NEW
Font size
WorksheetsPTS_B.JAWA9_GASAL
Total questions: 40
Worksheet time: 45mins
Ing ngisor iki paraga wayang Ramayana kang sinebut uga kethek putih, yaiku ....
Basa kang digunakake ana ing Kitab Ramayana yaiku ....
Basa Pallawa
Basa Sanskerta
Basa Jawa
Basa Thai
Ramayana asale saka tembung rama lan yana.
Yana tegese ....
pangumbaran
pitakonan
nyenengake
nyedhihake
Crita Ramayana iku ana sapta kandha. Sapta kandha tegese ....
4 kitab
5 kitab
6 kitab
7 kitab
Crita Ramayana ing Indonesia ginambarake ana ing relief candi ....
Prambanan lan Panataran
Prambanan lan Borobudur
Borobudur lan Panataran
Borobudur lan Mendut
Nalika Rama dibuwang ing Alas Dhandhaka, Rama didherekake adhine kang asmane ....
Satrugna
Lesmana
Bharata
Anggada
Kesenian iki sanajan wis ninggal jaman kencana rukmine, nanging isih bisa kita temoni ing satengahe masyarakat.
Tembung kencana tegese : .....
kuna
biyen
watu
emas
Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.
Pesan moral kang kinandhut ing crita.
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.
Tata urutan lumakune crita
Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....
Tema
Alur
Latar
Amanat
Sumber crita wayang asale saka ....
Tanah Jawa
Indonesia
India
Arab
Serat Wulangreh iku kaserat dening....
Sunan Paku Buwana I
Sunan Paku Buwana II
Sunan Paku Buwana III
Sunan Paku Buwana IV
Panulise Serat Wulangreh arupa.....
Tembang
Geguritan
Syair
Pantun
Ing Serat Wulangreh, saben ....tembang ngemot isi pitutur kang migunani
tegese
pupuh
judul
tema
Pamedare wasitaning ati. Tembung ati tegese....
mripat
irung
kuping
manah
Cumanthaka aniru Pujangga...tembung cumanthaka nduweni teges....
Nekat
Niru
Lancang
Manut
Nanging yen sira nggeguru kaki. Tembung "sira" tegese......
Sliramu
Aku
Kula
Dalem
Angel temen ing jaman samangkin. Tembung "samangkin" nduweni teges....
Biyen
Dhek wingi
Suk mben
Saiki
Titikane tembang Dhandhanggula yaiku cacahe gatra ana....
10 gatra
9 gatra
8 gatra
7 gatra
Watake tembang Dhandhanggula yaiku...
Sedih, nelangsa
Luwes , seneng
Prihatin, rekasa
Bungah, nelangsa
"Dhahat mudha ing batine" guru wilangan lan guru lagune yaiku.....
6e
7e
8e
9e
Sasmitaning ngaurip puniki. Tembung "sasmita" nduweni teges....
Pralambang
Tumindhak
Ngaurip
Pranata
Sasmitaning ngaurip puniki. Tembung "sasmita" nduweni teges....
Pralambang
Tumindhak
Ngaurip
Pranata
Ing jaman saiki akeh wong kang.....lan arang kang manut
Njaja kasugihane
pamer kaluhurane
pamer kapinterane
njaja ngelmune
Wong urip ing jaman saiki kudu ngati ati lan tansah manembah ing ngarsaning Gusti kareben .....
Nampa bandha kang akeh
Antuk jabatan kang dhuwur
Tansah eling lan ngaturake panuwun dhumateng Gusti
Lali marang asale
Serat Wulangreh ing jaman biyen kaloka banget. Tembung "kaloka" nduweni teges....
Pilihan
Gedhe banget
Kawentar
Anyar
'Nora kena den awur' Tembung nora tegese....
iya
Gawe
Lunga
Ora
Budi pekerti kuwi samubarang tumindak utawa laku kang linandhesan ...
Ilmu
Akal
Nalar/ pikiran
Insting
Lumrahe tembang dhandhanggula iku ngemot ...
Pitutur
nepsu
sifat brangasan
prihatin
Sing dimaksud guru lagu yaiku ...
Tibaning swara vokal ing pungkasaning pada
Tibaning swara konsonan ing pungkasaning gatra
Tibaning swara vokal ing pungkasaning gatra
Tibaning swara konsonan ing pungkasaning pada
Guru lagune tembang dhandhanggula yaiku ....
i, a, i, u, i, a, u, a, i, a
i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
i, a, u, u, i, a, u, a, i, a
i, a, o, u, i, a, u, a, i, a
Guru wilangan tembang dhandhanggula yaiku
10, 10, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12, 7
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
10, 10, 7, 8, 9, 7, 6, 8, 12, 7
10, 10, 7, 8, 9, 6, 7, 8, 12, 7
“Kang pranyata nora gawe urip mukti” pethikan tembang kasebut guru wilangan lan guru lagune ...
10 i
12 u
10 u
12 i
Tembang ing dhandhanggula nduweni watak ...
Guyon, parikan
Sedhih, getun
Gandhes/manis, luwes
gandrung, prihatin
Bilahi ing pungkur. Tembung bilahi tegese
sumpah
cilaka
seneng
ala
Tembang kang pas kanggo swasana asmara sing sedhih marang wong sing ditresnani yaiku
Maskumambang
durma
asmaradana
pucung
Tembang macapat kang diibaratake wes nemokake pasangan urip yaiku
kinanthi
gambuh
dhandhanggula
pangkur
Tembang sing trep/cocog kanggo swasana sedhih, umpamane ditinggal seda karo wong tuwa yaiku tembang ...
kinanthi
pucung
mijil
megatruh
“Aja sira gumunggung”. Pethikan tembang kasebut guru wilangan lan guru lagune ...
6 u
7 u
8 u
9 u
Sing dimaksud guru gatra yaiku ..
Cacahing gatra saben sapada
Cacahing wanda saben gatra
Cacahing gatra saben satembang
Cacahing wanda saben sapada
Sing dimaksud guru wilangan yaiku ...
Cacahing gatra saben sapada
Cacahing wanda saben gatra
Cacahing gatra saben satembang
Cacahing wanda saben sapada
