru semanga

b)

bening leri

c)

kuning lokomotif

d)

bening leri

18.

Doni bocahe ... angger diwulang rame dhewe usreg seneng ngganggu kancane.

a)

peret beton

b)

kuru semangka

c)

dhuwur kencur

d)

anteng kitiran

19.

Angga wau ... kalih kula mangke sonten boten saged latihan karawitan.

a)

ngendika

b)

ngomong

c)

dhawuh

d)

sanjang

20.

Ukara-ukara iki endi sing kalebu basa krama lugu?

a)

Pakdhe saweg dhahar bodin godhog

b)

Dhik Marni tindak Slawi mundhut buku.

c)

Susi nembe tilem wonten kamar.

d)

Eyang maringi sangu Iwan kalih dasa ewu.