WorksheetsULANGAN "WAYANG/RINGGIT"
Total questions: 30
Worksheet time: 22mins
Wayang dumadi saka tembung wod “Yang/Hyang” entuk ater-ater (awalan) Wa-, ateges .....
gegambaraning manungsa
roh kang bisa gawe beja utawa cilakaning manungsa
wayahe ngibadah
papane Gusti kang maha akarya Jagad
manungsa kang nduweni cipta,rasa lan karya
Crita Ramayana (lelampahanipun Rama) Kaserat dening ....
Begawan Byasa
Vyasa
walmiki
Sinta
Rama
Wayang paragane kewan kang digambar ing karton utawa kulit yaiku wayang ....
wayang purwa
wayang menak
wayang klithik
wayang sadhat
wayang kancil
Lawon pethak/putih kanggo mbabar crita wayang diarani ....
cempala
gunungan
kelir
blencong
kepyak
lampu kanggo madhangi kelir lan wayang diarani ....
blencong
gunungan
cempala
simpingan
kelir
Peti kanggo nyimpen wayang diarani kothak. menawa papan kanggo nancepake wayang yaiku migunakake ....
debog
kayu
pring
wesi
kain
Tiyang ingkang nabuh gamelan dipunwastani ....
wiraswara
waranggana
niyaga
dhalang
sindhen
Piranti/alat kangge ngiring lampahing ringgit/wayang inggih menika gamelan. gamelan ugi dipunwastani/dinamakan ....
cempala
ringgit
gangsa
niyaga
kayon
kang diarani Pandawa lima yaiku …
Puntadewa, gathotkaca, janaka, nakula, sadewa
Puntadewa, gathotkaca, janaka, dursasana, sadewa
Puntadewa, werkudara, janaka, nakula, sadewa
Laksmana, werkudara, janaka, nakula, sadewa
duryudana, werkudara, janaka, nakula, sadewa
kembar ing Pandawa yaiku
nakulo lan sadewo
arjuno lan werkudoro
arjuno lan janaka
bimo lan werkudoro
kresno lan janaka
Piranti pagelaran wayang kasebut minangka gegambaran ....
gambaran gesang manungsa
pralambang sangkan paraning dumadi
gegambaran ilining rah
gegmbaran kangge kabetahan manungsa
pralambang surya,rembulan lan lintang
Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....
Baratayudha
Ramayana
Mahabharata
Badar
Gambar iki jenenge wayang ...
beber
golek
kulit
kancil
salah sawijining piranti kanggo pagelaran wayang kaya gambar iki jenenge ...
blencong
debog
keprak
kelir
Paraga ing pagelaran wayang, yakuwi ...
Dhalang, sindhen, debog
Dhalang, niyaga, kelir
Dhalang, niyaga, sindhen
Kelir, debog, blencong
Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh ( ilmu ), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku: 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer. Pusakane pirang-pirang. Kang asring digunakake: Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati. Arjuna menika lakunipun saged rikat sanget amargi kagungan….
Aji Sepiangin
Aji Malayabumi
Aji Sempaliputri
Rodha Dhadhali
Panah Merdaging
Nalika Dinten Kamardikan taun kapengker, desa Subur Makmur anggenipun mengeti dinten kamardikan kanthi ngadani pagelaran wayang kulit. Ing pagelaran wayang kulit menika, wonten tiyang ingkang gadhah jejibahan nglakokake wayang. Tiyang kasebut dipunwastani….
niyaga
sindhen
dhalang
swarawati
wiraswara
Piranti pagelaran wayang kulit ing nginggil dipunwastani….
kelir
kothak
kepyak
cempala
simpingan
Babone crita wayang iku saka buku …
Baratayudha lan Mahabarata
Ramawijaya lan Mahabarata
Ramayana lan Mahabarata
Baratayudha lan Ramayana
Ramawijaya dan Baratayudha
Wayang kang paragane diperanake dening pawongan diarani wayang ….
wayang kulit
wayang wong
wayang purwa
wayang topeng
wayang golek
Sajroning basa jawa tembung wayang ateges ….
brangasan
ayang-ayang
ayan-ayan
dalane mlaku
cetha
Pilihen wayang Pandhawa ing ngisor iki!
Sawise ibune seda, Nakula lan Sadewa dirukti dening ibu Kunthi. Tembung dirukti dasanamane yaiku .....
Disuceni
Diopeni
Disampurnakake
Dikendhalekake
Pusakane Raden Arjuna kajaba (kecuali) ...
panah pasopati
Sarotama
Keris Pulanggeni
Panah sembilah
Jeneng liyane Raden Arjuna yaiku ?
Yudhistira
Nakula
Bratasena
Janaka
cempala kang anggone nggunakake dijepit ing jempol sikil, diarani cempala ....
cempala suku
cempala asta
cempala mustaka
cempala jaja
Ing pagelaran wayang, wonten paraga kakung/laki-laki kang nglaras tetembangan, diarani ......
waranggana
wiraswara
swarawati
sindhen
wayang kang ditancepake jejer ing sisih kiwa/kiri lan tengen/kanan minangka paes, diarani .....
cempurit
cempala
simpingan
kothak
kothak
ubarampe/piranti ing pagelaran wayang iki diarani ....
cempala
kepyak
blencong
gunungan
kelir
Ing pagelaran wayang, wonten lelagon/tetembangan kang diiringi gamelan. Bab menika ngandharake/menjelaskan menawa ing sajrone pagelaran wayang ngandhut/mengandung seni ......
seni suara
seni musik
seni sastra
seni tutur
seni peran
