Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH 1 (Bahasa Jawa kelas 5)

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang kalebu pambukane sesorah yaiku ... .

a)

Kula kinten cekap semanten atur kula mugi-mugi wonten kawigatosan saking panjenengan

b)

Bapak-bapak ibu-ibu ingkang kawula hormati, kepareng kula matur ingkang sepindah kula ngaturaken agunging panuwun dene panjenengan sedaya kersa rawuh ing acara punika

c)

Tiyang ingkang remen olahraga badanipun tansah obah. Obahing otot njalari sedaya perangan badan punika dados "lentur" mboten kaku

d)

Mila mangga wiwit dinten punika sampun ngantos aras-arasen olahraga

2.

Micara utawa nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh diarani ... .

a)

paribasan

b)

geguritan

c)

sesorah

d)

macapat

3.

Maca kanthi nyuwara utawa dibatin nanging wektune cepet diarani ... .

a)

maca bathin

b)

maca cepet

c)

maca endah

d)

maca nyuwara

4.

Bab-bab ing ngisor sing kudu digatekake nalika pidhato, kejaba ... .

a)

tangan ngapurancang

b)

mriksani/ndeleng marang para tamu ya sing sopan

c)

aja kemrungsung supaya swarane ora dhredheg

d)

polatan (wajah) besengut

5.

Yen arep pidhato utawa sesorah supaya bisa ngomong kanthi lancar kudu ngerteni ... .

a)

materi pidhato

b)

pembawa acarane

c)

kiwa tengene

d)

sing nonton

6.

1.Purwakaning Atur

2.Dudutan (simpulan)

3.Nggatekake intonasi

4.Ngedalake lathi (swara)

5.Pangajeng-ajeng

Ing dhuwur kang ora klebu pokok-pokok utawa urut-urutane sesorah yaiku ... .

a)

1,2

b)

2,5

c)

3,4

d)

1,5

7.

Dudutan iku uga diarani ... .

a)

simpulan

b)

salam pambuka

c)

wigatine atur

d)

purwakaning atur

8.

Panyuwun marang sing ngrungokake bab isine sesorah diarani ... .

a)

salam pambuka

b)

purwakaning atur

c)

wigatine atur

d)

pangajeng-ajeng

9.

Kula kinten cekap semanten atur kula mugi-mugi wonten kawigatosan saking panjenengan. Dene menawi wonten atur kula ingkang kirang mranani, nyuwun pangapunten.

Nuwun maturnuwun.

Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

Perangane pidhato ing dhuwur kalebu ... .

a)

salam pambuka

b)

pangajeng-ajeng

c)

panutup

d)

purwakaning atur

10.

Wingi Adi (tangis) amarga pite ilang.

Tembung ing jero kurung iku benere ... .

a)

nangis

b)

nangisan

c)

nangisake

d)

nangisne

11.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih. Tembung penggalih iku padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...

a)

ati

b)

asta

c)

rikma

d)

soca

12.

Busana kang dinggo nalika nindhakake sesorah kudu ...

a)

resik, sopan

b)

mewah

c)

sopan, reged

d)

reged, ora rapi

13.

Pawongan kang nindhakake sesorah kasebut yaiku ...

a)

wakil kelas telu

b)

wakil kelas papat

c)

kepala sekolah

d)

wakil kelas lima

14.

Pidhato sing becik yaiku ...

a)

suwe

b)

akeh wong sing ngrungokake

c)

singkat lan cetha

d)

nganggo basa ngoko

15.

Nalika kowe lagi pidhato, becike suarane kudu ... .

a)

lirih

b)

bengok

c)

seru

d)

grememeng

16.

Bapak-bapak Ibu ibu ingkang kula bekteni. Tegese tembung bekteni yaiku ... .

a)

didohi

b)

waneni

c)

ditinggalake

d)

ngormati

17.

Aja (mlayu), mengko mundhak awakmu kepleset!

Ukara ing njero kurung luwese diowahi dadi ... .

a)

kemlayu

b)

playon

c)

mlayuo

d)

keplayu

18.

Wong arep pidhato/sesorah luwih becik gawe (rancang) dhisik.

Tembung ing njero kurung iku benere ... .

a)

merancang

b)

dirancangke

c)

rancangan

d)

dirancang

19.

Omongan nalika pidhato ora muter nanging sing ... .

a)

runtut

b)

alon

c)

cepet

d)

banter

20.

Dalane saka tawang mangu menyang karang pandhan akeh sing njojrog. Tembung njojrog tegese ... .

a)

lunyu banget

b)

munggah

c)

mudhun

d)

menggak-menggok

21.

Nalikane pidhato iso nggunakake basa ngoko menawa sing diadhepi ... .

a)

wong tuwo

b)

luwih enom

c)

bapak-bapak

d)

ibu-ibu

22.

Babagan ing ngisor iki sing kudu disingkiri gegayutan karo solah bawa nalika sesorah, kejaba ... .

a)

kerep deleng cathetan

b)

gugup

c)

polatane besengut

d)

omongane runtut

23.

Kucing mangan tikus nganti wareg.

Ukara iku bisa diwalik sing padha maksude yaiku ... .

a)

Kucing dipangan tikus nganti wareg

b)

Nganti waareg tikus mangan kucing

c)

Tikus dipangan kucing nganti wareg

d)

Wareg nganti tikus mangan kucing

24.

Uluk salam ing sesorah iku manggon ana ing ... .

a)

purwaka

b)

isi

c)

panutup

d)

katrangan

25.

Ing ngisor iki tujuane sesorah utawa pidhato, kejaba ... .

a)

nuduhake kabisan marang liyan

b)

atur kabar

c)

pangajak

d)

aweh panglipur