NEW
Font size
WorksheetsKuis Pranatacara
Total questions: 10
Worksheet time: 6mins
Nalika dados Pranatacara pocapan kedah cetha. Punik aateges nggatosaken...
olah basa
olah raga
olah swara
olah busana
olah jiwa
Dados pranatacara kedah gadhah patrap wibawa, tegesipun....
gadhah subasita ingkang sae
kedah mantep ing manah, boten wigah-wigih
saged maos kawontenan
boten ajrih satemah percaya diri
saged mapanaken diri kaliyan kawontenan
Ginanipun pranatacara ing satunggaling acara inggih menika...
acara enggal rampung
dipun-gatosaken para tamu
acaranipun tumata
acaranipun boten ,mboseni
acaranipun gayeng
Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...
andhap inggilipun swara boten namung ajeg
pocapan cetha, las-lasan, boten blero
busananipun sae, resik
solah bawa trapsila lan empan papan
pilihaning tembung sae
Pranatacara kedah saged ngadi sarira lan ngadi busana, ukara menika jumbuh kaliyan unen-unen...
ajining raga gumantung ing busana
ajining diri gumantung ing lathi
ajining awak gumantung ing tumindak
ajining badan gumantung saka dandan
ajining mustaka gumantung saka wibawa
Ingkang boten kalebet tembung sanesipun pranatacara inggih menika...
medhar sabda
pambyawara
pranata adicara
panata titi laksana
MC
Blangkon, Surjan, Bebed, Selop. Busana menika kaagem ing acara...
sripah
syawalan
tanggap warsa sekolah
rapat
pawiwahan temanten
Nindakaken pranatacara menika boten gampil, amargi kedah saged ngracik tembung ingkang ngginakaken basa rinengga. Basa rinengga tegesipun...
basa ingkang angel dipunmangertosi
basa ingkang dipundamel endah
basa kangge manten
basa kangge sekar macapat
basa ingkang ngginakaken basa Jawa kuna
Teknik pranatacara kanthi mbeta cathethan alit kasebat teknik...
apalan
naskah
dadakan
ekstemporan
teks
Basa ingkang gampil dipuntampi lan komunikatif tuwin tep ing panganggenipun kedah migatosaken bab-bab ing ngandhap menika kajawi...
sinten ingkang badhe pidato salajengipun
sinten ingkang gineman
sinten ingkang dipunajak gineman
sinten ingkang dipunginemaken
swasana nalika gineman
