wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pangkur Quiz

Total questions: 10

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Ana maneka serat Jawa kuna kang ngandhut piwulang luhur lan klebu salah siji kabudayan tinggalan leluhur kang adiluhung. Serat-serat Jawa kuna kasebut kajaba diugemi dening para kulawarga raja lan abdi dalem kraton, uga bisa disinaoni dening masarakat sajabane kraton. Ing jaman saiki, kita isih bisa nemokake serat Jawa kuna tinggalane para leluhur kita, kayata Serat Wedhatama. Wedhatama asale saka tembung wedha lan tama, kang tegese….

a)

Ajaran kang utama

b)

Ajaran bab agama

c)

Ajaran nabi-nabi

d)

Ajaran palakrami

e)

Ajaran kang palupi

2.

Sastra kidungan dipunanggit utawi dipunserat dening panganggit. Panganggit Serat Wedhatama inggih menika….

a)

Sunan Kalijaga

b)

Pakubuwana IV

c)

Mangkunegara IV

d)

Ki Nartosabdha

e)

R. M. Ranggawarsita

3.

Adhedhasar paugeran guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Cakepan tembang macapat ing nginggil ingkang nudhuhaken tembang Pangkur inggih menika….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

4.

Guru gatra lan guru wilangan tembang Pangkur ing nginggil inggih menika….

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, lan 8a

b)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, lan 8i

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, lan 8u

d)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, lan 8o

e)

12 a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, lan 8o

5.

Urutaken gatra cakepan Tembang Pangkur ing ngandhap menika supados dados tembang macapat ingkang jangkep!

a)

1, 2, 3, 4, 5, 6, lan 7

b)

2, 4, 6, 1, 3, 5, lan 7

c)

4, 6, 1, 3, 5, 2, lan 7

d)

6, 1, 3, 2, 4, 5, lan 7

e)

7, 6, 5, 4, 3, 2, lan 1

6.

Gatra utawa baris kang nudhuhake piwulang ‘tansah njaluk pangalembana utawa dipuji’ yaiku….

a)

nggugu karsane priyangga

b)

nora nganggo peparah lamun angling

c)

lumuh ingaran balilu

d)

uger guru aleman

e)

sinamun samudana

7.

"Nanging janma ingkang wus waspadeng semu".


Tembung garba yaiku tembung 2 sing dirangkep dadi siji. Tembung kang ana ing gatra kasebut kang nudhuhake tembung garba yaiku….

a)

nanging

b)

janma

c)

wus

d)

waspadeng

e)

semu

8.

Isine cakepan Tembang pangkur ing dhuwur yaiku….

a)

bedane wong pinter karo wong bodho

b)

dalan kanggo wong urip ing alam ndonya

c)

ngelmu kang nyata iku fisika lan matematika

d)

netepi ngelmu gedhang lan pari

e)

wong kang adigang, adigung, lan adiguna

9.

Bungah ingaranan cubluk. Tembung kang kacitka kandel nduweni dasanama yaiku….

a)

ala

b)

apik

c)

seneng

d)

temen

e)

pamrih

10.

Kang ora kalebu piwulang sing apik yaiku….

a)

Yen duweni kawruh utawa ilmu aja dikatonake kanthi niat kang kurang trep

b)

Yen duweni kawruh utawa ilmu aja mung kanggo nggolek pujian

c)

Yen durung bisa aja kepengin dianggep bisa supaya antuk pujian

d)

Yen dadi menungsa ora entuk riya’ marang kapinterane

e)

Yen dadi menungsa kudu bisa ngumbar kapinteran supaya dipuji womg liya