WorksheetsUH Unggah Ungguh Basa Dalam kehidupan
Total questions: 10
Worksheet time: 50mins
Pak Karto: “Kapan panjenengan anggenipun rawuh, Pak?”
Pak Sukro:……….
Ukara ingkang trep kangge mangsuli pitakenan ing nginggil inggih menika…
Kala wingi sonten anggenipun kula dugi.
Wingi sore anggonku teka
Wingi sonten anggonku rawuh
Kala wingi sore anggenipun kula dhateng
“Ibuk, tindak dhateng toko badhe (….....) menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe (...….) buku tulis kangge cathetan.” Tembung ingkang trep kangge ngisi ceceg-ceceg kasebut inggih menika ....
mundhut, mundhut
tumbas, tumbas
mundhut, tumbas
tumbas, mundhut
Basa ngoko lugu lumrahe dienggo guneman tumprap ...
Karo wong sing tembe kenal
Wong tuwa marang wong sing diajeni
Wong nom marang wong tuwa
Kanca karo kanca sing wis akrab
Merga nginum es Mbah Karya dadi pilek. Tembung 'nginum' Yen diowahi manut unggah-ungguh basa kang bener yaiku ...
ngunjuk
ngombe
damel
tumbas
Basa krama alus digunakake nalika guneman antarane ….
Murid padha murid
Bocah enom sepantaran
Padha-padha bocah enom
Bocah enom marang wong tuwa
Yen liwat sangarepe wong luwih tuwa kang padha lenggah kudune matur ...
Matur nuwun
Nyuwun sewu
Ndherek langkung
Nyuwun pangapunten
Basane wong tuwa marang anak, yaiku ...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
kula ajeng (ngomong) kalih bapak lan ibu. Tembung 'ngomong' manut unggah-ungguh basa sing trep yaiku ...
kandhah
guneman
matur
sanjang
Nalika sowan guru Basa Jawa arep numpuk tugas becike matur ...
Nuwun sewu Pak, kula badhe ngempalaken tugas.
Nuwun sewu Pak, aku arep numpuk tugas.
Pak, aku ajeng ngempalke tugas.
Nuwun sewu, Pak, kula ajeng numpuk tugas sing wingi.
Ukara sing trep nalika jaluk pangapura marang wong tua, yaiku . . .
“Ya wis, aku njaluk ngapura ya…!”
"Pak, kula saestu nyuwun pangapunten, amargi kula sampun lepat!"
“Kula nyuwun pangapura marang sampeyan, kula pancen luput!"
“Kabeh luputku apuranen ya!”
