WorksheetsSINAU BASA JAWA KELAS GANGSAL
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...
loh kang tinandur
loh jinawi
ayem tentrem
kreta raharja
Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...
Sinau
Rekreasi
Mondok
Nginep
Saben liwat tanduran sinawang ijo...
Memplak
Branang
Royo-royo
Gadhing
Salah sijine titikane dheskripsi yaiku...
Nggambarake kedadean kanthi cetha
Isine mujudake asli laporan kegiyatan
Nggambarake panyaruwe saka penulis
Isine mujudake rerangkene cerita kang urut
Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...
Dheskripsi
Argumentasi
Eksposisi
Narasi
Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani...
Parikan
Panyendhu
Bebasan
Panyandra
Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani...
Panyandra
Panyendhu
Parikan
Papindhan
Bocah kui rambute ngadhan-adhan, bangkekane...
Jambe sinigar
Nawon kemit
Ndamar kanginan
Mucuk eri
Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani...
Basa rinengga
Basa guyonan
Basa bagongan
Basa krama desa
Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……
Pelem
Duren
Kates
Nangka
Nalika godok banyu, Mita ora sengojo ndemok pancine sing iseh panas. Deskripsi iki bisa ditampa perang pancadriya perangan…..
Kuping
Mripat
Kulit
Irung
Wayah awan angina semilir adhem, ndadak angine nggawa gandane lele digoreng. Wacan deskripsi iki nyritakake samubarang sing bisa dirasakake liwat…… lan…….
Kuping lan sirah
Kulit lan mripat
Mripat lan tangan
Irung lan kulit
Wong-wong mesti padha nonton. Najan wujude mung kertas, nanging dibutuhake nganti setaun lawase. Barang iki kadhang angkane dibunderi, kanggo nengeri kedadean utawa rencana sing bakal dilakoni. Wacan iku deskripsi ngenani…..
Meteran
Tanggalan
Handphone
Buku bahasa jawa
Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.
Tembung sing klebu panyendhu yaiku....
Dedege dhuwur
Lembehane mlarak sempal
Batuke nonong
Yen mlaku kaya macan luwe
Wong-wong biyen nganggo gondhel gede-gedhe nganti kupinge....
Tembung panyendhu kanggo ngganepi ukara iki....
Gruwung
Piseng
Ndower
Dawir
Swarane bledheg wingi kae kaya...
Tembung pepindhan sing bener kanggo ngganepi ukara iki...
Mbelah-mbelahna bumi
Mecah-mecahna gundul
Ngagetake jantung
Mbudekake kuping
Wartini iku bacahe ayu, alise.....
Nawon kemit
Blalak-blalak
Miji timun
Nanggal sepisan
Eyang kakung...................saking Kalimantan
Wangsul
teka
Kondor
Mulih
Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku...............
Disapu
kosapu
Nyapu
daksapu
Pak Lurah lagi..........menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku....................
Mangkat
Kesah
Tindak
Budhal
Tulisan Aksara Jawa iki diwaca ….
geger maneh
gajah lemu
godhong garing
golek lara
Saiki wong muslim sakdonya padha nglakoni pasa wajib, amarga iki mlebu wulan ....
Rajab
Sya'ban
Ramadhan
Syawal
Lampu neyon madhangi tumpukan buku tema lan buku Basa Jawa. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono, lagi nggarap tugas online saka Bu Guru, sisih tengene ana laci. Uga ana tempelan jadwal pelajaran.
Paragraf ing dhuwur nggambarake ....
meja tamu
meja guru
meja sinau
meja sudut
Pak Lurah saweg ... dateng kantor kelurahan. Anake uga lagi mangkat menyang sekolah.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
kesah
tindhak
budhal
mulih
Yen hawane panas koyok ngene terus, kembang mawar iku sesuk mesthi bakal alum.
Tembung alum kosok balene ....
seger
bosok
alus
wangi
Sing duwe tatanan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu yaiku tembang ....
macapat
dolanan
cangkriman
campur sari
Sawahe (tandur) pari kabeh.
Tembung kang trep kanggo ngganteni tembung ing jero tandha kurung yaiku ....
nandur
nanduri
ditanduri
tanduran
Putrane Pak Jamal loro wadon kabeh.
Anak loro wadon kabeh diarani ....
ontang-anting
pandhawa
gotong mayit
kembang sepasang
Bapak mundhut masker menyang apotek.
Ukara ing dhuwur yen diudhal miturut JWLK, sing kalebu "wasesa" yaiku ....
menyang apotek
masker
mundhut
Bapak
Bapak Pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba Si Pucung mung turut kutha
Batangane tembang Pucung ing dhuwur yaiku ....
udun
gajah
guci
sepur
Sing kalebu tembang macapat yaiku ....
1-3-4
1-2-3
2-4-5
3-4-5
Tembung suka bagya iku tegese ...
seneng banget
lancar
sedih
rekasa
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.
Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah
pangajeng - ajeng
panutup
isi
pambuka
Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...
Sinau
Rekreasi
Mondok
Nginep
ingaranan pantun ing bahasa Indonesia, ing boso jowo jenenge....
parikan
tembung
lingga
maesan
Aja rame-rame ibuku lagi...
turu
mangan
adus
sare
Rin, Budhe apa wis mangan? Tembung mangan benere...
nedha
dhahar
maem
nguntal
Simbah sampun sare wonten dipan.ukara iku nganggo basa...
ngoko lugu
krama lugu
ngoko alus
krama alus
Ibu badhe (tuku) beras. Tembung tuku benere...
tumbas
mundhut
mendhet
nyuwun
Bulik Ninik kondur ngasta oleh-oleh. Tembung ngasta basa ngokone...
mbeta
nggawa
mbekta
nyangking
Tembung kang unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper jenenge....
Tembung panyandra
Tembung lingga
Tembung dwilingga
Tembung asli
"Anita iku alise ...." Panyandra kang trep yaiku ....
ngudhup
nyela cendhani
nanggal sepisan
ngembang bakung
Carita asal-usule sawijining papan panggonan diarani ....
legendha
sage
mite
fabel
Wong jujur iku bakale
ajur
mumur
mujur
dadi bubur
Pandhawa kuwi ana ing lakon...
Ramayana
Anoman Duta
Tripama
Mahabharata
Pandhawa iku cacahe ana ...
papat
lima
enem
pitu
Pilihana 3 sing kalebu tembang macapat trus klik submit !
Asmaradana
Pocung
Jamuran
Jaranan
Kinanthi
Basa Kramane rambut yaiku ....
Rikma
Tuthuk
Asta
Talingan
Kulo sampun nedha, yen bapak sampun ....
Mangan
Maem
Dhahar
Nedhi
Basa Kramane gambar ing ndhuwur yaiku ....
ngombe
dhahar
ngunjuk
sare
