NEW
Font size
WorksheetsGeguritan
Total questions: 20
Worksheet time: 27mins
geguritan iku kangga gampange diarani uga ...
kakawin jawa kuna
kidung jawa pertengahan
tembang macapat
tembang campursari
puisi gagrag anyar
kalebu struktur batin geguritan yaiku ...
tema lan amanat
diksi lan tipografi
enjambemen dan lelewaning basa
purwakanthi lan wirasa
panyitra lan diksi
sing kalebu struktur lair yaiku
panyitra lan tema
enjambenem lan wirasa
tema lan amanat
diksi lan tipografi
wirasa lan amanat
gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda//
kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...
pandeleng
pangganda
pangrungu
pangarasa
panindak
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...
bapak
ibu
anak
putu
sedulur
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...
swara i
sastra t
basa/lumaksita kali
swara um
sastra g
alon bantere swara, selaras-seimbange swara nganti dadi kaya wirama kang endah, iku diarani ...
diksi
tempo
dinamika
artikulasi
modulasi
owah-owahane swara, umpamane swara tuwa, swara bocah cilih, swarane digawe cempreng, ulem, geter lan sapanunggale iku diarani ...
artikulasi
diksi
tempo
dinamika
modulasi
alon cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin di wedharake diarani ...
artikulasi
diksi
tempo
dinamika
modulasi
pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha, diarani ...
artikulasi
diksi
tempo
dinamika
intonasi
tembung-tembung kang sengaja diseleh ing akhir gatra utawa madeg dhewe ing sawijining gatra, kang gunane kanggo nguwatake gatra ing dhuwur lan ing sangisore diarani ...
tipografi
enjambemen
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi lumaksita
jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna.
tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi lumaksita
diksi
tipografi
Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ...
Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
Basane endah, mentes lan mantes
Basa rinengga, mentes lan mantes
Guru swara, guru sastra lan guru basa
Purwakanthi, pepindhan lan paribasan
Jingglengana geguritan ing ngisor!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...
Kudu milah lan milih
Tumindak sakarepe
Kang ngina mring sasama
Ora oleh mbeda-mbedake
Kudu bisa mbeda-mbedakake
Wujud guritan : kaca ora dikebaki tembung, pinggir(tepi) kiwa tengene, pengaturane gatrane, gatra ora diwiwiti huruf kapital lan dipungkasi tandha titik.
Bab-bab ing dhuwur kuwi diarani ...
tipografi
diksi
enjambemen
imaji
purwakanthi
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...
Dadi pemimpin
Dadi Juwara
Lungguh kepenak
Lungguh empuk
Kursi sing empuk
Angen-Angen
Fara Fitriana
Yen ta iso, aku pengin sampurna
Sakora-orane kaya pari ing sawah
Migunani tumrap bebrayan
Nanging tetep ndingkluk andhap asor
Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa
Migunani wiwit oyot nganti janure
Utawa dadi wit ringin
Kuwat ngayomi sapada-pada
Yen ora aku pengin dadi lilin
Menehi pepadhang kanggo liyan
Ning nyatane aku amung manungsa sawantah
Ora rosa nadhan sesangan
Amung bisa netesake luh ing batin
Nalika gawe gela liyan
Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae
Aku ngerti,
Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh
Aku lan sapa wae sing iso ngayomi
Aku
Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku
(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)
Angen-angen iku ngemu teges ...
Gegayuhan sing wus klakon
Gegayuhan sing durung klakon
Kanyatan sing wis dilakoni
Kanyatan sing durung dilaksanake
Kanyatan sing mokal kelakon
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tema pethikan geguritan ing dhuwur yaiku ...
Kursi empuk
Kursi panas
Pemulung
Rosokan
Pemimpin
Coba gatekno andharan ngisor iki
1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra
2. Kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra
3. Carike bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita
4. Iki miturut jenise tembang
Sing kalebu struktur wacana geguritan ...
1,2,3,4
1,2,3
1,2
1,3
2,3,4
