NEW
Font size
WorksheetsPH BAHASA JAWA IX KD 3.1 & 3.2 2020
Total questions: 25
Worksheet time: 55mins
(Gatekna wacan Anoman Duta ing BKS kaca 3-4!)
Prabu Rama nembe duka amargi Dewi Shinta, garwanipun, kadhusta dening....
Anggada
Rama
Rahwana
Anoman
(Gatekna wacan Anoman Duta ing BKS kaca 3-4!)
Saka wacan kasebut, bisa dituladhani tumindake Anoman, minangka duta utawa utusan senajana akeh bebaya kang ngalangi lakune nanging dheweke wani ngadhepi nganti kasembadan gegayuhane. Kuwi kaya unen-unen Jawa yakuwi....
Tatag, teteg, tutug
Yitna yuwana lena kena
Jer basuki mawa beya
Kekudhung walulang macan
(Gatekna wacan Anoman Duta ing BKS kaca 3-4!)
Bukti kang mratandhakake yen Dewi Sinta isih suci yakuwi....
Yen ali-ali kang digawa Anoman saka Prabu Rama kasebut ora sesek lan ora bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar
Yen ali-ali kang digawa Anoman saka Prabu Rama kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar
Yen ali-ali kang digawa Anoman saka Prabu Rahwana kasebut ora sesek lan ora bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar
Yen ali-ali kang digawa Anoman saka Prabu Rahwana kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar
(Gatekna wacan Anoman Duta ing BKS kaca 3-4!)
Saka wacan kasebut, dimangerteni kang mimpin pembakarane Anoman yakuwi....
Prabu Dasamuka
Prabu Ramawijaya
Raden Wibisana
Dewi Shinta
Sawetara suwe mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge. Ukara mau yen diowahi dadi krama alus dadine....
Sawetara suwe menggalih, Bathara Surya pungkasane kersa ngendheg lakune srengenge
Sawetawis suwe mikir, Bathara Surya pungkasane purun ngendheg lakune srengenge
Sawetara dangu menggalih, Bathara Surya pungkasanipun purun ngendheg lakune srengenge
Sawetawis dangu menggalih, Bathara Surya pungkasanipun kersa nyandheg lampahipun srengenge
Nanging dumadakan dhateng wanara sanesipun ingkang naminipun Anggada. Tembung awerna abrit tegesipun....
Kethek
Gajah
Ula
Kidang
.... lajeng dipundhawuhi kesah dhateng Ngalengka saperlu mapag saha mbekta kondur Dewi Shinta.
Anoman
Rama
Anggada
Rahwana
Minangka pamrayoginipun, Prabu Rama lajeng paring sayembara kangge Anoman kaliyan Anggada. Tembung awerna abrit tegesipun....
Kuis (Ind)
Hadiah/ bebungah
Paukuman
Lunga
Nalika dipuntakeni sepinten dangunipun wekdal ingkang katempuh kangge kesah dhateng Ngalengka, Anoman matur menawi mbektahaken wekdal sedasa dinten. Tembung awerna abrit krama inggilipun....
Lunga
Tindak
Menyang
Marak
Prabu Rama nembe duka. Ukara punika menawi kadamel ngoko lugu dadosipun....
Prabu Rama lagi duka
Prabu Rama lagi nepsu
Prabu Rama nembe nesu
Prabu Rama nembe duka
Iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Ukara mau klebu basa Jawa ragam....
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
(Gatekna wacan Anoman Duta ing BKS kaca 3-4!)
Wujud budaya Jawa kang kacetha saka wacan kasebut yakuwi....
Sapa kang salah ora wurung bakal dimangerteni lan kalah pungkasane (Sapa salah seleh)
Sapa kang seneng aweh tetulung mesthi bakal akeh kang menehi pitulungan nalika nandhang kasusahan (Sapa aweh bakal pikoleh)
Sapa kang jujur uripe bakal ayem tentrem (Sapa jujur bakal makmur)
Sapa kang ngati-ati bakal slamte, sapa kang ora waspada bakal kena bebaya (Yitna yuwana lena kena)
(Gatekna wacan Anoman Duta ing BKS kaca 3-4!)
