NEW
Font size
WorksheetsBASA JAWA QUIZ 1
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Sesorah yaiku micara utawa matur (ngomong) ing ... . wong akih kanthi ancas tartamtu
samburine
sangarepe
panggonan
acarane
Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dateng kula panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kula panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan menika kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Perangan sesorah ing dhuwur jenenge ... .
salam pambuka
salam panutup
purwaka basa
wasana basa
Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi kula mugi – mugi sasampunipun kula sakanca medal saking pawiyatan mriki rayi kula kelas I dugi kelas V sageda dados siswa – siswi ingkang tansah mbangun turut dhumateng Bapak saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang pinter saha kreatif.
Perangan sesorah ing dhuwur jenenge ... .
surasa basa
salam panutup
purwaka basa
wasana basa
Wasana, mekaten atur kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas VI sedaya, mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Perangan sesorah ing dhuwur jenenge ... .
surasa basa
salam panutup
purwaka basa
wasana basa
Ancas sesorah kanggo nampa rawuhe tamu jenenge ancas ... .
atur panglipur
atur pambagya
aweh pawarta utawa kabar
pangajak
Ancas sesorah kanggo aweh hiburan jenenge ancas ... .
atur panglipur
atur pambagya
aweh pawarta utawa kabar
pangajak
Ancas sesorah kanggo menehi kabar jenenge ancas... .
atur panglipur
atur pambagya
aweh pawarta utawa kabar
pangajak
Ancas sesorah kanggo pangajak-ajak jenenge ancas
atur panglipur
atur pambagya
aweh pawarta utawa kabar
pangajak
Kula jumeneng wonten ngriki badhe medaraken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kitha sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah satunggaling upaya ingkang utami kangge nyegah maneka penyakit.
Isi sesorah ing dhuwur matur bab ... .
kamardikan
karesikan lingkungan
sumpah pemuda
perpisahan murid kelas VI
Karesikan lan kaendahan lingkungan saged kitha tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kitha tresnani punika, supados pikantuk dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan kepenak. Karesikan lan kaendahan lingkungan sekolah saged ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun sedya, nyapu lingkungan sekolah kanthi piket kelas kang tumata, nata sepatu utawi sandal wonten rak ingkang tumata.
Tumindak (perbuatan) kanggo njaga karesikan lan kaendahan lingkungan sekolah miturit isi sesorah ing dhuwur yaiku ... .kajaba (kecuali) ... .
buwang sampah ing panggone
nyapu kelas
buwang bungkus jajan ing njero kelas
nata sepatu lan sandhal ing rak
