Font size
WorksheetsUlangan Harian Bab Unggah-Ungguh Basa
Total questions: 19
Worksheet time: 1hrs 5mins
Ing ngandhap menika ingkang trep migunakaken basa krama alus inggih menika...
Simbah tindak Semarang tumbas sinjang.
Bapak mriksani bal-balan wonten ing lapangan.
Pakdhe kesah dhateng sabin.
Adik tumbas layangan ing warung
Bapak lagi sare ing kamar.
Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa ingkang dipunginakaken inggih menika…
ngoko alus
krama alus
ngoko lugu
krama lugu
krama madya
Pak Karto: “Kapan panjenengan anggenipun rawuh, Pak?”
Pak Sukro:……….
Ukara ingkang trep kangge mangsuli pitakenan ing nginggil inggih menika…
Kala wingi sonten anggenipun kula dugi.
Wingi sore anggonku teka
Wingi sonten anggonku rawuh
Kala wingi sonten anggenipun kula rawuh
Kala wingi sore anggenipun kula dhateng
“Ibuk, tindak dhateng toko badhe (…. ....) menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe (...….) buku tulis kangge cathetan.” Tembung ingkang trep kangge ngisi ceceg-ceceg kasebut inggih menika ....
mundhut, mundhut
tumbas, tumbas
mundhut, tumbas
mundhut, tuku
tumbas, mundhut
Ukara ing ngandhap menika ingkang leres nalika badhe matur kaliyan guru inggih menika...
“Bu, kula badhe nyuwun pirsa bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, kula ajeng tanglet bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, kula badhe tanglet bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, kula ajeng nyuwun pirsa bab pawartos basa Jawi!”
“Bu, aku badhe nyuwun pirsa bab pawartos Basa Jawi!”
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le!.
Basa ingkang dipunginakaken inggih menika…
krama
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Ibu :”Le, kok jam pira iki kok wis bali?”
Lare :”Wetenge lara Buk.”
Lare anggenipun wangsulan boten trep, ingkang leres….
Wetengipun sakit buk
Padharan kula gerah buk.
Weteng kula gerah buk.
Padharan kula sakit buk.
Padharanku lara buk
Ibu : “Man, mengko mampira nggone Budhemu, ngomonga menawa simbah gerah.”
Arman :…..
Ukara ingkang trep kangge mangsuli ibu inggih menika…
Iya bu, mengko dakmatur budhe
Mbok panjenengan piyambak mawon ingkang tindak mrika.
Nggih bu, nanging sanguine ditambah nggih.
Wegah bu, mengko aku arep latihan pramuka.
Inggih bu, mangkih kula mampir dalemipun budhe, kula matur menawi simbah gerah.
Ukara ing ngandhap menika ingkang boten migunakaken unggah-ungguh basa kanthi trep inggih menika…
Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng lan ngendikan
Pak, punapa kula pikantuk ndherek panjenengan
Le, tulung golekana layang ulem nggone Pak Rejo.
Menawi saged kula nyuwun wekdale sakedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.
Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula lepat.
Ing ngandhap menika boten kalebet cak-cakanipun basa ngoko lugu inggih menika...
Kangge wicantenan dhateng kanca sejawat ingkang akrab
Kangge wicantenan tiyang sepuh dhateng putra
Kangge wicantenan guru dhateng murid
Kangge rembugan tiyang ingkang inggil pangkatipun
Kangge rembugan tiyang sapadha-padha
Sejatosipun kula (gelem) menawi dipunpitados.
Tembung ing salebetipun kurung ingkang trep inggih menika…
Waton
kersa
purun
remen
siyos
Ukara ing ngandhap menika kaleresaken miturut unggah-ungguhipun!
Kala wingi kula mirsani wonten tiyang sepah nembe mlaku tumuju pasar.
Kala wingi kula ningali wonten tiyang sepuh nembe mlaku tumuju pasar.
Kala wingi kula pirsa wonten tiyang sepuh saweg mlaku tumuju peken.
Kala wingi kula ningali wonten tiyang sepuh saweg tindak tumuju peken.
Kala wingi kula ningali wonten tiyang sepah saweg tindak tumuju pasar.
Kala wingi kula pirsa wonten tiyang sepuh saweg tindak tumuju peken.
Sedaya kemawon saged tindak samenika.
Ukara ing nginggil menawi diowahi dados basa ngoko lugu ingkang leres...
Kabeh wae bisa bali saiki.
Kabeh wae bisa teka saiki.
Kabeh wae bisa budhal saiki.
Kabeh wae bisa lunga saiki.
Kabeh wae bisa mlampah saiki.
Menawi panjenengan nitih pit motor, ampun supe ngagem helm.
Ukara menika ngginakaken basa...
krama alus
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
ngoko andhap
Undha usuk basa menika bakunipun wonten warni kalih inggih menika...
basa krama inggil lan basa ngoko
basa ngoko lugu lan ngoko alus
basa krama lugu lan krama alus
basa ngoko lan basa krama
basa bagongan lan basa ngoko
Pakdhe Ngabdul :
”Iki kok njanur gunung, kadingaren Nak Ahmad tekan kene, ana perlune apa mung dolan wae?
Ahmad :
”Inggih Pakdhe, keparenga (omong)1 dhateng Pakdhe Ngabdul, bilih (teka-ku)2 ing ngriki ingkang sepisan kula silaturahmi saha tuwi keslametane Pakdhe Ngabdul sakulawarga. Dene ingkang kaping kalih sejatosipun kula punika (dikongkon)3 Pak Susila supados ngaturi Pakdhe Ngabdul kasuwun (teka)4 ing (omahe)5. Pak Susila saperlu kasuwun donga saha pamujinipun ing acara kendhuri syukuran. Wondene kendhurinipun badhe kawiwitan mangke sasampunipun wanci Maghrib Pakdhe.”
Kaleresaken tembung ingkang dipuncetak kandel miturut unggah-ungguhipun!
Ukara ing ngandhap menika kadamelna ing basa ngoko alus lan krama alus
ngoko : " kowe uwis mangan apa durung?"
ngoko alus :.....?
krama alus :......?
Kadamelna 2 ukara ngangge basa krama lugu!
Bangsa Indonesia nampi kanugrahaning Gusti Allah awujud kamardikan ingkang dumados rikala tahun 1945. Pamaosing angka tahun ingkang leres inggih menika ...