Saka wacan kasebut bisa dimangerteni yen watake Dewi Shinta yakuwi....
Setya tuhu
Ora setya
Sabar
Ora jujur
Guru gatrane tembang Dhandhanggula ana....
5
7
9
10
Guru wilangan lan guru lagune tembang Dhandhanggula yakuwi....
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10a, 10i, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10i, 10a, 8a, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7o
Guru lagu tembang Dhandhanggula kang tiba suku ana ing gatra....
1 lan 4
4 lan 7
1 lan 9
5 lan 9
Gatekna tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!
(1) Nanging yen sira nggeguru kaki
(2) amiliha manungsa kang nyata
(3) ingkang becik martabate
(4)sarta kang wruh ing kukum
(5) kang ngibadah lan kang wirangi
(6) sokur oleh wong tapa
(7) ingkang wus amungkul
(8) tan mikir pawehing liyan
(9) iku pantes sira guronana kaki
(10) sartane kawruhana
Gatra kang nudohake yen merguru kudu milih wong kang duweni martabat kang becik yaiku gatra nomer....
2 lan 3
4 lan 5
5 lan 6
7 lan 8
Gatekna tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!
(1) Nanging yen sira nggeguru kaki
(2) amiliha manungsa kang nyata
(3) ingkang becik martabate
(4)sarta kang wruh ing kukum
(5) kang ngibadah lan kang wirangi
(6) sokur oleh wong tapa
(7) ingkang wus amungkul
(8) tan mikir pawehing liyan
(9) iku pantes sira guronana kaki
(10) sartane kawruhana
Miturut pada Dhandhanggula dhuwur, yen merguru kudu milih wong kang ngerti bab kukum. Kuwi mau andharane tembang Dhandhanggula ing dhuwur gatra....
3
4
5
6
Gatekna tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!
(1) Nanging yen sira nggeguru kaki
(2) amiliha manungsa kang nyata
(3) ingkang becik martabate
(4)sarta kang wruh ing kukum
(5) kang ngibadah lan kang wirangi
(6) sokur oleh wong tapa
(7) ingkang wus amungkul
(8) tan mikir pawehing liyan
(9) iku pantes sira guronana kaki
(10) sartane kawruhana
Tembung sira ing gatra sepisan tembang kasebut tegese padha karo....
Aku
Kowe
Wonge
Aku lan kowe
Gatekna tembang Dhandhanggula ing ngisor iki!
(1) Nanging yen sira nggeguru kaki
(2) amiliha manungsa kang nyata
(3) ingkang becik martabate
(4) sarta kang wruh ing kukum
(5) kang ngibadah lan kang wirangi
(6) sokur oleh wong tapa
(7) ingkang wus amungkul
(8) tan mikir pawehing liyan
(9) iku pantes sira guronana kaki
(10) sartane kawruhana
Tembung becik ing gatra katelu tembang kasebut tegese padha karo tembung....
Ala
Apik
Elek
Wirang
Lumrahe tembang dhandhanggula iku ngemot ...
Pitutur
nepsu
sifat brangasan
prihatin
“Kang pranyata nora gawe urip mukti” pethikan tembang kasebut guru wilangan lan guru lagune ...
10 i
12 u
10 u
12 i
“Aja sira gumunggung”. Pethikan tembang kasebut guru wilangan lan guru lagune ...
6 u
7 u
8 u
9 u
Sun tuturi kabeh putra putri,
Lamun sira sregep ing pangolah,
Budi pikir lan ngelmune,
Aja sira gumunggung,
Kebat kliwat datan pamikir,
Trunyak trunyuk tindaknya,
Bilahi ing pungkur,
Singkirana tindak nistha,
Kang pranyata nora gawe urip mukti,
Estokna tutur ika.
Pesen sing bisa kepethik saka tembang ing dhuwur yaiku
Yen watak ala bakal cilaka
Beja lan cilaka kuwi sandhangane urip
Yen tumindak kudu duwe budi pakarti supaya ora cilaka
Yen tumindak nistha bakal nemu cilaka
Serat Wulangreh iku kaserat dening....
Sunan Paku Buwana I
Sunan Paku Buwana II
Sunan Paku Buwana III
Sunan Paku Buwana IV
