wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Basa Rinengga lan Jinise Ukara

Total questions: 15

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Apa tegese Basa Rinengga kuwi? Basa kang direngga lan dipacaki supaya luwih ... .

a)

Elek

b)

Aneh

c)

Akeh

d)

Endah

2.

Kanggo gawe endah teks supaya endah, nges, lan mentes. Perkara iki klebu ... Basa Rinengga.

a)

Tegese

b)

Ciri-cirine

c)

Tujuane

d)

Jenise

3.

Basa rinengga lumrahe dienggo ana ing ngisor iki, KEJABA ... .

a)

Buku sastra

b)

Upacara adat

c)

Ing Sekolah

d)

Wayang purwa

4.

Ana akeh jinise basa Rinengga, ing antarane yaiku ... .

a)

Tembung Kriya

b)

Tembung Lingga

c)

Tembung Saroja

d)

Tembung Kahanan

5.

Tembung "Lara lapa" kalebu jinise tembung apa?

a)

Tembung Saroja

b)

Tembung Garba

c)

Tembung Entar

d)

Tembung Kriya

6.

Tina iku areke mata dhuwitan. Mata dhuwitan tegese ... .

a)

Areke dhuwite akeh

b)

Srakah marang dhuwit

c)

Ora seneng karo dhuwit

d)

Seneng ngguwak dhuwit

7.

Rong tembung sing digabung dadi siji nanging kudu ngurangi jumlah wanda (suku kata) diarani tembung ... .

a)

Garba

b)

Saroja

c)

Entar

d)

Kriya

8.

Ing ngisor iki sing klebu ukara pakon yaiku ... .

a)

Le, sinaua sing sregep supaya pinter!

b)

Dan, kowe arep dolan menyang endi?

c)

Bapak badhe tindak dhateng pundi?

d)

Bin, saiki awakmu lagi mangan apa?

9.

Jenise ukara kang kanggo nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat lan gumun diarani ukara ... .

a)

Pakon

b)

Pitakon

c)

Panguwuh

d)

Andharan

10.

Hore aku arep ditukokake Bakso! Ukara iki kalebu jenis ukara ... .

a)

Pakon

b)

Pitakon

c)

Andhahan

d)

Panguwuh

11.

Ukara Pakon biasane dipungkasi/diakhiri nganggo tandha wacan apa?

a)

tanya

b)

koma

c)

seru

d)

titik

12.

Ing ngisor iki sing diarani tandha wacan pitakon, yaiku ... .

a)

.

b)

,

c)

!

d)

?

13.

Horee... aku oleh biji satus! Ukara panguwuh iki ngandharake rasa ... .

a)

Susah

b)

Sedhih

c)

Seneng

d)

Nelangsa

14.

Ukara andharan iku uga diarani ... .

a)

kalimat tanya

b)

kalimat perintah

c)

Kalimat berita

d)

kalimat langsung

15.

Wulan iki wulan Agustus, akeh lomba-lomba virtual ing sekolah. Ukara iki kalebu ukara ... .

a)

Pakon

b)

Pitakon

c)

Panguwuh

d)

Andharan